Pages

Subscribe:

Thursday 22 March 2012

Rêtna Kasimpar


Dewi Retna Kasimpar adalah putri Prabu Jayaindra, raja negara Tasikmadu dengan permaisuri Dewi Retnawati. Ia mempunyai saudara lain ibu bernama Dewi Retnajuwita, putri prabu Jayaindra dengan Dewi Ceklatoma.
Dewi Retna Kasimpar merupakan satu-satunya wanita di dunia yang memiliki gajah putih dan sekaligus menjadi pawangnya. Gajah putih berpawang wanita/putri ini pernah menjadi persyaratan Dewi Banowati, putri ketiga Prabu Salya dengan Dewi Pujawati/Setyawati dari negara Mandaraka, untuk dapat menerima pinangan Prabu Duryudana, raja negara Astina. Arjuna yang dimintai bantuan oleh keluarga kurawa, berhasil mendapatkan Dewi Retna Kasimpar dan gajah putihnya, setelah lebih dulu mengalahkan Prabu Kurandageni, raja negara Tirtakandasan yang ingin memperistri Dewi Retna Kasimpar.
Dewi Retna Kasimpar kemudian menjadi isteri Arjuna. Dari perkawinan tersebut ia tidak mempunyai putra.

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171
1. Sinom
1. lir pradapa tumaruna | kintaka sinung kakawin | mamrih wilêting carita | sêngsêma kang anupèksi | mirit caritèng nguni | pinèt jêjêring pamuwus | Sang Prabu Jayapitana |[1] nawèng[2] Ngastina nagari | binathara maksih jêjaka sang nata ||
2. narendra langkung kawasa | bôndha-bandhu kadang sami | satus kadange Kurawa | sami prawira sinêpi | mung sajuga kang putri | sumêla langkung ingugung | Sang Dyah Trusilawatya | kalangkung sulistyèng warni | warnanira kadya kancana rinêngga ||
3. anuju sawiji dina | sang nata lênggah tinangkil | Sang Prabu Jayapitana | siniwèng wadya gung alit | nèng dhamparira rukmi | samana kang marêk ngayun | kang paman Arya Gandara |[3] wasesa môngka pêpatih | tuwanggana sagunging wadya Kurawa ||
4. julig pangrèhing ukara | wasi[4] nandukkên mêmanis | limpat mring karti sampeka | widagda ing agal alit | kapering kering aji | Pandhita Durna Sang Wiku | mumpuni saliring guna |[5] putus kaprawiran sakti | sang awipra dadya brahmananing praja ||
5. ginuron sakadang nata | marma Kurawa sinakti | tinungkulan guronira | Pandhita Durna linuwih | saking sabrang Sang Rêsi | Baratwaja kang sêsunu | pandhita mêsubrata | wicaksana ing pangagsi[6] | marmanira Ngastina praja minulya ||
6. akèh praja kang kuncara | kang kasôngga ing pratiwi | kayoman ing ngôntariksa[7] | kasongan [ka...]
— 2 —

[...songan] surya lan sasi | tan ana kang nyênyami | anglir Ngastina praja gung | kuncaraning kang praja | pasir wukir loh jinawi | gêmah ripah sapraja tan ana kurang ||
7. sabala santananira | ingugung karsane sami | dening Prabu Duryudana | kalaban dananing aji | ala ayu sinung sih | kabanjiran sihing prabu | mili kadya narmada | marma ciptanira sami | gung susêtya tadhah karyanirèng nata ||
8. supênuh samya aniwa | balabar lir jalanidhi | aglar anèng panangkilan | praptèng ngalun-alun radin | ingkang samya anangkil | sumungku ngarsa sang prabu | mulat nayaning nata | kadya anawung rudatin | marma sidhêm tanna sabawa kapyarsa ||
9. amung kumandhanging swara | sagung wadya juru rugmi[8] | pukulira sêsauran | pating carêngkling kapyarsi | lawan kang pandhe wêsi | karya gêgamaning pupuh | kancana rêngganing pura |[9] pêksi êngkuk anyalahi | nèng karoya karya asrining kang swara ||
10. tistis ing nala karasa | rasaning nahên rudatin | bela labuh sri narendra | dènira nawung wiyadi | tan adangu sang aji | ngandika marang sang wiku | dhuh bapa Sokalima | kadiparan kang panggusthi | pundhutane bêbana Sang Banowatya ||
11. langkung lôngka ngayawara | baya tat[10] bisa pinanggih | gajah seta srati kênya | karya pangaraking benjing | lamun tan antuk yêkti | ingsun datan sida dhaup | lawan rêtnèng
— 3 —
Mandraka | waruju Dyah Banowati | matur aris pandhita ing Sokalima ||
12. pukulun sampun kageyan | karoban tyas walangati | nahên paduka wus duta | nimbali marang Pamadi | kalamun anyagahi | pundhutan paduka tuhu | pasthèkna yèn antuka | watak Pandhawa ing nguni | lamun sagah binantu para jawata ||
13. nulya kasaru praptanya | Kartamarma kang tinuding | marang Ngamarta nagara | nimbali Radèn Pamadi | samana laju kerit | sigra dènnya nguswa suku | Sang Prabu Suyudana | kalangkung sukaning galih | gya rinangkul lungayaning Sang Arjuna ||
14. sinambrama ing pambagya | ingêla-êla mêmanis | adhuh yayi ariningwang | tuhu kêkasih dewadi | wong bagus amrak ati | trêsna mring kadang satuhu | prawira widigdaya | baya basuki ing margi | praptanira anèng Ngastina nagara ||
15. Arjuna matur wotsêkar | pukulun sabda kakaji | tuhu rahayu ing marga | prabawa saking sang aji | ingkang ulun pêpundhi | dadya kayuwanan ulun | arinta pun Arjuna | agita dupi atampi | lir tinundhung dhawuh rinta Yudhistira ||
16. ing mangkya sampun sumewa | anèng ngarsa padukaji | cumadhong ingkang kinarsa | dhatêng arinta sayêkti | ulun namung sadarmi | lumakya nêkani tuduh | paduka sri narendra | labuh lara praptèng lalis | gya rumangkul mring ari Sri Suyudana ||
17. adhuh-adhuh ariningwang | kang satuhu
— 4 —
wong asigit | ingsun ora bisa nômpa | sihira marang wak mami | datan pisan ri mami | sun pundhut lara lan lampus | pudyaningwang ring dewa | basukinira lumaris | minangkani apa sapamintaningwang ||
18. wruhanira ariningwang | ingsun anahên wiyadi | arsa krama mring Mandraka | antuk Sang Dyah Banowati | nanging mawa pêpanggil | têmbe lamun ngarak ingsun | nitiha gajah seta | kalawan kang srati putri | bêbanane sang rêtna tan kêna cidra ||
19. pamawase bapa Durna | mung sira ingkang mungkasi | dhuh-dhuh yayi ariningwang | minta pasumbang wak mami | benjang kalamun bangkit | bisa krama raganingsun | minta apa ta sira | môngka wêwalêsing kardi | dhuh Arjuna muga tulungana ingwang ||
20. mangkana wau Sang Parta | nalikanira miyarsi | ngandikaning raka nata | anglamar mring Banowati | kumênyut jroning galih | ketang duk sami pulangyun | anggung langên asmara | anutug ing sabên ratri | sru karasa sihira marang sang rêtna ||
21. sakala kadya nyêgaha | karsaning raka sang aji | nanging èngêt sanalika | kudanganing Manduraji | Basudewa Sang Aji | duk prapta kamuksanipun | dadya matur Sang Parta | sandika arsa lumaris | pamit sigra cinêgah kinèn rèrèha ||
22. andikaning Duryudana | adhuh Parta ari mami | karsaningsun tan kasêsa | rèrèha watara ari | onêng ingsun sayêkti | durung marêm apêpangguh | paran kudu mangkata |
— 5 —
dahat kogêl ingsun yayi | marang sira durung ngaso sigra budhal ||
23. wotsari aris aturnya | Sang Parta marang sang aji | gampil dhuh kakang pinanggya | wuri kalamun wus panggih | pundhutanira sang dèwi | paduka sampun adhaup | kalawan sang lir rêtna | Mandraka Dyah Banowati | tan sandea ulun tumamèng wiwaha ||
24. sang nata suka miyarsa | aturing ari sang pêkik | dadya laju jinurungan | ing pudyabasa astuti | wus nguswa pada aji | miwah marang Sang Awiku | Dhanyang Druna sru mojar | adhuh kulup anak mami | pudyaningwang rumêksa ing lakunira ||
25. muga antuka ing karya | saking sihirèng dewadi | rakanira sri narendra | bisa dhaup lan sang putri | gya mundur sang apêkik | saking ngabyantara prabu | wus laju lampahira | tinut parêpatnya katri | gya kinocap kang kari ing sitibêntar ||
26. Sang Prabu Jayapitana | nulya dhawuh marang patih | hèh-hèh paman ing Gandara | aywa ngandêlna sawiji | sira paman diaglis | sumusula maro laku | lawan sutanta samya | kadang Kurawa pinilih | ngupayaa bêbanane risang rêtna ||
27. gajah seta srati kênya | aywa kongsi datan olih | anêmbah matur sandika | Arya Sangkuni gya mijil | jêngkarira sang aji | sigra tumamèng kadhatun | wus panggih lan bunira | nênggih Sang Dèwi Gêndari | miwah ari Sang Rêtna Trusilawatya ||
28. sami lênggah madyèng pura | sigra wêwarta sang aji | marang ibu sang lir rêtna |
— 6 —
kalamun nata wus nuding | ing ari Dyan Pamadi | miwah Sangkuni ing laku | ngupaya pundhutannya | wau Risang Banuwati | gajah seta ingkang surati wanita ||
29. lêga tyasira sang rêtna | dupi miyarsa aturing | putra Prabu Suyudana | sinigêg sajroning puri | gantya ingkang winilis | Patih Sangkuni wus pangguh | kalawan para putra | anèng paglaran prasami | nungsung warta dhawuhira sri narendra ||
30. Dursasana suraweyan | lir prakêmpa swara atri | kumruwuk para Kurawa | ngarubung marang kya patih | samya tanya pawarti | baya ana karyanipun | dhawuhirèng narendra | wuwusira kyana patih | mêgap-mêgap kasompok wuwus pra putra ||
31. adhuh para putraningwang | dirèrèh ingkang aririh | tan ana labêt ing baya | kadangira narapati | dene tandange sami | grusa-grusu kaya asu | mambu dhèndhèng bakaran | kumrubut arsa angutil | rungokêna sun warah ingkang pratela ||
32. rakanira sri narendra | ratu binatharèng bumi | kaping pira arsa krama | datan kalakon sayêkti | tur sugih êmas picis | kadang santana angrubung | inguja sakarsanya | tan ana labuh sang aji | êndi baya labuhira mring narendra ||
33. kaping tri praptaning mangkya | ngalamar marang Sang Putri | Banowati ing Mandraka | kari waruju ing mangkin | linacak wiwit nguni | kang pangarsa Sang Rêtnayu | Kusuma Erawatya | tumêka Dyah Surtikanthi | tan kalakyan [kalakya...]
— 7 —
[...n] samya rinêbut ing liyan ||
34. ing mêngko Dyah Banowatya | darbe bêbana sang putri | luwih elok pundhutannya | gajah seta srati putri | mau rakanta uwis | minta sraya karyanipun | arinta Si Pamadya | kinèn ngupaya sayêkti | pundhutane mau Sang Dyah Banowatya ||
35. nanging ingsun pan dinuta | anganthi sira nak mami | ngrangkêpi lakune padha | ngupaya kang tibasampir | aywa kongsi tan olih | salah siji kang lumaku | mara nuli dandana | sapratêlon anak mami | Dursasana sagolongira prasamya ||
36. gadgadèng tyas para putra | anêmbang têngara muni | wadyanira sowang-sowang | ingkang piniji lumaris | sakala wus bathithit | turangganira mangayun | pating balêkèr swaranya |[11] budhal panganjuring jurit | tinindhihan sagung para rajaputra ||
37. Patih Sangkuni nèng wuntat | nitih kudanira langking | pinayungan kêrtas pita | ginarêbêg para mantri | Plasajênar akêrig | garubyug ing lampahipun | wus laju lampahira | mijil sajawining nagri | pan sinigêg gantya kang nandhang asmara ||
2. Asmaradana
1. kocap Sang Raksasa Aji | Timbultaunan nagara | kalangkung gêng myang luhure | sura sakti môndraguna | parabira yaksendra | Kurandhagni Sang Aprabu | anandhang lara asmara ||
2. kataman wiyôga kingkin | saking supênèng narendra | kadya panggih sayêktine | kalawan putrining nata |
— 8 —
Tasikmadu kang praja | Rêtna Juwita ranipun | parabira sang kusuma ||
3. samana nata gya mijil | nimbali pêpatihira | lawan sagung punggawane | anèng jroning dhatulaya | kya patih pamanira | wasta Yagsawagawasru | sinung wikan ing narendra ||
4. supênanira sang aji | wiwitan praptèng wêkasan | têmah langkung pangungune | samana sigra yaksendra | dhawuh karya kintaka | marang Kasendra Sang Prabu | amrih panglamar putrinya ||
5. Rêtna Juwita Sang Dèwi | kalamun kêna arisan | paran dadya pundhutane | kalamun kêkah sang nata | arsa pinrêp ing yuda | kyana patih sru jumurung | wus dadya ponang kintaka ||
6. anulya mundhut sang aji | punggawa ditya pilihan | têtiga kang arsa mangke | tinuduh ngampil nawala | saksana wus sumewa | raksasa katri gul-agul | pilih bobot yudanira ||
7. awasta Sang Kalasrênggi | Kalakathuwa kalawan | awasta Kalakarègèl | wasis ulah ngindrajala | laku manamur bala | samya winêling kang laku | sandika pamit sakala ||
8. mundur ditya manggala tri | undhang panêkare samya | kumrap siyaga lampahe | tan antara nulya budhal | lampahe wadya yaksa | samarga-marga ru-biru | marang padesan gegeran ||
9. dupi ngambah jajahaning | jawining Timbultaunan | nasak wana jurang pèrèng | kongsi prapta wangkit praja | Tasikmadu nagara | wadyanira kinèn tunggu | nèng wana jawining [jawi...]
— 9 —
[...ning] praja ||
10. mung priyôngga Kalasrênggi | manjing nagara sakala | mangkana wau sang katong | Kasendra Sri Naranata | lênggah siniwèng wadya | ingkang kaparêk ing ngayun | sutendra Radyan Kasena ||
11. nêdhêng samya imbal angling | kasaru praptaning duta | sigra sumewa ngarsane | Kalasrênggi tanpa taha | mêndhak-mêndhak lampahnya | ingawe kinèn alaju | prapta parêk ing ngarsendra ||
12. wus lênggah matur wotsari | nêtêpi sarèhing duta | dhuh pukulun jêng pamase | kawula dinutèng lampah | putra paduka nata | Kurandhagni Sang Aprabu | Timbultaunan nagara ||
13. sapisan tur pudyastuti | katura paduka nata | nahên ingkang pênggalihe | ngaturakên kang nawala | patra katur paduka | kintaka anulya katur | tinampèn sang rajaputra ||
14. Dyan Kasena kang nampèni | binuka nulya winaca | nênggih wau surasane | kintaka kanthi pamudya | pangastuti kawula | Kurandhagni Sang Aprabu | Timbultaunan narendra ||
15. prakosa asura sêkti | digdaya prawirèng laga | angrèh raksasa balane | katura rama narendra | Risang Prabu Kasendra | kang maharjèng Tasikmadu | mugi sinambadanana ||
16. saking karsaning dewadi | putranta Rêtna Juwita | arsa ulun êmong dhewe | dadia timbanganingwang | anèng nagri manira | Timbultaunan praja gung | ngrênggani sèsining pura ||
17. paran ta bêbana aji | ulun linilan angarak | marêk paduka pamase | kalamun datan kapadhan |
— 10 —
wau atur kawula | lah dèn santosa ing kewuh | tan wande pinrêp ing yuda ||
18. mangrurah prajanta yêkti | aywa kagyat praptaningwang | arsa sun tumpês yêktine | samana sri naranata | nalika amiyarsa | wêcaning srat kang kadyèku | kabangan sajroning driya ||
19. nulya pasrah mring putraji | Radyan Kasena awêca | marang yaksendra dutane | hèh duta matura sira | marang ratumu benjang | kadang ingsun sang rêtnayu | tan arsa tinuku brana ||
20. rajapèni êmas picis | nanging tinukua ing prang | kang dadya banjir maruse | gatgadèng tyas ditya duta | matur sagah sakala | ngaturi kêncèngan pupuh | gya kinèn mêdal ing jaba ||
21. rajaputra anututi | lan patih sawadyabala | Tasikmadu sadayane | nata kondur manjing pura | ya ta wau kocapa | Jayalukita agupuh | amêpak wadya siyaga ||
22. ing yuda budhal tumuli | prapta sajawining praja | Kalasrênggi lan wadyane | sinung warta lampahira | nulya samya samapta | amapag ing yudanipun | kang mijil saking jro praja ||
23. dèrèng dangu dènirangling | katungka wadya jro praja | dadya pêthuk ing prang rame | barubuh rusuh tandangnya | yudane yaksa samya | anubruk nimpar anaut | rusak wadyabala janma ||
24. pêpulih punggawa mantri | manggalane jro nagara | tinadhahan ditya kabèh | dangu-dangu samya linggar | katèmpêr yudanira | umangsah [u...]
— 11 —
[...mangsah] Sang Mantri Ngayun | Jayalukita ing yuda ||
25. miwah risang rajasiwi | Radèn Kasena yudanya | angantêp mangsah kalihe | Kalasrênggi kang tumadhah | gambira solahira | kalangkung suka ing pupuh | magila-gila tandangnya ||
26. dangu yudanira kalih | karepotan ing tangkêpnya | dadya mundur sawadyane | binujung wadya raksasa | praptèng têngahing wana | kèndêl wau kang ambujung | ditya sami masanggrahan ||
27. kondurira rajasiwi | umatur ing rama nata | kalamun kasor yudane | mangkana Prabu Kasendra | kang putra gya dinuta | kinèn mèt sarayanipun | kang bangkit ngêntasi karya ||
28. nyirnakkên ditya kang maksih | tugur anèng jawi praja | dyan putra sandika ture | kinanthèn rèkyana patya | sigra lèngsèr lampahnya | kalihira namur laku | andhandhang wêkasing karya ||
3. Dhandhanggula
1. gantya ingkang pinurwa ing kawi | lampahira Sang Pandhutanaya | kalawan katri prêpate | budhalira sang bagus | nguni saking Ngastina nagri | wus lingsir diwangkara | prapta têpisipun | ing praja suruping surya | lêrêm anèng desa pinggiring nagari | andungkap tarataban ||
2. kawuwusa ing ratri sang pêkik | sru kagagas onênging wardaya | marang putri Mandrakane | Banowati Sang Ayu | kasatmata anèng pangèksi | gumawang jroning nala | katon citranipun | mêlok lir wulan purnama | katawênging ing ima-ima kang nipis | têtasik lêlamatan ||
— 12 —
3. sru kagiyuh wiyoganing galih | Sang Arjuna kadi tan kawawa | anahên rasa kingkine | mung ketang sang rêtnayu | moblong-moblong kadya nakêti | arsa mungu kang nendra | kagyat sang abagus | guragap wungu asonya | langkung ngungun dadya bingung angrêrêpi | karya panglipur driya ||
4. putêking tyas daruna gêng kingkin | kagunturan ing krama sarkara | kelut kalimput angêne | nir kabudayanipun | lir kataman ing astra bahni | brastha tanpa upaya | puwaragung wuyung | wahya wiyadining driya | driyasmara maripih marêk ngênèni | nangsaya mawèh brôngta ||
5. ingimur-imur saya mrêpêki | pan linali saya angalela | lênge ing tyas angalèlèh | paran wasanèng gandrung | de kadêrêng darung kapati | kapatuh ing pantaka | pan têka kadarung | kadrawasaning gung rimang | rêming netra satata amikatoni | kuninge dyah kotama ||
6. taman-tuman tumontoning rêsmi | rêsêping tyas ing rêspatènira | nêkakkên langên asrine | sor kang angsana tunjung | tunjung merang marang maskwari | arka salu mawana | kucêm warnanipun | sari-sari sabawana | kasangsaya lan sira rêbut mêmanis | manungsung angsung gônda ||
7. gônda arut tinumrapkên maring | wandanira sumrambah warata | sumrik-sumrik sarandune | kongas mangêkês ing kung | madu-madu mathi sabumi | bubar padha tumêka | tumpêk-tumpuk sungsun |
— 13 —
sêsêg anèng sariranta | kumarane kumêrap amrabawani | sangsaya wèh wiyoga ||
8. miwah lidhah lawan kilat thathit | apêpanthan pan samya anuksma | anèng liring ta rêmêne | marma lamun tumanduk | lir angganing sari sakalir | lumarap ngalap jiwa | lir juwitaningrum | sumawana surya côndra | myang kartika prabane amaratani | marang wadananira ||
9. sotya-sotya mustika di-adi | jagad raya wus ngumpul sadaya | dumunung tyasira anggèr | kuntap ngumala mrêdu | kasusilanirèng pawèstri | lan trêptining akrama | teja lan kêkuwung | kawangwang nèng imbanira | mêmanoni nênangi onênging ati | ananing sariranta ||
10. pradapaning ingkang taru rêsmi | raras rume lumarap mring sira | wus surêm ngalih warnane | sumirat wor ing tutuk | tuntung rêta ngrêrontog ati | sêsotya myang mutyara | cahyane sumuyut | cumandhi nèng wajanira | narawungi lir pendah tètèsing warih | kengis ngasmarèng cipta ||
11. alêlungan lêlangining langit | anganglangi lumênging ing kisma | tumungkul ngukêl sinome | sinatmata wèh trênyuh | trênyuhing tyas rudita gati | swara sangarcapada | kang mradôngga arum | lumêkêt rakêt ing sira | srining swara lir rininging pra apsari | kumênyut nganyut jiwa ||
12. têmah tumplak pêpak mrabawani | tri bawana kumarane mara | marak marang sira kabèh | kambah-kambuh kabrubuh | mring kusuma padha [pa...]
— 14 —
[...dha] andasih | asih angèstu pada | ajrih bok sinêrtu | sinarda kalamun sira | musthikèng rat nadyan Supraba lan Ratih | pantês anyèthi sira ||
13. pakis mudha sêkar awoh tasik | kalunglungan tan ana sinêdya | jalidri ômba godhonge | mung ketang sang mawèh kung | katu alit wungu kang warni | kang balut tur jatmika | bajune dyah tanggung | kuning bentrok maya-maya | sêkar pisang basa kawining nagari | patut musthikèng praja ||
14. sutèng Endra watêsing kang tulis | sun watara janma marcapada | putêr kang tutul murdane | tan ana kang kadyèku | tapas arèn kang senthe wukir | duk kuna jare ana | sanjata pamupuh | putri adi ing Manggada | watang criga têpi wastra kang cinawi | kiraku durung padha ||
15. mênyan seta pangabaran pêksi | salawase sun anjajah praja | pagêr pura pulas jêne | bêbitinge yèn dinus | kakawining kang sêsotyadi | durung tau umulat | ôndakara murub | tangèh mirib warnanira | tambangprana pêlêm alit gônda wangi | urup sun doli karya ||
16. bale nata murwèng darbe siwi | kayaparan têmbe dadinira | gancar wayang upamane | lakone raganingsun | pacêt agung kang suling pêksi | tan bêtah raganingwang | putus ing pangawruh | kang kadi wulan purnama | kêndhal jêram pungkas ingkang bangun enjing | kadêrêng saput [sa...]
— 15 —
[...put] driya ||
17. kongsi enjang datan antuk guling | sayêmpraba prababang nèng wetan | sata wana ting balêkèr | ramya kang samya ngangsu | ngindhit buyung saking ing bèji | Sang Parta lan parêpat | gya siyagèng laku | budhalira saking desa | manjing wana rêpêt-rêpêt bangun enjing | kêkêsing bun tumama ||
18. ambrêngêngêng brêmara mangungsir | sari-sari kang lagya umêkar | lumrèng kisma tinutake | angambar gandanyarum | kêthap-kêthap kang puspa putih | pradapaning kusuma | sumrik gandanipun | karya trênyuhing wardaya | rajaputra ketang rarêngganing puri | sari-sarining tilam ||
19. lir layoning kusuma sang dèwi | gêlung lukar linurah asmara | lêng-lêng ing tyas wau radèn | katêtangi ing wuyung | èngêt kala amangun gati | andon sih-sinihan |[12] kalawan Sang Ayu | Banowati ing Mandraka | nahên waspa Sang Parta osik ing galih | dhuh kakang kayaparan ||
20. paran baya wêkasing dumadi | raya-raya ari angumbara | mung nglabuhi pundhutane | wong ayu karya wuyung | pagenea mawa pêpanggil | datan jarwa maringwang | nguni-uninipun | bok ya minta kang bêbana | patah priya pangarih ingkang awasis | kulina ing asmara ||
21. paran têmbe ganjarane maring | arinira kang narutus wana | anèng jro tilam langêne | apa baya kinungkung | raganingwang anèng jro guling | mangrêpih yudasmara | mamungkasi kayun | sirarsa apalakrama | nora gampang
— 16 —
sun aniwa masku ari | tumamèng jroning tilam ||
22. pan wus lêpas lampahnya sang pêkik | analasak jroning wanawasa | datan karuwan tujune | samarga anggung gandrung | Sêmar Garèng Petruk tan kari | samarga ura-ura | ngayêm-ayêm kalbu | kongsi tumêling kang surya | saya arda sunaring arka nanduki | wèh sumuking sarira ||
23. dadya kèndêl Sang Parta nèng soring | kandhayakan aliyêp lir nendra | kasêrêg saking aripe | ngalèyèh sèndhèn kayu | parpat katri pan samya linggih | rumêksa isthanira | nanging sami ngantuk | ayêm kasiliran samya | samirana mawa gônda wangi-wangi | nduki grananira ||[13]
24. pan sinigêg samana kang guling | jroning wana ana salah rupa | warna sato sajodhone | sardula ingkang jalu | lan tagsaka[14] gung kang èstri |[15] langkung dènnya kalapan | tagsaka amuwus | dhuh lakiningsun wong lanang | ingsun dahat lupa saking sru anglih |[16] paran ingkang kamôngsa ||
25. wus alama dèrèng antuk bukti | pagenea sira dadi priya | datan graita galihe | ngayomi rabinipun | dêstun têmên adadi laki | kongsi lupa wak ingwang | sira tan andulu | apa baya sira tega | kongsi ingsun nandhang lapa angêmasi | dêstun têmên ta sira ||
26. tangisira tagsaka ngranuhi | nguman-uman marang lakinira | sardulagung suwargane | runtag karantèng kalbu | saking wêlas mulat kang èstri | dadya pamit ngupaya | mèt mangsan
— 17 —
pakantun | anurut nungsung lampahnya | samirana kang mawa gandaning janmi | sumêbut nilar somah ||
27. sang tagsaka tan tega tut wuri | anggalêsêr nurut tapakira | cakaring priya labête | mangkana sardulagung | praptèng prênah kang samya guling | janma catur sor wrêksa | kalangkung angungun | dadya sadhêpêk nèng wuntat | anakêti Ki Lurah Petruk marêngi | mulèt anggrayang wuntat ||
4. Pangkur
1. duk anggêpok badanira | sima kèndêl Ki Petruk kang anjondhil | anglirik wuri gya jumbul | malumpat gêgulungan | gêrêng-gêrêng sardula maksih anunggu | Garèng kagyat myarsa swara | malerok nuli ningali ||
2. ana lorèng-lorèng têngga | amrangangah cangkême gêgilani | anyêndhal Sêmar marucut | tan kangkat gya tinilar | kadhungsangan palayune numbuk-numbuk | gumêtêr angundang-undang | dhuh rama bêjamu prapti ||
3. ana tumpêng mara-mara | abang irêng putih kuning ngajrihi | baya iku karêmamu | wong tuwa karêm nendra | pasthi sira bokongmu ingkang sagumuk | Sêmar mirêng lamat-lamat | kagyat tyasira gya tangi ||
4. nolèh wuri wus waspada | lamun ana kang tunggu salah warni | Sêmar tan bisa lumayu | kesodan suraweyan | tanganira ngawe-awe jaluk tulung | Garèng Petruk binêlukan | nanging tan ana nulungi ||
5. parêpat katri wus mentar | nora eling dènnya rumêksa gusti |
— 18 —
mangkana Sang Pandhusunu | rayam-rayam miyarsa | ing swarane panakawan kang lumayu | nging netya sangêt sêpêtnya | saking kapasuk ing arip ||
6. katgada sardula krodha | sigra nubruk Sang Parta angindhani | malumpat amangu-mangu | maksih kêjêp kang netra | mapan dèrèng waspada dènnya andulu | marang kang arsa sikara | sigra anggrayang jêmparing ||
7. gung tinubruk tansah indha | dangu-dangu waspada aningali | niyangkên jêmparingipun | lumêpas kawatgata | jajanira sardula têrusing wadhuk | wus sirna kuwandanira | kasaru taksaka prapti ||
8. kakarsana naut sigra | mring rahadèn asru dènnya ngindhani | jinêmparing sirahipun | pêjah kuwônda sirna | tan adangu babar katon jawatagung | widadiri-widadara[17] | Kumajaya lawan Ratih ||
9. jumênêng sarwi ngandika | ngawe marang Sang Pandhusiwi |[18] Arjuna mulat agupuh | umarêk ngaras pada | gung ngrêrêpa nyuwun aksaning tanduk |[19] awit datan wikan nyata | dene jawata kang kalih ||
10. mèsêm Sang Hyang Kumajaya | anambrama marang Sang Pandhusiwi | katujune sira iku | kang ngluwari ragèngwang | lan rakanta yayi Ratih kalihipun | marmane asalah warna | ingupatan Hyang Pramèsthi ||
11. datan dosa yêkti sira | malah-malah katarima ta ugi | angluwari cintrakèngsun | tuhu antuk panrima | nugra Hyang Wisesa mring sirèku |[20] lah ing mêngko alajua | marang
— 19 —
Tasikmadu nagri ||
12. tulunga sungkawanira | Maharaja Kasendra gung wiyadi | darbe putri loro iku | kang tuwa namanira | Sang Dyah Rêtna Kasimpar kalangkung ayu | Rêtna Juwita taruna | ingkang darbe gajah putih ||
13. kang liman dahat lulutnya | anggraita tyasira kadi janmi | trêsna marang sang rêtnayu | Sang Dyah Rêtna Kasimpar | anèng taman unggyanira sang rêtnayu | kalangkung kalara-lara | ibu kuwalon kang kardi ||
14. sampating andikanira | sigra musna wau dewa lan dèwi | mangkana Dyan Pandhusunu | wus laju lampahira | tan adangu gya kêpêthuk lampahipun | ingkang mamèt srayanira | Tasikmadu Rajasiwi ||
15. sampunnya tanya-tinanya | sami jarwa lampahira sang kalih | Arya Kasena mitêmbung | dènnya aminta sraya | Dyan Arjuna nyagahi pamintanipun | wau kalangkung sukanya | nulya dhawuh marang Patih ||
16. Jayalukita samana | kinèn lampah ngruhuni atur uning | marang rama sang aprabu | dènira minta sraya | antuk karya satriya sudirèng kewuh | pêparab Radyan Arjuna | panêngah Pandhawa yêkti ||
17. kinèn amundhut pêthukan | titihannya kalawan kang prajurit | Jayalukita sumêmprung | tan antara wus prapta | manjing pura Tasikmadu nulya matur | marang Sang Prabu Kasendra | akarya sukaning galih ||
18. sigra siyaga pêthukan | sarêng budhalira saking nagari | datan kawarna ing dangu |
— 20 —
nata siniwèng wadya | nèng paglaran lir amêthuk praptanipun | kang putra miwah kang sraya | kang arsa ingabên jurit ||
19. ambengkas wadya ragsasa | ingkang tugur anèng jawining nagri | tan antara nulya rawuh | risang pinèt saraya | Sang Arjuna kerit laju marêk sampun | sinambrama ing pambagya | dening wau sri bupati ||
20. kalangkung kalinggamurda | panambramanira narapati |[21] tinanya asaling pungkur | Parta ngakên satriya | saking nagri Ngastina kadange prabu | pêparab Radèn Janaka | sigra tinantun ing jurit ||
21. munah satru ditya murka | saking Timbultaunan ingkang nagri | arsa nglamar ing sang ayu | nanging nata tan rêna | darbe mantu ditya nadyan madêg ratu | wus sagah Radyan Arjuna | sang nata suka ing galih ||
22. osiking galih sang nata | yèn apranga kariyin têmah lalis | eman bagus warnanipun | luhung nuli dhaupa | lan putrèngsun nini dèwi mrih pakantuk | yèn bisaa apêputra | tinggal wiji lamun mati ||
23. Sang Parta nulya binêkta | manjing pura panggih lan Pramèswari | Clêkothana Sang Rêtnayu | putra Rêtna Juwita | sigra mêthuk ing raka sang mahaprabu | sêsampunnya tata lênggah | sang nata ngandika aris ||
24. dènira ngupaya sraya | pan wus olèh yayi satriya pêkik | saking Ngastina praja gung | kadange sri narendra | parab Radyan Janaka ingkang pinunjul | manawa [ma...]
— 21 —
[...nawa] nuju tyasira | tan ingsun adu kariyin ||
25. lawan mungsuh ditya ingkang | tugur anèng jabanira nagari | arsa sun dhaupkên iku | kalawan putranira | nini Rêtna Juwita lamun pakantuk | dadya pantês sinaraya | dènira ngadoni jurit ||
26. aturira pramèswara | tan sarujuk lamun dhaup kariyin | têmbe lamun wusing pupuh | gampil sampun kantênan | jayanira ing yuda dadya pakantuk | môngka ganjaran paduka | wit punika lamun lalis ||
27. tan kecalan mantu nyata | putra tuwan botên krama ping kalih | sang nata ngandika arum | bênêr ing wuwusira | karsaningsun kasusu nanging katrucut | wijiling ubayaningwang | datan bisa angingkêti ||
28. pramèswari mêksa kêkah | gya sang nata mundhut lilahing sori | arsa dhinaupkên iku | lawan putra kang tuwa | Sang Rêtnayu Kasimpar nèng taman pungkur | môngka panancang rahadyan | dènnya sinarayèng jurit ||
29. nadyan ing têmbe tiwasa | wus sun têmah antuk bèbèting wiji | mung aja linyok wuwusku | sori sumanggèng karsa | gya Sang Parta binakta mring taman pungkur | panggih Sang Rêtna Kasimpar | siniwèng para mban cèthi ||
30. duk mulat rawuhing rama | langkung gugup mêthuk sigra nungkêmi | ing pada sang rama prabu | dahat jrih ngrêrêpa |[22] lir karuna aturira sang rêtnayu | dhuh kadingarèn jêng rama | paduka rawuh ing ngriki ||
31. bayarsa mundhut jiwamba |
— 22 —
pun Kasimpar tadhah duka sayêkti | sumôngga karsa sang prabu | ulun darmi tumitah | nut ing karsa tan liya paduka tuhu | kang kawasa karya arja | pêjah gêsange wak mami ||
32. aris ngandika sang nata | dhuh sutèngsun tuhu têlênging ati | aywa kajêron ing tyasmu | ingsun arsa akarya | arjanira lamun panuju ing kalbu | wruhanira wêktu mangkya | prajanta nêmu rudatin ||
33. kinêpung wadya raksasa | wadyanira tan ana kang nguwisi | dadi minta sraya ingsun | satriyadi sudibya | saking nagri Ngastina kang luwih bagus | iki anèng wuriningwang | arsa sun dhaupkên nuli ||
34. lawan sira sutaningwang | dimèn mantêp dènira anglabuhi | marang prajanira iku | amunah satru ditya | dèn abisa sira angladèni mungguh | mamrih karênan ing driya | aywa sira walangati ||
35. sang rêtna datan matura | mung sumarah karsanira ramaji | ing pasêmon amituhu | nulya pinaèsana | marang para garwa pangrêmbe sang ayu | pinanggihakên sang rêtna | anèng pura tamansari ||
36. sawusnya anguswa pada | sri narendra kondur marang ing puri | pangantèn tinilar sampun | para sêlir tuguran | anèng taman sadalu datan winuwus | ya ta wau sang pangantyan | kalangkung asih sang kalih ||
37. wuyungira Sang Arjuna | mring kang raka Sang Rêtna Banowati | antuk panglipur satuhu | warnanira sang rêtna | datan têbih lan putri Mandrakanipun |
— 23 —
sarêntêg pangawak dara | maya-maya kadya gadhing ||
38. sinawang lir putran dênta | galak ulat tajêm liringnya manis | netranya balut mawèh kung | imba nanggal sapisan | rema mêmak môndrawila wela landhung | awilis jait kang netra | gapyak gandês lamun angling ||
39. mrak ati tanggap ing karsa | graitane lantip anuju galih | payudara kalih mandul | niris dênta kengisnya | lir purnama wadana nawang sitèngsu | sambada lawan Arjuna | kalênglêng kang samya uning ||
40. kalangkung kalih sihira | kasok sami dènira pulangrêsmi | sang rêtna asih sumungku | marang priya ngawula | langkung ajrih ngêla-êla jro tyasipun | mèngêti wêlinging rama | pinèt saraya ing benjing ||
41. yèn siyang langên ing taman | kalangênan gajahira kang putih | dahat sihira sang ayu | marang kang liman seta | anggraita kaot tan bangkit calathu | kadi kêna pinarentah | tan susah sarana êcis ||
42. sinabdan kewala wikan | Sang Arjuna dadya kalangkung asih | mring gajah seta puniku | uninga yèn gustinya | palakrama lawan satriya linuhung | dahat dènira ngawula | saparan anggung kêkinthil ||
43. kasok sihira sang rêtna | kang dipôngga bangkit anut andasih | saari-ari tan tuwuk | nênggih wau Sang Parta | gung sinungga-sungga pasugatanipun | yèn ratri anggung pasihan | lan garwa apulang gati ||
44. labête satriya tama | tan katungkul [katung...]
— 24 —
[...kul] dèniranggung karêsmin | èngêt kasagahanipun | dinuta mring kang raka | mèt sarana bêbananira sang ayu | wus panggih ingkang sinêdya | mung dèrèng nguwisi kardi ||
45. duk antara pitung dina | pamit marang garwanira sang dèwi | lamun arsa mangun pupuh | munah sagung raksasa | nging kang garwa maksih bondhèti kalangkung | sinamayan yèn kang yaksa | arsa anglut manjing puri ||
46. adrêng ing nala Sang Parta | garwanira sigra ingarih-arih | ingêmban sarwi rinungrum | amatak sêsirêpan | tan adangu nulya sare sang rêtnayu | pinarnah nèng tilamira | siyaga Sang Parta nuli ||
47. kanggêg duk mulat wadana | cahyanira sang rêtna nawangsasi | nanging sinayut ing kalbu | anglès marêk ing nata | matur pamit lamun arsa magut pupuh | cinêgah wus datan kêna | dadya jumurung sang aji ||
48. nata mijil siniwaka | angundhangi wadyanira waradin | kinèn samapta ing kewuh | arsa kinèn ngiringa | yudanira Sang Parta amunah ripu | datan dangu wus samapta | gya budhal bala umijil ||
49. Sang Rajaputra Kasena | lawan Patih Jayalukita ngiring | praptaning jawi wus pagut | lawan sagung danawa | anèng kuwu kagyat sigra mêpak sampun | nasahi wadya jro pura | gora gro swara ngêbêki ||
50. rajaputra gya sêsumbar | lah ta mêngko ditya ingsun pêpanggil | kari sapisan katèngsun |
— 25 —
punagi marang sira | lamun bisa ngalahna sarayaningsun | nuli boyongên sang rêtna | kadang ingsun sang sudèwi ||
51. Kalasrênggi suka myarsa | ngrasa lamun arsa bangkit mungkasi | samya ijèn pêrangipun | dangu têmpuhing yuda | Sang Arjuna binut ing ditya têtêlu | datan kewran solahira | dènnya munah ditya katri ||
52. wus pêjah ditya punggawa | kang têtiga dening katga Pamadi | samana wadyaning diyu | samya krura narajang | parêng ambyuk gêgiro tri swaranipun | Sang Parta angêmbat laras | astra dibya kang pinusthi ||
53. ambrubul jêmparingira | kadya sulung ngêbaki ingkang jurit | sagunging ditya kacundhuk | purna sirna sadaya | mung karucil ditya lumayu umantuk | arsa angaturi wikan | marang ratunira aglis ||
54. wus bubar kang samya yuda | undurira baris manjing nagari | rajaputra kinèn matur | marang rama narendra | Sang Arjuna karasa sajroning kalbu | kasêsa arsa uninga | mring garwa tinilar guling ||
55. lan prêpat anyimpang lampah | nuju marang kang anjog tamansari | sinigêg wau winuwus | sadangunya Sang Parta | akaronsih lan garwanira Sang Ayu | Rêtna Kasimpar kasusra | ujare kang para cèthi ||
56. kayungyun Rêtna Juwita | anggung mothah marang kang ibu sori | minta dhaupa lan tamu | srayanira sang nata | kang nèng
— 26 —
taman Arjuna langkung binagus | ing mangkya wus mangsah yuda | kawarta unggul ing jurit ||
57. kawuwusa pramèswara | gadgadèng tyas sihira marang siwi | ningsêti busananipun | gya têdhak maring taman | arsa nukup putra kuwalon tinêmu | kapêncil anuju nendra | anèng jroning tilamsari ||
58. Clêkothanawati sigra | narik patrêmira nulya pinusthi | Rêtna Kasimpar sinuduk | sakala wus antaka | rah sumêmbur kècèr anèng tilamipun | gya linarak ingkang sawa | cinêmplungkên sumur mati ||
59. ingurugan uwuh sigra | tan katara wangkenira Sang Dèwi | Rêtna Kasampar[23] kang lampus | Clêkothanawati gya | mentar wangsul sêsuci manjing kadhatun | abusana sarwa endah | anggambuh tabêting juti ||
5. Gambuh
1. ya ta wau winuwus | liman seta kang mulat sadarum | solahira Sang Dyah Clêkothanawati | graita dupi andulu | gustinira têmah layon ||
2. gya mêdhot janêtipun | mlayu nginthar ngupaya sang bagus | mêdal saking wangkitira tamansari | kadya anjujul lêlaku | dènnya yuda sang wiranom ||
3. lampahira kapêthuk | lawan Radèn Arjuna sing pupuh | prêpat katri samya mire langkung ajrih | tinarka liman puniku | amêta sumêdya rusoh ||
4. mung Sang Parta kang gupuh | mapagakên liman praptanipun | dupi panggya mêndhak wau liman putih |
— 27 —
tulale anggrayang suku | angêmèk gigire githok ||
5. graita sang abagus | nulya nitih kang liman gya wangsul | prêpat katri tan têbah dènnya kêkinthil | sapraptaning taman laju | anjujug urugan uwoh ||
6. gajah ngubêngi sumur | nulya mêndhak Sang Parta wus mudhun | tlalenira angacung sajroning prigi | katon tetesan rahipun | kumêpyur wau sang anom ||
7. sigra dhawuh mring Petruk | kinèn dhudhah kang uwuh nèng sumur | Nala Garèng anglawani saking nginggil | tan dangu rêsik kang uwuh | sang rêtna katon wus layon ||
8. nulya ngunggahkên sampun | dening Petruk angacung mandhuwur | tinampanan Sang Parta lan prêpat kalih | kang sawa sampun kajunjung | sajabaning sumur katon ||
9. tatunira anêrus | pulung manah labête sinuduk | langkung wêlas Sang Parta dupi ningali | kang garwa ingêmban gupuh | anggung kinuswa sang sinom ||
10. binêkta marêk laju | mring kang rama risang mahaprabu | ing jro pura marêngi nata manggihi | ing putra dènnya umatur | sirnaning ripu sang katong ||
11. dhuh pukulun sang prabu | pan dinuta putranta sang bagus | atur wikan sirnaning ditya tan kari | sadaya wus samya lampus | dening jêmparing sang anom ||
12. kalangkung saktinipun | ing ayuda tuhu sudibyanung | mung priyôngga tan kewran binut ing jurit | anging putranta sang bagus | kasêsa
— 28 —
onêng sang sinom ||
13. awit duk nilar pupuh | putra tuwan tinilapkên nuju | guling anèng sajroning kang tilamsari | sumêlangira sang bagus | bok wungu wau sang sinom ||
14. linglung dènnya angluru | marma gita dènira akondur | langkung suka sang nata dupi miyarsi | aturing putra kadyèku | sirnaning ditya amorot ||
15. miwah ketang kang mantu | langkung sihnya marang sang rêtnayu | dadya aris ngandika sri narapati | layak bae putriningsun | lagi sinihan sakloron ||
16. dèrèng pantara dangu | pan kasaru praptanya sang bagus | sarwi ngêmban sang ayu praptèng ngarsaji | nata kagyat sigra dangu | kumêpyur galih sang katong ||
17. Sang Parta aris matur | wau anèng taman antuk ulun | saking aprang pinapag ing liman putih | mêndhak pinrih numpak ulun | nèng gigir nulya ginendhong ||
18. prapta ing prênahipun | sumur pêjah jroning tamansantun | liman seta angsung sasmita mring mami | angacungkên tlalenipun | marang jro sumur kang kothong ||
19. mung kêbak isi uwuh | myang tetesan ludira tumruntun | nulya ulun dhawuh marang prêpat sami | ambucali kanang uwuh | dupi rêsik ana katon ||
20. layoning wanudyayu | ingêntaskên samana kadulu | putra tuwan yayi dèwi ingkang lalis | tabête tatu sinuduk | jajanira [jajani...]
— 29 —
[...ra] kongsi botol ||
21. samana sang aprabu | duk umulat layone sang ayu | têbah jaja langkung karantan ing galih | waspa marawayan mêtu | gya dhawuh nimbali gupoh ||
22. para êmban lan babu | miwah cèthi sadaya ngalumpuk | duk dinangu ngaturakên pati urip | tan ana wikan satuhu | purwaning sang rêtna layon ||
23. sang nata langkung ngungun | nulya dhawuh pasanggirinipun | hèh sagunging wanita sajroning puri | sapa bisa angsung atur | sanyatane marang ingong ||
24. gêdhe cilik tinamtu | ingsun ganjar busana linuhung | yèn pinanggya iku ingkang amatèni | Rêtna Kasimpar putrèngsun | sun sêmbulèh yêkti kang wong ||
25. sun sudhèt wadhukipun | ingsun ganyang atine satuhu | sakèh janma tidhêm tan abisa muni | ajrih mulat dukanipun | akêrot waja sang katong ||
26. mangkana sang abagus | Dyan Arjuna nyèlèhkên sang ayu | pan pinangku sinundhang saking ing wingking | ngragasuksma tan kadulu | maksih amangku sang sinom ||
27. wus mêsat nulya cundhuk | lawan yitmanira sang rêtnayu | gya binoyong pinanjingakên tumuli | ingusadan tatunipun | waluya jati sang sinom ||
28. nulya nungkêmi suku | marang raka taruna langkung sru | kagyat mulat sang nata têdhak marpêki | amêngkul lungayanipun | miwah angêjum sêsinom ||
29. kumêmbêng waspanipun | adhuh
— 30 —
nini sajarwaa gupuh | sapa ingkang anyikara sira nguni | baya sira bisa wêruh | sang dyah umatur wotsinom ||
30. dhuh pukulun sang prabu | ila-ila yèn dora ing atur | manggih papacintraka tuhu wak mami | kalamun angamu-amu | ing atur paduka katong ||
31. duk ulun maksih turu | kagyat mulat jinambak jêng ibu | arsa anjrit nulya tinukup wak mami | gya sinundêp jaja ulun | kalangkung sakit kang raos ||
32. gya supe gêsang ulun | datan wikan sasolahing laju | kadiparan raka ulun praptèng ngriki | mung supêna raosipun | anèng taman kang kinaot ||
33. nêdhêng lêlangên dulu | nulya prapta putranta sang bagus | anambita mring amba binêkta manjing | anèng wisma alit singup | byar èngêt marêk sang katong ||
34. mangkana sang aprabu | duk miyarsa ature sang ayu | sumung-sumung dukanira marang sori | pranaja malatu-latu | mrangangah kadya ingobong ||
35. gêgêt waja sumêbut | nyangking tlêmpak liniga wus laju | têdhak marang unggyanira Pramèswari | Clêkothanawati nuju | lênggah pribadi ngalosot ||
36. endah busananipun | lêlamatan pupurnya kadulu | lir purnama katawang ing ima nipis | muncar kang cahya sumunu | rumamyang amêlok-mêlok ||
37. sinjang cindhe asêmu | kang sumêkan jingga têpi patut |
— 31 —
sarwi mucang amatak aji pangasih | sarawuhnya sang aprabu | ngêmbat talêmpak sang katong ||
38. wadana sumung-sumung | sru ngandika hèh mêngko patimu | pramèswara kagyat nulya matur aris | pukulun paran abêndu | marang dasih sang akatong ||
39. punapa dosa ulun | mugi karsa dhawuhna pukulun | langkung bagya kawula amanggih pati | kaasta paduka prabu | têtêp bêktining wong wadon ||
40. labuh praptaning lampus | tan kaliya jalaraning lampus | sri narendra pangandikanira wêngis | êmbuh ora idhêp ingsun | salusurên dipun panggoh ||
41. solahira kapungkur | apa ora angrasa satuhu | wus matèni sira marang nini dèwi | Rêtna Kasimpar sinuduk | jajanira kongsi botol ||
42. nulya cinêmplung sumur | ingurugan sagunging kang uwuh | mara inggal apa sira bisa mukir | Clêkothanawati matur | sintên ingkang angsung wartos ||
43. mung lêgane tyas ulun | sangêt têmên gêthinge mring ulun | kadi lênga katiban uncêg wak mami | dene têtêp namanipun | pantês kang biyung kuwalon ||
44. môngka jroning tyas ulun | tan ambeda lan sutamba tuhu | gih punika Rêtna Juwita putraji | kaot tan ngêdên wak ulun | sang nata ngandika songol ||
45. buh takrungu [tak...]
— 32 —
[...rungu] aturmu | nanging ingsun wus datan anggugu | Clêkothana biyas wadana asalin | aris malih aturipun | sumôngga karsa sang katong ||
46. mung lilanana ulun | angabêkti paduka ing suku | môngka wêkas-wêkasaning angladosi | kalilan anulya ujung | amatak aji kinaot ||
47. pangèdhêpan sauyun | panglêrêpan sadaya kaimpun | sêsampuning sang rêtna dènnya ngabêkti | Prabu Kasendra tyasipun | alilih ngandika alon ||
48. kapriye raganingsun | nora môngga andulu rupamu | ya pagene sira bisa anglakoni | dadya juti momor laku | cangkelak wangsul sa katong ||
49. marpêki unggyanipun | Dyan Arjuna lan sang rêtnaningrum | aris mojar marang putra Dyan Pamadi | ora mantala wak ingsun | ibunira môngsa borong ||
50. lila patine ingsun | gya sandika ature sang bagus | nulya dhawuh marang Sêmar miwah siwi | kinèn mêjahana gupuh | sandika aturnya alon ||
51. wong katri angkatipun | marang puri dènira angluru | bêkta dhadhung miwah pênthung alu kalih | marpêki mring unggyanipun | Clêkothana kagyat alon ||
52. tanya mring Sêmar gupuh | winangsulan arsa matrap kukum | kinèn mundhut pati urip marang sori | andikane sang aprabu | tan kêna nginêp linakon ||
— 33 —
53. Clêkothana sru muwus | ora gêlêm ingsun lamun lampus | pinidana sok uwonga raga mami | kajabane sang aprabu | pribadi kang karya layon ||
54. Sêmar mojar asêndhu | tan praduli wong dosa sirèku | ora nana sori miwah pramèswari | ukuman pasthi tinêmu | patinira dening ingong ||
55. Clêkothana tinubruk | nulya mêsat lumajêng sang ayu | dupi têbih mijilkên kasaktèn nuli | warni setan sirah gundhul | mangangas mata malerok ||
56. Sêmar cinakot sampun | gya kantaka mucicil tan emut | pinijêtan Nala Garèng nulya eling | gênti Nala Garèng ambruk | malirik akêjot-kêjot ||
57. Sêmar gugup anyêmbur | setan mêdal Nala Garèng emut | samya mlajêng kalihira angunduri | mring unggyaning Lurah Petruk | winangsit wadining kewoh ||
58. mangkrak krodha Ki Petruk | wis lungaa aku kang tumangguh | nora liya tandhinge kêkasih mami | dak ayonane puniku | Sêmar Garèng nulya ngêdoh ||
59. Petruk nulya angêbuk | ing wêtênge pan sarwi anguwuh | hèh Si Kendho ana gawe sira iki | mêtua bêbantu pupuh | jlêg katon kang aran Kendho ||
60. kinèn amêthuk gupuh | Kendho mangsah ing yuda akiwul | aprang lawan setan lundhu topèng rêgis | dangu dènira
— 34 —
apupuh | Klunthungwaluh têmah kasor ||
61. anggêbrak unduripun | ngungsi marang ibune atutur | lamun kawon yudanira nunggal asli | kawon sêpuh prênahipun | marmanira dados tablong ||
62. Clêkothana angungun | nulya yitna narik patrêmipun | setan Kendho ajrih lumayu anggêndring | tutur marang Lurah Petruk | yèn mungsuhe wus alolos ||
63. ing mêngko biyangipun | aku wêdi mênèk dipun jamu | sigra manjing Ki Kendho marang kanthong lit | Ki Petruk mangsah agupuh | mawa pênthung alu bengkong ||
64. Clêkothana angacung | ngagar-agar patrêmira dhuwung | gya pinênthung dening Lurah Petruk aglis | githoke tugêl gumlundhung | kapisanan nulya layon ||
65. wus katur sang aprabu | binarsihan kang layon linarung | sri bupati lênggah lawan Dyan Pamadi | Rêtna Kasimpar nèng ngayun | rahadyan pamit sang katong ||
66. cinandhêt datan purun | nulya jarwa parlunirèng laku | sri narendra jumurung karsaning siwi | nitih dipôngga puniku | ingiring wadyaning katong ||
67. praptaning jawinipun | Tasikmadu kang praja gya wangsul | Dyan Kasena sawadyanya nulya bali | Sang Parta wau wus laju | nitih dipôngga kaloron ||
68. lan katri prêpatipun |
— 35 —
datan kari nèng gigir sadarum | gajah seta graita lampahnya ririh | nalasak wana anêrus | mrih cêlak kalawan alon ||
69. datan kawarnèng ênu | sari ratri laju lampahipun | Sang Arjuna lan garwanira sang dèwi | nèng palana gigiripun | gajah kanthi ngatos-atos ||
6. Kinanthi
1. kunêng wau kang lumaku | anitih dipôngga putih | mangkya ganti kang kinocap | nênggih Ngastina nagari | Sang Aprabu Duryudana | siniwèng wadya gung alit ||
2. Rêsi Durna munggèng ngayun | kasaru Patih Sangkuni | ngirit kadang pra Kurawa | Dursasana nuli manjing | marang ngabyantara nata | umarêk sarwi wotsari ||
3. sinambrama pambagyayu | dening wau sri bupati | dinangu wigatinira | dènnya lumampah tinuding | angupaya liman seta | ingkang mawa srati putri ||
4. Sangkuni gita umatur | pukulun amba tinuding | angirit rayi paduka | sata Kurawa prasami | angupaya liman seta | anjajah wana myang ardi ||
5. môncapraja kongsi têpung | tan ana ingkang mrangguli | ingkang darbe liman seta | sêpên sadaya nagari | patikbra atadhah duka | tunaning amba tinuding ||
6. sang aprabu langkung ngungun | dupi miyarsa aturing | kang paman nayaka waktra | èsmu sungkawa ing galih | adhuh bapa Sokalima | paran karsanta ing mangkin ||
7. Dhanyang Durna aturipun | dhuh anggèr
— 36 —
ywa walanggalih | arinta nênggih Arjuna | tamtu ingkang antuk kardi | pisungsung katur paduka | môngka sasrahan sang aji ||
8. samana nulya kasaru | gègère kang samya nangkil | nèng alun-alun kang prapta | gajah seta amarpêki | prapta têpining paglaran | gya mêndhak sakêdhap kadi ||
9. manêmbah dhatêng sang prabu | Arjuna mandhap tumuli | lawan parêpatnya tiga | mung kari wau sang dèwi | ngadêg malih liman seta | tênagane angajrihi ||
10. saksana mulat sang prabu | gita mêthuk mring kang rayi | wus tundhuk rinangkul sigra | kang rayi nguswa padaji | tinarik sarwi ngandika | adhuh yayi kadang mami ||
11. ora darbe kadang ingsun | kajaba sira Pamadi | kang tuhu ngêntasi karya | bisa ngrabèkakên mami | apa baya walês ingwang | kang rayi anggung kinêmpit ||
12. kinanthi nèng sitiluhur | nulya satata alinggih | dinangu Radyan Arjuna | paran yayi gyanmu olih | nênggih ingkang gajah seta | apa mawa srati putri ||
13. Arjuna nêmbah umatur | saking parmaning dewadi | sihira mring sri narendra | karya gampil kang lumaris | ulun sinarayèng yuda | marang Tasikmadu nagri ||
14. pasanggirinira dhaup | lan putrinira sang aji | pêparab Rêtna Kasimpar | darbe kalangênan èsthi | seta kadi anggraita | wrin sasmitane
— 37 —
sang putri ||
15. tan susah sarana angkus | amung pinojaran yêkti | mituhu kang liman seta | kadi bangkit tata janmi | dadya mangke sratinira | Rêtna Kasimpar pribadi ||
16. sang nata suka kalangkung | nulya dhawuh marang patih | hèh paman sira mlakua | sun duta marang nagari | ing Mandraka atur wikan | lamun pundhutan sang putri ||
17. gajah seta sampun antuk | srati putri kang sayêkti | sun nungka ing lampahira | angarak saking ing ngriki | saksana Parta turira | pukulun lamun marêngi ||
18. sayogi lampah rumuhun | lampah nyarêngi ing ngarsi | bokmanawi Sri Narendra | Mandraka maibên maring | atur paduka punika | ulun kang masrahna ugi ||
19. sukèng tyas sang mahaprabu | iya bênêr ari mami | nanging ngasoa riningwang | watara ri mangkat nuli | sira marang ing Mandraka | aywa kasusu ri mami ||
20. arinta sang rêtnaningrum | kinèn mudhuna tumuli | panggih lawan ibuningwang | lawan kadangira èstri | Sang Parta nulya amapag | kang rayi kinèn ngudhuni ||
21. Garèng Petruk kinèn tunggu | gajah seta wus udani | gya mêndhak mandhap sang rêtna | umarêk ngaras padaji | nulya jêngkar sri narendra | tumamèng ing kênyapuri ||
22. panggih lawan ibunipun | Dèwi Gêndari nèng puri | wêwarta sri naranata | akarya sukaning galih | kang ibu
— 38 —
dupi miyarsa | aturing putra sang aji ||
23. sang rêtna nambramèng sunu | lah ta babo putra mami | Arjuna raharja sira | lawan arinta ni putri | nuhun sumêmbah kalihnya | kapundhi dhawuh sang putri ||
24. mangsah karo nguswa suku | ing uwa Wara Diwati | wus satata lênggahira | nulya sugatanya mijil | samya bujana sang nata | lawan wau ari kalih ||
25. sampuning bujana nutug | linorot kang para cèthi | Arjuna sinung prênahnya | anèng sajroning kang puri | lan garwa Rêtna Kasimpar | gajah seta anyêdhaki ||
26. gancanging carita sampun | amung antara tri ari | Arjuna anèng Ngastina | gung sinungga amênuhi | dupi siyaga Kya Patya | Sangkuni nulyatur uning ||
27. katurira sang aprabu | kalangkung sukaning galih | nguntapakên sri narendra | siniwa anèng sitinggil | mulat untape kang wadya | samana budhal tumuli ||
28. Arjuna lan garwanipun | Rêtna Kasimpar anitih | liman seta nèng palana | ingurung-urung wadyaji | dadya tontonan samarga | wong praja jêjêl apipit ||
29. atap nèng têpi margagung | gawok kang sami umèksi | lir mulat pangantèn ngarak | Arjuna lawan sang dèwi | wus mijil saking nagara | gamêlan tansah amuni ||
30. samarga-marga tinabuh | karya gègèring
— 39 —
sujanmi | padesan ingkang kamargan | samya gupuh aningali | kacaryan mulat sadaya | pangarake sang apêkik ||
31. kinira wau sang prabu | priyôngga kang nitih èsthi | angarak arsa akrama | marang Mandraka nagari | akèh kacelik kang janma | duk mulat marang sang pêkik ||
32. wus lêpas ing lampahipun | sagung wadyane Sangkuni | kawuwusa sri narendra | ing wuri samapta nuli | pitung dina nulya budhal | anusul lampahing ari ||
33. Dhanyang Durna têngga pungkur | lawan Warabisma Rêsi | kang kari atêngga praja | wus laju lampah sang aji | lawan sagung wadyabala | samana gantya winilis ||
34. praja Mandraka Sang Prabu | wus miyarsa kang pawarti | lamun Prabu Suyudana | wus budhal saking nagari | angarak kang liman seta | pisungsungirèng Pamadi ||
35. matrênyuh tyasira prabu | dhuh jagad dewa linuwih | karya pêpasthèning titah | ora ta kulup Pamadi | dènira bêbantu karya | pikramane putri mami ||
36. kaping tri dènira labuh | ing karya pan andêrpati | dene tan dadi ing karsa | tan sarju ing putri mami | muga jawata ing wuntat | karyaa pamalês mugi ||
37. mring Pamadi putraningsun | sadarahira ing benjing | antuka mugti[24] wibawa | saking kadarmaning galih | adhuh Pandhu ariningwang | kadarmanira lêstari ||
— 40 —
38. tumurun mring sutanipun | mangkono karsèng dewadi | lêstari sambung lan ingwang | pagene tan dadya siwi | abêbesan lawan ingwang | paran dosaningsun yayi ||
39. mangkana Salya Sang Prabu | dangu locitaning galih | nahên waspa sri narendra | pangungunira tan sipi | nulya miyos siniwaka | sagung wadya samya nangkil ||
40. sang nata anulya dhawuh | marang patihira aglis | kinèn matah kang punggawa | dinuta ngulêm-ulêmi | marang sagung para nata | Ngamarta Kumbina nagri ||
41. Lesanpura Campala wus | piniji ingkang lumaris | miwah putra ing Madura | Ngawangga Sang Narapati | budhal lancaran sadaya | sumêmprung anitih wajik ||
42. mangkana ingkang kapungkur | nata nulya dhawuh malih | kinèn angrêngga ing pura | miwah sanggrahan paraji | tamu ingkang ingulêman | kya patih sandika nuli ||
43. jêngkarira sang aprabu | manjing pura panggya sori | satata lênggah ing madya | pinarêk putra sawiji | Banowati Sang Surêtna | ngandika sri narapati ||
44. dhuh nimas ingsun karungu | saking pawarta ing jawi | putranta Natèng Ngastina | wus budhal saking nagari | pangarake mawa liman | ingkang seta srati putri ||
45. pundhutane putraningsun | ni rara pan sampun olih | pisungsung saking Arjuna | ingkang sinarayèng kardi | mêngko wus ana ing marga | baya [ba...]
— 41 —
[...ya] tan dangu gya prapti ||
46. Banowati duk angrungu | têtela dhawuhing aji | tan sarônta nulya mêdal | kondur marang dalêm adi | tumamèng paprêmanira | drawaya waspa drês mijil ||
7. Mijil
1. karêrantan wau sang sudèwi | angrêsirèng batos | de tan cundhuk kang dadi karsane | pan kapaksa dhaup Kurupati | tinampik Pamadi | kalangkung anjêtung ||
2. anglocita sajroning panggalih | wiyogane katon | mring Pamadi osik ing driyane | lênging nala samana rinêpi | adhuh awak mami | sangsaya kalantur ||
3. luwih lara laraning kang ati | tinampik priya nom | nora layak Si Pamadi kuwe | sun ladèni trêsna lair batin | datan anglabêti | tan trêsna maringsun ||
4. baya ana cacade wak mami | de tambuh maringngong | adhuh dewa jawata yêktine | kadiparan lêlakon wak mami | gung sangsasaya kingkin |[25] tan nuju wong bagus ||
5. sun punagi nadyan luput mangkin | têmbe raganingong | dadya rôndha ja luput dhèwèke | sun nyênyèthi sira ari mami | wirang sun labuhi | pratignya tyas ingsun ||
6. sabubare Bratayuda benjing | aywa luput ingong | dadya anom Pamadi garwane | suka lila ingsun anyênyèthi | ingsun amurwani | amungkasi tuhu ||
7. lawan ingsun arsa
— 42 —
apêpanggil | Suyudana Katong | aywa kongsi sang nata adarbe | butarêpan marang awak mami | lawan ari mami | Si Pamadi ingsun ||
8. lamun prapta ing Ngastina benjing | ingsun apatêmon | aywa kongsi sinujanan têmbe | wit Pamadi ingkang angsung mangkin | bêbana kang èsthi | seta srati wadu ||
9. pan wus putus pangrantaming galih | gya èngêt sang sinom | yèn kang rayi ngruhuni lampahe | gadgadèng tyas arsa amanggihi | gya wungu sang dèwi | siyaga sêsugun ||
10. datan wikan kalamun Pamadi | mawa garwa anom | putri adi kang môngka sratine | wus ginarwa dening Sang Pamadi | karya tibasampir | pundhutan sang ayu ||
11. kawuwusa Sang Dyah Banowati | ing galih sang sinom | datan èngêt marang pikramane | amung suka dènirarsa panggih | kalawan kang rayi | wau sang abagus ||
12. kacarita wau narapati | duk miyat sang sinom | dènnya nuli mijil ing ngarsane | netra suntrut kawistarèng galih | tan rêna sang dèwi | dènirarsa dhaup ||
13. lawan natèng Ngastina nagari | marmanta sang sinom | ismu rêngu nênggih polatane | langkung gita sa nata anuding | ing sori kang pinrih | ngrêrapu tyasipun ||
14. adhuh yayi umentara aglis | nusula mring tunggon | putranira katon
— 43 —
tan sarjune | rêrapunên aywa kongsi kingkin | nanggapi sang aji | têmbe lamun dhaup ||
15. pramèswari sandika wotsari | sandika sang sinom | para cèthi umiring kabèhe | anèng jawi kandhêgira sami | amung pramèswari | kang manjing tilamrum ||
16. miyak samir sang rêtna kaèksi | mujung nèng paturon | nulya angling kang ibu dêlinge | adhuh intên putraningsun gusti | paran nandhang kingkin | sira arsa dhaup ||
17. ratu agung binathara yêkti | bôndha-bandhu katong | paran karsa de mangkya yêktine | wus katêkan pundhutan ta ugi | gajah seta tuwin | kang srati dyah ayu ||
18. pisungsunge arinta Pamadi | tan dangu gya rawoh | nulya dhaup sira satuhune | aywa maras ramanta sang aji | wus ulêm paraji | kang naksèni dhaup ||
19. baya sira darbe karsa malih | paminta mring katong | ingsun ingkang bakal ngaturake | mring ramanta ring sang narapati | samana sang dèwi | wungu pungun-pungun ||
20. adhuh ibu tuhu pundhèn mami | yêkti raganingong | darbe ujar samêndhang kang dèrèng | katur rama risang narapati | nanging mung sadêmi | ing panyuwun ulun ||
21. benjing lamun prapta gajah putih | sinêngkêr wak ingong | miwah wau sang putri sratine | tuwin tiyang ingkang antuk kardi | anèng jroning [jro...]
— 44 —
[...ning] puri | tan liya wong têlu ||
22. môngka patah wau sang kêkalih | ngladèni wak ingong | ngiras dadya têmbe pangarihe | kang dandosi miwah angladèni | tuwin busanani | wau kang sun suwun ||
23. yèn kalilan dangune puniki | sadaya angantos | jangkêpira pra nata rawuhe | kang ngulêman kangjêng rama aji | ulun pan lumirig | ing karsa sasatuhu ||[26]
24. lêga gyannya wau pramèswari | nulya ngandika lon | wus karia ingsun aturake | mring ramanta risang narapati | baya nganti-anti | sang nata maringsun ||
25. nulya mentar wau pramèswari | wangsul mring kadhaton | gya umatur ing raka liring rèh | saaturing putra sang rêtnadi | miwiti mêkasi | sang nata sukèng yun ||
26. pan kawarna ing dalu Sang Dèwi | Banowati sinom | anggung dènnya anganti praptane | mring kang rayi Rahadyan Pamadi | gêtêm ing panggalih | kawratên ing wuyung ||
27. gya ngrêrêpi sang rêtna aririh | nèng tilam angepon | datan ana êmban myang cèthine | kang umarêk marang sang rêtnadi | pribadi sang dèwi | wiyoga wulangun ||
28. sela adi sing sabrang nagari | sawangan karongron | dhuh sang pêkik wus katon citrane | kuda buntal bêlang seta sami | kadhal gung nèng bumi | lôngka awak ingsun ||
29. sorot surya ron kamal taruni |
— 45 —
kinarsan sang anom | singaranu pancing kang manjinge | baya kêna maksih sun antèni | sela krêsna adi | têmbe wêkasipun ||
30. ujar putra nêdhêng nandhang sakit | kêkiring ron dados | darbe wêlas maringsun ing têmbe | kidang anjrit swaraning kang paksi | ron wangi rinagi | sun ngèngèri tuhu ||
31. thèklèk bungkul sêndhang gêng ing wukir | paran lêganingong | taru adi swarga ing dununge | sasat kadi tuk daru wak mami | pisang tanpa sari | duk gêbyar agapyuk ||
32. wisayaning paksi mawa tali | sakala tan anon | lapis cêrmin ganggêng wit unggyane | sasananing tyas rumasuk manjing | uwal ingkang pancing | lir murcatma tuhu ||
33. tapas arèn talutuh lir kanil | duk salulut karo | unduring prang kang môngka gêlare | datan uwal salulut ing ratri | ancur kang makarti | rumakêting kayun ||
34. saya ngrêbda tyasira sang dèwi | pangugunging batos | tanpa liyêp saratri tan sare | karêrantan ing driya matistis | kumêmbêng luh mijil | asruning wulangun ||
35. gagat wetan cingcinggoling muni | sayêmpraba katon | ambaranang lir basmi isthane | mungup-mungup sêsuluhing rawi | rumamyang nanduki | ing bumi sadarum ||
36. umyung sagung para cèthi sami | tangising paturon | marang bèji samya adus kabèh | abusana miwah nambut kardi | bubuhane
— 46 —
sami | tan ana kalèru ||
37. sri narendra busana gya mijil | ginarbêg pra sinom | biyada kang ngampil-ampil kabèh | para kênya adi warna sami | upacara aji | gumrêdêg pararum ||
38. praptèng sitibêntar narapati | lênggah dhampar katong | siniwaka sagunging wadyane | kang kaparêk ngarsa sri bupati | Tuhayata Patih | miwah rajasunu ||
39. Rugmarata kapara ing ngarsi | sawatara katong | wiyosira kasaru praptane | Kyana Patih Sangkuni angirid | gajah seta tuwin | sagunging kêkintun ||
40. sing Ngastina sakèh rajapèni | samana agupoh | gajah mêndhak têpi paglarane | nulya mandhap Sang Parta myang swami | sang rêtna tan kari | kalihira laju ||
41. samya marêk ing ngarsa sang aji | nguswa pada karo | Kyana Patih Sangkuni lungguhe | nèng keringing rajaputra nuli | ngacaran sang aji | sinambrama arum ||
42. aturira anuhun kapundhi | dhawuhira katong | awotsari samana ature | dhuh pukulun nênggah[27] sri bupati | praptamba tinuding | putranta sang prabu ||
43. Suyudana atur pudyastuti | katura sang katong | miwah sagung ingkang pakintune | lan ngaturkên pundhutan sang dèwi | bêbananing krami | gajah seta mungguh ||
44. ingkang srati wanudya utami | katura sang sinom | putra tuwan anungka lampahe | dènnya ngarak sing
— 47 —
Ngastina nagri | sumôngga sang aji | kang wau sadarum ||
45. mèsêm angling Mandraka Sang Aji | adhuh ariningong | sang nayakawaktra Ngastinane | sun tarima sadaya pakirim | paringe sang aji | kang marang wak ingsun ||
46. umatura ingkang tibasampir | ring nata putrèngong | lamun prapta sang nata ing têmbe | anyarèhna praptane paraji | ulêm ingsun sami | sagung para ratu ||
47. sadangune anganti paraji | gajah seta manggon | nèng jro pura môngka lêlangêne | putraningsun nênggih nini dèwi | lan sratine putri | miwah putraningsun ||
48. Si Pamade rumêksa ing puri | anèng jro kadhaton | ywa sandea ki putra yêktine | nora wurung sun dhaupkên benjing | amung ta anganti | ingkang para ratu ||
49. wus pinarnah pamondhoke sami | nulya kinèn ngaso | pra Kurawa sinugata kabèh | amênuhi sugataning aji | bubaran sang aji | jêngkar angadhatun ||
50. Sang Arjuna kalawan sang dèwi | umiring sang katong | manjing pura ginarbêg sagunge | para cèthi kèh rêrasan sami | dhuh lae tan ngipi | mangkya raganingsun ||
51. bisa panggih andulu sang pêkik | kang wênês pasêmon | pan saiba mêngko yèn panggihe | sang rêtnayu kuciwane iki | nèng wanita luwih | umiring sang bagus ||
52. karya ewuh marang sang sudèwi | cuwane
— 48 —
sang sinom | kadya uwus ginarwa sêmune | mring sang pêkik tumrêcêp dènnyangling | timbung paran ugi | kalamun amuwus ||
53. Risang Parta angling yayi dèwi | marang sang lir sinom | apa baya kinadang patrape | kawuwusa lampahnya sang aji | wus prapta jro puri | alênggah kadhatun ||
54. panggya sori nèng madyaning puri | umarêk sang anom | putra-putri tan têbah lênggahe | gya wêwarta sang nata mring sori | miwiti mêkasi | dutanirèng prabu ||
55. sukaning tyas duk myarsa sang dèwi | angandika alon | manêmbrama mring putra kalihe | awotsari anuwun kapundhi | pambagya sang dèwi | raharja pinanggung ||
56. gya andangu sang nata mring siwi | purwaning lêlakon | dènnya antuk ingkang kudangane | gajah seta ingkang srati putri | Sang Parta wotsari | dadya lon umatur ||
57. amiwiti prapta amêkasi | wus katur sang katong | dahat ngungun dupi myarsakake | ing ature kang putra salêsih | anulya sang aji | gita dènnya nuduh ||
58. animbali ing putra sang dèwi | arsa sinung wartos | ing praptane kang rayi kalihe | myang caraka sing Ngastina nagri | paring bêbaning |[28] gajah seta sampun ||
59. sigra mêsat kênya kang tinuding | agupuh sakaro | praptaning don agupyuk ature | mring sang rêtna yèn Pamadi prapti | mawi garwa putri | môngka sratinipun ||
— 49 —
60. putri Nata Tasikmadu nagri | sulistya sang sinom | kang wadana amirip warnane | lan sang rêtna mung kaot sakêdhik | kawon gandês manis | guwaya sumunu ||
61. langkung suka sang dèwi miyarsi | ing galih rumaos | datan kasor ing warna sêmune | dadya aris ngandika mring cèthi | dutaning ramaji | matura sirèku ||
62. ing jêng rama sun rasa wak mami | kalangkung kalêson | wit saratri tan antuk ngong sare | rada angluh awrat awak mami | kadi datan bangkit | umarêk sang prabu ||
63. yèn kaparêng kang sarati putri | miwah ta sang anom | ingsun suwun kewala marene | kinèn têngga sasêngkêran mami | wau wong kêkalih | kang yogya atunggu ||
64. nulak wangsul duta cèthi kalih | umarêk sang katong | gya umatur wau saature | sang rêtnayu panyuwune sami | sang nata jro galih | wus anduga tuhu ||
65. nulya dhawuh mring putra Pamadi | adhuh putraningong | lah ta kulup sira sayêktine | sun pracaya rumêksa mring nini | kadangira yêkti | mrih tulus adhaup ||
66. pan tinêdha sira kang nunggoni | sinêngkêr sakaron | pan anganti pra nata rawuhe | benjang dhaup pan sira pangarih | miwah kang maèsi | mrih busananing rum ||
67. datan kêna sakaro atêbih | lawan putraningong | lah ta mara paranana age | dimèn lêga tyasnya nini dèwi |
— 50 —
wotsari sang pêkik | lèngsèr kalihipun ||
68. marang têngganira sang sudèwi | miwah ta sang sinom | gung winangsit sagung wêwadine | wus garjita wau sang sudèwi | tan sawalèng kapti | gênging bêktinipun ||
69. marang priya tan darbe saksêrik | winayuh pra sinom | kawursita Banowati mangke | wus siyaga pamapag kang rayi | sugata mênuhi | tan kuciwèng sêmu ||
70. dupi prapta Pamadi lan patmi | nèng tênggan sang sinom | gapyak tangkêp Banowati mangke | marang Sang Dyah Kasimpar sang dèwi | kinadang taruni | nadyan ingkang tamu ||
71. sru noraga wotsari ngastuti | lir kadang sayêktos | mring Sang Parta sang rêtna tan gawe | mung Sang Dèwi Kasimpar sinung sih | ujarira manis | rumakêt sihipun ||
72. lagya panggya wus rêsêp nanduki | nglingira sang sinom | adhuh yayi raharja praptane | tan angipi ngong bisa pêpanggih | lawan sira yayi | dadya kadang tuhu ||
73. tan kêna sah cakêt dènnya linggih | angapit sang sinom | Banowati nèng têngah lungguhe | kananira wau Sang Pamadi | Kasimpar nèng kering | cakêt abên dhêngkul ||
74. gung ngacaran sugatanya mili | tumrêcêp sang sinom | pan wus nutug dènnya bujanane | wau ratri kongsi lingsir wanci | nulya Banowati | amrênahkên gupuh ||
75. pondhokira kang rayi kêkalih | miranti pisugoh | saput sagung busana pasrène |
— 51 —
tan atêbih antarane mungging | kering tênggan dèwi | nèng wuri kadhatun ||
76. sinung cèthi sadasa ngladèni | samya anom-anom | Sang Dyah Rêtna Kasimpar dununge | langkung sukanira ing panggalih | lan wau sang pêkik | alêrêm nèng ngriku ||
77. surup surya pasuguhnya cèthi | sari-sari katon | nyênyamikan dhêdhêg nèng ngarsane | lan pisalin busana di-adi | dyan putra lan putra lan putri |[29] kacaryan tyasipun ||
78. sinaludhah dhaharan mênuhi | mangkana sang anom | arsa mamèt ing driya karsane | nulya pamit ing garwa sang pêkik | arsa atêtuwi | mring sang dyah ing dalu ||
79. jinurungan samana wus mijil | sang dyah anèng gêdhong | mung anggubah pribadi sarine | kang kinarya kalungnya pribadi | Sang Parta andingkik | sing wuri tumanduk ||
80. nyikêp prênah payudara kalih | panguswa ring githok | kagyat jumbul sang rêtna anolèh | gya kinuswa gumrêgêt pinithing | marêngut sang dèwi | duk waspadèng dulu ||
81. miwal asta andikanya wêngis | gumagus iki wong | nora jamak kumlungkung galihe | lah ta êndi rabimu sang dèwi | Tasikmadu putri | kadang ingsun tuhu ||
82. aturira Sang Parta amanis | maksih kari tunggon | sun walêri nusul ring sun mrene | awit sayah lêlaku nèng margi | sariranya anglih | kalêson alumpuh ||
— 52 —
83. arsa konyoh paringira mangkin | wus pamit maringngong | datan marak ing mêngko marene | seje dina kewala sumiwi | mring kangbok sang dèwi | musthikaning ayu ||
84. nulya gablog sang rêtna mring ari | ngujiwat malerok | baut têmên wong bagus lêlèmèr | manuhara mung karya lêlamis | basakna wong iki | tan darbe sih lulut ||
85. kêjêm kogug tan wêlas sêsami | niaya mring wadon | pintêr karya ru-ara yêktine | siya marang padhaning dumadi | tan wêruh nimbangi | trêsnaningsun tuhu ||
86. nora kaya luput ngong pribadi | sêmbrana nyalêmong | mêngko manggih sangsara dadine | luwih lara larane tyas mami | kapêgatan ing sih | têlênging jêjantung ||
87. ngêmbêng waspa sang rêtna dènnyangling | sêrêt ing saulon | pêgat-pêgat mangkana dêlinge | dhuh jawata kang sipat udani | pulungên wak mami | gêsang anggung ewuh ||
88. kayaparan raganingsun mangkin | wus bêcik alayon | tan kawawa anahên wirange | rèh wanodya tantuk padhaning sih | tujuning tyas mami | sayogya alampus ||
89. duk samana Sang Parta miyarsi | wuwuse sang sinom | langkung wêlas sang pêkik lênggahe | pan angrakêt rumangkul sang dèwi | sarwi ngarih-arih | manuhara rungrum ||
90. pan ingêjum srinataning dèwi | myang kinuswa alon | maksih adrês kang waspa wijile |
— 53 —
marawayan pangarasan kalih | nirnakkên kang tasik | maksih sênggruk-sênggruk ||
91. wuwusira Sang Parta aririh | angrungrum sang sinom | adhuh nimas pêpujanku dhewe | musthikaning wanita sabumi | ratuning pawèstri | pêpathining ayu ||
92. gandês luwês gapyak amrak ati | sarêntêg adhenok | sapa baya tan mulung driyane | lamun mulat marang kang kadyèki | kuciwa wak mami | dudu pasthinipun ||
93. wit karsaning jawata linuwih | nut èsthining katong | baya nguni sang nata èsthine | lamun darbe putri kang linuwih | ing warna sayêkti | akramaa ratu ||
94. pan ing mangke kasambadan sami | putrine sang katong | katri pisan dhaup ratu kabèh | nadyan dadya pêpasthèn dewadi | sun pratignya yêkti | pinusthi ing kalbu ||
95. saline paduka akrami |[30] dadya garwa katong | anuruta ing lair bêcike | nadyan jroning galih liyan èsthi | marang awak mami | sun timbangi tuhu ||
96. kêrêp tinjo mring sira maskwari | ya sandeyèng batos | lan sun têdha ing dewa têmbene | sabubaring bratayuda jurit | sun boyong sayêkti | dadya rabiningsun ||
97. lan jamake putraning pra aji | sinaranan pupoh | yèku têmbe môngka patukone | bratayuda lawan dhaup mami | lan sira sang dèwi | mangke wus katrucut ||
98. puluh-puluh bêgjane wak mami | manggung dadya lakon | sun labuhi [la...]
— 54 —
[...buhi] alara patine | rambah-rambah nèng Mandraka nagri | kuciwa wak mami | ora dadi ratu ||
99. dadya ora bisaa lêstari | ngladèni sang sinom | wus karsaning jawata yêktine | mung samene bisaningsun inggih | lan sira wong manis | aywa rangu-rangu ||
100. duk samana na swara kapyarsi | cêtha tumalawong | anagsèni[31] pratignya kalihe | lir jawata kang angsung sêsanti | hèh titah dewadi | aywa gung wulangun ||
101. wruhanira Kasimpar Sang Dèwi | apsari sayêktos | Dèwi Gagarmayang sajatine | dènnya mangkin manjanma mung dadi | sarana Sang Putri | Banowati mungguh ||
102. dhaupira lawan Kurupati | pinasthi Hyang Manom[32] | nanging rèhning sakaro driyane | aprasêtya sihira sakalih | jawata ngidèni | têmbe bisa pangguh ||
103. sabubaring bratayuda benjing | dhaupe sang sinom | lan Pamadi dadya boyongane | mung ing mêngko Kasimpar Sang Dèwi | miwah gajah putih | pinulung dewagung ||
104. aywa cuwa miwah angulari | sirnane sakaro | wit mung pujan iku sajatine | miwah nguni Tasikmadu Aji | jawata prasami | tinitah anamur ||
105. pan ing mêngko wus muksa sadasih | tanna labêt ing wong | mung rasaksa raja ing têmbene | angulari mring Mandraka nagri | kinira sang aji | angungsi ing laku ||
106. kèndêl lingnya jawata sêsanti |
— 55 —
mangkana sang sinom | lilih dènnya rudita kalihe | wusnya lipur wit tamunya putri | sirna saking bumi | miwah duk angrungu ||
107. ing ujare wêca ling dewadi | têmbe bisa panggoh | dadya garwa lan Parta wêkase | nirmalaning sungkawa sang dèwi | pulih kadya nguni | sukanya kalangkung ||
108. datan siwah tangkêpira kalih | amung ta sang anom | Risang Parta duk mirêng wangsite | yèn garwanya Kasimpar Sang Dèwi | wus muksa samangkin | cuwanya anjêtung ||
109. dangu-dangu pinupus ing galih | wau ta sang anom | purna wau sakèh sungkawane | têmpuhing tyas myang kang anakêti | Rêtna Banowati | tinêmpuh wulangun ||
110. pan dinadak rinapih rêrêpi | lir brêmara andon | kang mangungsari puspitane |[33] ambrangêngêng mangungsir ing sari | rumêsêp ing galih | kadya wor ing kalbu ||
111. wus warata parewana mangkin | asmaraning wadon | wus kabuka gumrêgêt kalihe | gadgatèng tyas sinambitèng nuli | manjing tilamsari | sang kalih atêmpuh ||
112. kasok ing tyas asmara sang kalih | nutug ing palugon | kadya kaul nêkani karsane | pan wus lami dènnya nganti-anti | lir cintaka nganti | kang warsa tumurun ||
113. tan kawarna dènira karonsih | wau ta sang sinom | sru kabyatan ing nala kalihe | pan pinêntog sukanira sami | kadya amungkasi | usadaning wuyung ||
— 56 —
114. sru ngalèlèh sang rêtna tan polih | kasok ing kalêson | kadya datan kawawa srirane | kumyus ingkang swanita umijil | wlas miyat sang pêkik | gya winawèng gupuh ||
115. mring patirtan samana sang dèwi | botrawi sakaron | ingusapan kang tirta martane | pasundhulan myang wadana nuli | waspada mangèksi | dyah suka ing kalbu ||
116. wusnya siram sêsuci sang kalih | ngrasuk busana ro | lêlêmêsan samana nyampinge | wastra cindhe katangi sang kalih | kinêmbar sang kalih | lir pangantèn têmu ||
117. bêburatan parêm lêson sami | gônda wida konyoh | sutra jênar nênggih kasmêkane | pita biru kang minôngka têpi | ingubêt mathithit | mathêt jaja mandul ||
118. mêmbat-mêmbut kang lir tiris gadhing | pinathêt mandhosol | wonga-wonga têngah anglowoke | sumaruwung mijil gônda wangi | pantês rimong plangi | ijo sêkar wungu ||
119. sigra sami dhaharan nyênyamik | anèng jroning gêdhong | sang rêtnayu ingugung karsane | mundhut pangku anging angladèni | awacana manis | ingsun jaluk pangku ||
120. tan lênggana Sang Parta nadhahi | pangkone cumaos | sarwi ngrangkul asta kêkalihe | ing madyane sang rêtna manginggil | anôngga kang kardi | bêruk amathuthuk ||
121. ngêmbut-êmbut lawan asta kalih | siji sewang manggon | jôngga manglung [mang...]
— 57 —
[...lung] amèpèt pipine | anggung nguswa miwah nucup lathi | sang dyah asru bêkis | ngujiwat anyêndhu ||
122. ora layak akaul wong iki | linilan patêmon | tan rêringa nora nèng wismane | kuciwane tan tulus ing ati | tan wruh dèn labuhi | paksa kumapurun ||
123. sarwi nguswa Sang Parta mangsuli | pindho gawe kangbok | kang prasêtya sakaro-karone | wus sinaksèn ing dewa linuwih | witne raga mami | tan kurang lêlabuh ||
124. wit samana praptane samangkin | lara praptèng layon | mung mèt karya môngka dhadhakane | bisa panggya kang sawang lir sasi | mancorong gumrining | lan kang mêndut-mêndut ||
125. sapa kuwat mung nyawang kang warni | marusuh asengoh | gandês luwês parigêl tandange | bisa nuju ing karsa patitis | saiba badhidhing | anggulêta ingsun ||
126. mlerok angling sang rêtna anjiwit | jajane sang anom | wis ja ngame wong bagus baute | yèn padua pasthi ingsun kandhih | wus ta ari mami | dhahara puniku ||
127. kang sêgêran êndi kang kinapti | pasugatan ingong | mring wong ingkang katrima gawene | antuk dene ngupaya kang èsthi | môngka tibasampir | gyaningsun adhaup ||
128. lan dhèwèke yêktine kariyin | ganjarane katong | aris muwus Sang Parta dêlinge | nora katur astaningong iki | sawêk [sa...]
— 58 —
[...wêk] nambut kardi | rumêksa kang mêmbut ||
129. tanggap muwus sang rêtna angliring | ambakna iki wong | ngaji pupung tan mawa dugane | baya yi karsa sun ladèni |[34] apa kang kinapti | dhaharan sadarum ||
130. Sang Arjuna tukua wak mami | paringna kakang bok | sakarsanta liyane sun dhèrèk | ugêrira tan rumagang mami | lagyewuh nyêkêli | lir kênthos amêmbut ||
131. gya ngujiwat tumandang sang dèwi | ngoncèki kang uwoh | jêram kêprok kinupas bayune | wus ijiran dinulangkên maring | Sang Parta nampèni | lan lathi amanglung ||
132. nyambi nguswa gantya sang rêtnadi | dhahar jêram kêprok | ijir sewang gantya tumanggape | wus mangkana sadangunya sami | dènnya dhahar kalih | dulang sang bagus ||[35]
133. kongsi nutug wau dènnya bukti | sinambi gêguyon | karongron sih tan bênggang pangkone | wusnya ngunjuk sakalih anuli | binopong sang dèwi | manjing jre[36] tilamrum ||
134. pan sadalu mut akaronsih |[37] tan ana kang anggop | srênging driya dahat wulangune | pan ing mangkya tinêkan sakapti | datan antuk guling | ngugung sukanipun ||
135. ambal-ambal dènnya langên gati | marma gung kalêson | sakalihe marlupa slirane | byar raina gya marang botrawi | siram sarêng sami | sinambi mangunkung ||
136. sapurnane dènnya siram kalih | busana kaloron | nulya lênggah nèng jawi gêdhonge | kasaru [ka...]
— 59 —
[...saru] kang prapta para cèthi | nèng pondhok ajagi | samya gumarubyug ||
137. atur wikan musnane sang dèwi | datan ana katon | ingularan datan ana kabèh | tan pakantuk Kasimpar Sang Dèwi | Sang Parta nulyangling | ywa gugup sirèku ||
138. sajatine iku garwa mami | Kasimpar sang sinom | mung wayangan saking kawasane | ing jawata dènnya anuruti | gustinira mangkin | katêkan wus têmu ||
139. dadya nuksma mêngko dadi siji | lan gustimu manggon | marma iki ingsun têmpuhake | gustinira wiwit mau ratri | môngka liru padmi | kang musna ing dalu ||
140. salamine anganti sang aji | Ngastina Sang Katong | gustinira pan ingsun gawane | anyêlani wit wêca dewadi | lamun tan kadyèki | tan tulus ing pungkur ||
141. ya ta wau sagung para cèthi | lêga tyas cumêplong | mari gugup ing driya ajrihe | suka-suka sami angladosi | mring gusti sang kalih | dènnya sih alulut ||
142. nging tan ana jarwa liyan janmi | ajrih mring sang sinom | dadya rapêt satingkah-tingkahe | dèniranggung sinihan sang kalih | samana sang pêkik | wiweka ing kalbu ||
143. pamit marang sang rêtna tur uning | marang sang akatong | musnanira kang garwa kalihe | miwah liman seta samya anis | karsaning dewadi | jinurungan sampun ||
144. gya tumindak sang pêkik lumaris | mêmêling sang sinom | adhuh yayi aywa suwe-suwe | nèng ngarsane jêng rama sang aji |
— 60 —
gya pamit abali | mariki wong bagus ||
8. Sinom
1. sang anom nulya lumampah | priyôngga umanjing puri | umarêk ing sri narendra | samana nata nujoni | lênggah lan pramèswari | anèng paningrat kadhatun | gita ngawe kang prapta | kumêpyur nata ing galih | bokmanawa kang putra malih abeka ||
2. manguswa pada dyan putra | sang nata lan pramèswari | gya lênggah nèng ngabyantara | gupuh têtanya sang aji | paran prapta wigati | sira kulup maksih esuk | baya dinuta bakyunta |[38] Ni Mbok Rêtna Banowati | amuwuhi bêbananing parakrama ||
3. Arjuna matur wotsêkar | datan makatên sang aji | pisowan ulun umarak | ngarsa paduka sang kalih | ing dalu ulun tampi | wasitanira dewagung | kalamun pundhutannya | putra paduka sang dèwi | gajah seta miwah kang sarati kênya ||
4. jatine sami pêpujan | saking parmaning dewadi | anuruti ciptanira | putra paduka sang dèwi | utamanirèng krami | kang môngka sasrahanipun | ing mangkya wus katêkan | kuncaranira sang dèwi | kalihira nulya pinulung jawata ||
5. nanging putranta sang rêtna | datan garantês ing galih | sirnaning wau pundhutan | kalamun kang tibasampir | panyuwunira kang kari | lastari panyêngkêripun | sadangunira angantya | praptanira para aji | mung kawula tinanggênah
— 61 —
nêngganana ||
6. kongsi têmbe panggihira | sang rêtna lawan kakaji | putra paduka sang nata | nênggih Suyudana Aji | ing Ngastina nagari | praptèng têmbe boyongipun | anèng nagri Ngastina | kawula ingkang umiring | mung punika ature putra paduka ||
7. sang nata ngungun miyarsa | lawan wau pramèswari | dadya pinupus wardaya | awit karsane dewadi | pinuwung dening mangkin | sang rêtna sampun miturut | arsa dhinaupna |[39] lawan Ngastina Sang Aji | gya ngandika sang nata marang Arjuna ||
8. dhuh kulup jênêng manira | pracaya mring sira kaki | saratènana ing karsa | kakangira aywa kongsi | lumuh winangun krami | sakarsane ingsun turut | ala bêcike sira | môngsa borong ta sirèki | amis bacin ananing praja Mandraka ||
9. Sang Parta dadya sandika | aturira awotsari | pukulun aywa sandea | dhatêng putranta sang dèwi | ulun ingkang mêmardi | supadya tulus miturut | tan wangkot karsanira | amung ing panyuwun mami | musnanira gajah seta lan wanudya ||
10. ywa kongsi nuli kajwara | sadèrènge praptèng panggih | kapyarsa sata Kurawa | manawi Paman Sangkuni | tuwuh anyujanani | dhatêng kawula pukulun | dene garwamba musna | anarka kang amis bacin | têmah
— 62 —
kêmba putra paduka Ngastina ||
11. nyagahi sri naranata | Sang Parta tinundhung nuli | iya bêcik wuwusira | wis kulup balia nuli | tunggua anèng puri | kakangira aywa lumuh | nêmbah lèngsèr Sang Parta | samana wus prapta mungging | patênggannya Risang Rêtna Banowatya ||
12. nulya wêwarta Sang Parta | dènira matur sang aji | sang rêtnayu duk miyarsa | nulya anggablok ing gigir | sarwi anyêthot wêntis | bisa têmên wong abagus | karya sangsalan basa | ngugung karsane pribadi | nulya matur Sang Parta areka-reka ||
13. dhuh kakang bok aywa cuwa | ingsun arsa nyuwun pamit | watarari anèng jaba | amêthuk kaka Sang Aji | Yudhisthira kakaji | têmbe kalamun wus rawuh | ulun wangsul amarak | marang kakang bok ing puri | ing jrih ingsun kapati yèn kenging tarka ||
14. lan kakaji Mandura |[40] manawa myarsa sayêkti | solah ingsun anèng pura | saiba dukane mangkin | raganingsun amasthi | ginêcêg Nanggalanipun | adhuh kangbok marmanira |[41] lilanana ingsun pamit | angantia praptane para narendra ||
15. kumrengkang arsa wisata | samana sang dyah anjiwit | patènana bae ingwang | yèn sira tinggal umijil | sapa wani dukani | mring sira ingsun tumangguh | mapan sira wus padhang | kalilan rama sang aji | sapa wani sumêla anglaranana ||
16. kumêmbêng waspa sang rêtna | barabak kadya anangis |
— 63 —
Sang Parta jumênêng sigra | api-api tan udani | nanging botên umijil | malah manjing gêdhongipun | asèlèh ingkang sara | curiga kalih anuli | tinututan sang rêtna saking ing wuntat ||
17. umiyat solahing Parta | dènira lukar jêmparing | kantun busana kang wastra | lêmêsan wau sang pêkik | sang dyah gablok sing wuri | bisa têmên karya gugup | anggodha mring ragèngwang | bêcik apa karya runtik | Sang Arjuna anolèh nguswa srinata ||
18. yèn kalilan raganingwang | mung yèn dalu manjing puri | kadya ingkang wus kalakyan | kakang bok ing nguni-uni | sang dyah nyêntak awêngis | pedah apa anênamun | pan sira wus kalilan | rina wêngi nunggu mami | mundhak minggat ingsun saking jroning pura ||
19. Sang Parta kadi sungkawa | saking sumêlanging galih | lamun têmbe sri narendra | ing Madura amiyarsi | kawarta saking nagri | kapyarsa sang rêtnaningrum | nênggih Wara Sumbadra | dadya elik ing panggalih | pan mangkana sungkawanira Arjuna ||
20. nanging sinamun ing nala | pinupus datan kaèksi | dadya nulya angandika | ing basa manis angrapih | mangungrum anglêlithing | wasising kakung anamur | aris mêmanuhara | sapa baya kang darbèni | sira nimas kang bentrok amaya-maya ||
21. sapa miyat kalanglangan | kang dulu wuyung kudu gring | kang miyat uyang kêkayang | kang
— 64 —
mèksi linglung agingsir | manisira ngratani | mrak ati kadya sitèngsu | dhuh lae pujaningwang | ywa lali dasih ta benjing | lamun ulun têtuwi usadanana ||
22. mêmanisira kang môngka | usadaningsun akingkin | liringira kadya kilat | môngka daya ragèng mami | gandêsira yèn angling | kèwês kêdaling pamuwus | dadya usadaningwang | jampi marlupaning dhiri | ywa kalimput marang kawibawanira ||
23. Sang Parta dènnya wacana | sarwi ngarangkul sang dèwi | anggung angliling wadana | kinuswa-kuswa mawanti | kasok tyasira sami | ginunturan ing swararum | matrênyuh sang surêtna | kamayangan kadya ngipi | jroning nala kawratan kadya asmara ||
24. kumyus wijiling swanita | gumrêgês sarira atis | waspada wau Sang Parta | nulya winawa sang dèwi | sinarèkakên nuli | anèng sajroning tilamrum | ngalêntrih kadya antaka |[42] gya rinapu ngarih-arih | dhuh kakang bok aywa sandea ing driya ||
25. ingsun anuguri sira | kongsi boyong marang nagri | Ngastina miwah sang nata | anging kêrêp tinjo mami | marang sira sayêkti | nora bêtah yêkti ingsun | dangu tan mulat sira | warnanta asor apsari | tuhu sira musthikaning pra wanita ||
26. sinigêg sajroning pura | kang anggung samya karonsih | Sang Parta lawan sang rêtna | nêkani sakapti-kapti | inguja ari ratri |
— 65 —
sor pangantyan lagya têmu | dènira pêpasihan | anèng Mandraka jro puri | êmban inya tan ana grantês sadaya ||
27. malah sukanya kalintang | umulat gusti sang dèwi | para cèthi kang tumingal | kacaryan dahat kapengin | dènira rakêt kalih | kadya ganggêng lawan lumut | anggung dhenceng-dhencengan | tan kêna pisah sanyari | Sang Arjuna dahat dènnya ngêla-êla ||
28. kong sapta arinira |[43] samana kang para aji | ingkang ingulêman samya | wus prapta anèng nagari | Mandraka para aji | sinung prênah kuwunipun | sowang-sowang wus tata | sugatanira mênuhi | tan kuciwa sang nata pamêthukira ||
29. Sri Yudhisthira Ngamarta | Arya Sena ingkang ngiring | sagarwane sami prapta | Drupadi lawan Arimbi | Madura Narapati | Erawati sorinipun | wus prapta nèng sanggrahan | Nata Kumbina tanapi | Lesanpura myang Campala Sri Drupada ||
30. wus pêpak sadayanira | samana nuju tinangkil | Sang Naranata Mandraka | manggihi tamu paraji | panêmbrama sêsanti | tinanggapan wuwus arum | mangkana gya katungka | rawuhe Sri Narapati | ing Ngastina Mahaprabu Suyudana ||
31. wus laju ing sitibêntar | pinêthuk ing para aji | mahargya sang rawuh lagya | nulya tata lênggah sami | manambrama sang aji | tinanggapan ing panuwun | sampating pangandika | rêmbag dhauping pangantin | benjang Soma mung
— 66 —
kari ing tigang dina ||
32. pangrêngganing pura samya | sampun sampurna kang isi | jaba jro arsa miwaha | mangkana praptaning ari | samya siyaga sami | pangantyan pangarakipun | saking kuwu narendra | dènira manjing ing puri | ginarêbêk sagung ingkang para wadya ||
33. miwah tamu para nata | wus nyêgat anèng jro puri | mangkana kang kawuwusa | wau ta pangantèn putri | Banowati Sang Dèwi | wiwit enjing dènnya muwun | nadyan nênggih Sang Parta | kalangkung angarih-arih | mrih miturut dhaupira lan sang nata ||
34. mawanti prasêtyanira | Sang Parta dènnyarsa tuwi | têmbe marang ing Ngastina | sawêg karsa wau dèwi | Sang Parta kang maèsi | tasikan anggung sinapu | dalèwèring kang waspa | Sang Parta wêlas tan sipi | gung rinapih ingarih-arih sang rêtna ||
35. ingkang kinarya prêmbugan | tan karsa kapuk lan sami | rema wulu miwah êlar | nanging granane Pamadi | kinarya ngrêmbug tasik | kinèn gantèn datan ayun | kalamun tan mamahan | saking Sang Parta anuli | mulung lathi cinucup lathi sang rêtna ||
36. kocape dènnya busana | ngagêm wastra kampuh adi | sinambi aparewana | Sang Parta dènnya mangarih | mrih manuta sang dèwi | kongsi busana arampung | mamêling sang surêtna | yayi mêngko yèn sang aji | abujana tunggonana raganingwang ||
37. sampating busananira | Sang Rêtna
— 67 —
Dyah Banowati | paèsane dhandhanggula | plarapan abuwêng kadi | pandhêlong kang panitis | alincip lir adu ujung | kalawan imbanira | anjait lir ngincang alis | godhèg panjang angujung ngaluwêng karna ||
38. jêjamang kancana rêngga | garudha mungkur ing wuri | udal-udal sinasotya | kinarukup sêkar mlathi | kancana kang sêsumping | surèngpati oncenipun | gajah ngoling gêgubahan |[44] jinala sêkar malathi | kadya ngore sumampir midhanganira ||
39. ing kering miwah ing jaja | kinonyoh ing burat kuning | gônda wida mulêg samya | atêmpuh gandaning mlathi | miwah jêbat kasturi | kongas gandanira arum | amarbuk ngambar-ambar | katut samirana sumrik | kadya mayang kang nêmbe mêkar wancinjang ||
40. nyamping cindhe wungu mawa | seredan lir kônca wuri | sumêkan sutra jo tuwa | kampuh langking tamansari | asingsêt nyonthong wuri | sêngkang bapang mirah wungkul | sinêling lawan rêtna | gumêbyar angilat thathit | sangsangannya tanggalan sungsun têtiga ||
41. kêlat bahu binggêl samya | kancana ingukir-ukir | sinotya tarètès muncar | kalpika maniking warih | samana Banowati | lir murca manungsanipun | kalamun ta sinawang | tan siwah kadya apsari | saking swarga tumurun mring marcapada ||
42. lêng-lêng mulat Risang Parta | karônta-rônta ing galih | nanging
— 68 —
èngêt satriyanya | tan kêna gimir ing èstri | nirnakkên sura sêkti | marma langkung tyas sinayut | aris ing aturira | dhuh swawi kakang bok mijil | pan wus wanci inganti lan ibu rama ||
43. mandhêg mangu nampar wastra | anggung manolih kang kari | Sang Parta ngêjèpi sigra | kinèn lajua lumaris | sang rêtna wus umijil | pramèswari suka ngungun | umulat marang putra | kadya salin ingkang warni | langkung endah acêngêng kang samya miyat ||
44. wus lênggah wau sang rêtna | nèng ngajêng patanèn adi | ingapit kang pramèswara | lawan Drupada kang sori | warnanira sang dèwi | lir musna sinawang tuhu | sagung pawèstri jro pura |[45] tan bisa kêdhèp umèksi | langkung ngungun anjêtung sajroning nala ||
45. wasise Sang Arya Parta | dènnya ngrakit busanadi | aruntut sawanganira | kuciwa dhaup sang dèwi | lawan Sri Kurupati | datan lastari adhaup | kalawan Sang Arjuna | eman warnane sang dèwi | ora timbang warnane lan priyanira ||
46. sigêg wuwuse jro pura | samana kang anèng jawi | Sang Aprabu Suyudana | angagêm kaprabon aji | amakutha buka sri | grudha mungkur sotya murub | sêsumping orenira | cèn-oncèn mutyara adi | ulur-ulur sangsangan nagakawaca ||
47. kêlat bahu binggêl rikma |[46]
— 69 —
kancana pinatik-patik | akampuh jingga pinrada | calana acindhe wilis | mawi kroncong sang aji | yèn sinawang tuhu mungguh | sariragêng pidêksa | sambada rowa kaèksi | lir Hyang Endra arsa siniwèng pra dewa ||
48. nitih gothaka sang nata | kuda astha kang pangirid | ingiring kadang kadeyan | sata Kurawa pra sami | panganjur kang lumaris | Sri Karna Ngawangga Prabu | tuhu bagus taruna | baranyak digdayèng jurit | lêncir kuning agilig sariranira ||
49. wus prapta gapura nulya | mandhap saking guthakadi | tinampan nênggih sang nata | lawan narendra kêkalih | Kumbina lan kang rayi | Lesanpura Sang Aprabu | anganthi sang pangantyan | umanjing marang jro puri | prapta laju ingarak kapanggihira ||
50. sang rêtna praptèng wiwara | kinanthi ing ibu sori | mêndhak nulya nguswa pada | mijiki pada sang aji | nulya akanthèn kalih | manjing madyaning kadhatun | jajar lênggah nèng têngah | ingapit-apit pra putri | garwanira pra tamu nata sadaya ||
51. para nata samya prapta | jawat astanira sami | mung Sang Rêtna Banowatya | manguswa pada paraji | kang prênah sêpuh sami | samya paring sapda[47] ayu | miwah para sori nata |[48] sadaya sampun waradin | tan antara para nata mring pandhapa ||
52. alangên bujana samya | andrawina lan paraji | lawan sagung pra punggawa | suka-suka amênuhi | datan anguciwani | pasugatanira prabu |
— 70 —
dene para wanudya | pinisuka-sukèng puri | lawan sagung rabine para punggawa ||
53. tan ana ingkang kacuwan | sadaya tamu waradin | anutug kasukanira | sagung ingkang para mantri | panêkar punggawalit | nèng paglaran unggyanipun | dènira pinisuka | tan kêkurangan prasami | sagung tamu mênuhi sugatanira ||
54. kawuwusa wau sang dyah | tan dangu lênggah ing jawi | dupi tinilar sang nata | gya pamit marang bu sori | lamun puyêng sang dèwi | pamit manjing gêdhongipun | kang wetan dhatulaya | ingkang wus pinajang adi | tilamira pangantèn lamun apanggya ||
55. nanging Sang Parta tan ana | wit wau sampun umijil | umarêk kang raka nata | Yudhisthira Sri Bupati | apan lagya apanggih | dinangu darunanipun | matur jarwa Sang Parta | miwiti praptèng mungkasi | lêlampahan duk ngupaya gajah seta ||
56. langkung ngungun sri narendra | piduwung cuwaning galih | pinupus karsaning dewa | wêkasan suka tan sipi | amung Sang Jodhipati | tan eca raosing kalbu | dadyaris angandika | hèh Parta ingsun mamêling | aywa sira miwiti akarya durta ||
57. andhêku Radyan Pamadya | dhuh kakang langkung kapundhi | dhawuh paduka mring amba | datan sinupe salami | ulun namung sadrêmi | umilir karsa sang prabu | piniji amomonga | marang putra sang sudèwi | kinèn mardi pinrih manuta ing karsa ||
58. pan ing mangke kalampahan |
— 71 —
dhaupira sang sudèwi | lan Kakang Prabu Ngastina | ulun labuhi ngupadi | sasrahan gajah putih | tambêl sinarayèng pupuh | panuju unggul yuda | antuk kang karya lêstari | kongsi mangkya tan lana karsaning dewa ||
59. gya mentar Sang Arya Parta | tan tumut bujanèng jawi | wangsul manjing dhatêng pura | wit mulat sang rêtna dèwi | wus mentar saking ngarsi | praptanira puri laju | marang gêdhong paesan | sang dyah tan ana alinggih | kewran ing tyas Sang Parta sajroning nala ||
60. nulya matak lêlimunan | marang dhatulaya manjing | nurut gandaning kusuma | wus panggya sang rêtna dèwi | amung lênggah pribadi | sarwi tumungkul kapiluh | dangu wau Sang Parta | datan nadmata sang dèwi | pan inganti wijiling pasambatira ||
61. ririh pasambat sang rêtna | adhuh bathara dewadi | samantên titah sangsara | awit cuwaning kang ati | pêgat sihirèng kapti | sinambadana sang ulun | ulun arsa apanggya | lawan ariningsun mangkin | woding nala kang manjing thêlênging netra ||
62. lamun datan kasambadan | luwung pulungên wak mami | kadya Sang Rêtna Kasimpar | datan kadawa rudatin | sang dyah marêbês mili | marawayan wêtuning luh | langkung wêlas tumingal | Sang Parta dupi umèksi | dadya badhar wus lênggah kaparèng wuntat ||
9. Pangkur
1. anguswa thi-athinira | sang rêtnayu kagyat nulya nolih |[49] wit damar rumamyang kurung | datan pati apadhang | nging tan samar sang rêtna dupi andulu | kalamun wau Sang Parta | kang lênggah anèng ing kering ||
2. sun sêngguh sira
— 72 —
acidra | datan bisa ngulari unggyan mami | wit ngalih nèng jro kadhatun | aris muwus Sang Parta | nora watak Arjuna cidra ing wuwus | lan datan kewran ngupaya | marang kang sinêdyèng kapti ||
3. anyêthot wêntis sang rêtna | nora jamak sira tuhu wong sigit | prasêtya marang ing wuwus | ingsun pan wis pracaya | marang sira kasaguhanira tuhu | wus datan mêlang tyas ingwang | mung ywa lali awak mami ||
4. Sang Parta angaras sigra | nora lali ingsun marang dewati | pathi-pathining wong ayu | kalamun tuhu sira | maksih trêsna marang raganingsun iku | pusthinên sajroning nala | ucapna pêparab mami ||
5. sakala pan ingsun prapta | nora cuwa mring sira angladèni | mamrih carêming wulangun | mêngko sira sun rêksa | yèn sang nata arsa anêkani kayun | sira nyuwuna pratôndha | sihira nata mring kami ||
6. wit bisane antuk karya | gajah seta srati putri sing kami | iku yakti dadya sêmu | sasmita panyuwunta | sri narendra pangawak dirada pingul | sucia panggalihira | anut pamêrdining èstri ||
7. aywa darbe butarêpan | marang ingwang lamun marêka benjing | têtuwi usada wuyung | wus mangkono kewala | ingsun pamit mêdal manawa linuru | mring kakang mas Wrêkudara | nyumêlangkên marang mami ||
8. sang rêtna gita anyandhak | wêntisira Sang Parta dèn tindhihi | lawan wêntisnya sang ayu | sarwi aris
— 73 —
ngandika | ora olèh ingsun sira arsa mêtu | tunggonana raganingwang | pyarsakna wangsulan aji ||
9. kadyaparan patrapira | sun antèni kewala anèng ngriki | yakti kawanguran ingsun | saiba dukanira | sri narendra tumêka ing awak ingsun | mèsêm nyêthot angandika | paran mau sira manjing ||
10. dene tan ana kang mulat | miwah ingsun mau datan udani | Sang Parta lêgêg tan muwus | anggung anguswa-nguswa | myang mêmêluk marang madyanya sang ayu | amidih kang payudara | kasêsêk uswa katitik ||
11. gumrêgêt suruh kalihnya | pan tinahan-tahan datan ngêndhani[50] | saya srêng adrênging kayun | anêmpuh byat Sang Parta | sang rêtnayu winawa manjing tilamrum | Sang Parta nêkani karsa | agulêt yudanya kalih ||
12. dangu pangulahing rana | antuk tandhing samya widagdèng jurit | kasok wau kalihipun | pyuh nèng asmara samya | angga lêsu marlupa kadya kinulup | ngalèlèh sakalihira | Sang Parta èngêt ing wadi ||
13. trangginas sang dyah binêkta | mring botrawi kalihira sêsuci | gya nata busananipun | mangun tasik sang rêtna | ukêlira tinata wus pulih wangsul | tan owah cacênthungira | wangsul lênggahira kalih ||
14. pan anggung cucup-cucupan | kalihira tan lilih akaronsih | samana wus lingsir dalu | Sang Nata Duryudana | ingaturan manjing tilaming kadhatun | ragi kawuron sang nata | samana duk arsa manjing ||[51]
— 74 —
15. ing gêdhong gita Sang Parta | lêlimunan anilap kang pangagsi[52] | sang nata datan andulu | mrêpêki sang surêtna | manuhara wuwusira bêkur-bêkur | sang dyah gumêtêr ing angga | duk sang nata parêk linggih ||
16. lukar busana sang nata | linadenan Sang Rêtna Banowati | suka sang nata ing kalbu | ngartika jro wardaya | yèn sang rêtna parigêl ing tandang-tanduk | sawusira sami lukar | sang rêtna binopong manjing ||
17. marang jungut tilamira | sri narendra arsa nêkakkên kapti | sang rêtna anyêngkah gupuh | sarwi matur ngrêrêpa | dhuh pukulun nêbihna ingkang bêbêndu | dasih ta pan kumawawa | nyuwani karsa sang aji ||
18. mapan wanita kawula | nadyan kawal sayêkti tanpa polih | nanging jawata linuhung | anggung aparimarma | saciptane ing titah sadaya sinung | sinambadan pangèsthinya | marmanta amba ing nguni ||
19. nyuwun bêbana paduka | gajah seta lawan sarati putri | têgêse panyuwun ulun | dhatêng paduka nata | sri narendra pangawak kang gajah pingul | nênggih panggalih paduka | kang tulus suci sang aji ||
20. anut sarèhing wanita | sori nata nênggih amba puniki | marmanta kang amba suwun | paduka sri narendra | lamun amba darbe kadang angkat tuhu | wus prasêtya lawan amba | wus dangu praptèng samangkin ||
21. nênggih arinta Arjuna | kang wus labuh mring paduka narpati | miwah
— 75 —
ta sakadang ulun | katri kang samya wanudya |[53] labuh pati duk dhinustha ditya prabu | pun Arjuna tawan gêsang | dènira sampun labuhi ||
22. marma wit mangkya sang nata | ulun nyuwun lilah paduka aji | panggalih paduka prabu | aywa darbe sujana | mring Pamadi kalawan dasih ta ulun | upami cipta anyata | wus lami dhaup lan mami ||
23. têmbene nagri Ngastina | yèn Pamadi nuju tuwi ing mami | lilanana nulya pangguh | marang jro dhatulaya | ywa rêringa paduka mring awak ulun | adarbea butajêngan | dhatêng amba lan Pamadi ||
24. makatên panyuwun amba | yèn wus sagah sang nata pan lastari | ulun suwita sang prabu | lamun tan nyagahana | sande mangkya kewala ngong mijil lalu | saking pura ing Mandraka | arsa ngalaya ing bumi ||
25. lan malih sadangunira | nèng Mandraka ulun pamit sang aji | dèrèng ngladosi sang prabu | mangun langên ing tilam | benjing lamun praptèng Ngastina satuhu | kawula sumanggèng karsa | pukulun aywa agipih ||
26. sang nata lêgêk miyarsa | nging tan bisa sawala kang prajangji | dadya asagah sang prabu | sadaya kang paminta | kinarilan sambadanirèng panuwun | lêga tyasira Sang Parta | samana dupi miyarsi ||
27. gya mijil saking jro pura | lêlimunan tan ana kang udani | kawuwusa sang aprabu | ajrih mêksa sang rêtna | wit wus jangji asagah panyuwunipun | salamine nèng Mandraka |
— 76 —
sang prabu nahên gung kingkin ||
28. sinigêg ingkang nèng pura | ingkang samya kasukan anèng jawi | saratri samya anutug | prapta enjang sadaya | gya binangun bujana siyang sang prabu | lawan sagung wadyabala | tan ana kacuwan sami ||
29. kunêng kang anggung bujana | ing Mandraka kawuwus kang dityaji | Timbultaunan Sang Prabu | samana wus miyarsa | sirnanira kang wadya caraka diyu | krodha wau yaksadipa | budhal lumurug tumuli ||
30. kêrig sagung wadya yaksa | praptanira Tasikmadu nagari | wus sêpi praja asuwung | anglarug[54]mring Mandraka | anglacak Sang Arjuna sarayanipun | kang nirnakkên butanira | samana wus ngancik nagri ||
31. Mandraka ajarah rayah | langkung rusuh tandangira para wil | gègèr sagung tiyang dhusun | angungsi marang praja | kagyat mulat kya patih punggawa sagung | têtanya karananira | dènira samya angungsi ||
32. aturira sagung janma | lamun ana ripu prapta para wil | tan wilangan wadyanipun | saking Timbultaunan | angulari Arjuna sarayanipun | Tasikmadu Sri Narendra | prapta Mandraka puniki ||
33. gatgada Rêkyana Patya | Tuhayata nulya têngara aglis | gong bèri munya angungkung | gègèr sagunging wadya | gêgolongan ngumpul sami kancanipun | tinindhihan pra punggawa | para ratu nèng sitinggil ||
34. tan dangu praptaning ditya | panganjuring baris anulya manjing | ngalun-alun [ngalun-a...]
— 77 —
[...lun] nulya ngamuk | nirbaya nirwikara | tandangira barubuh ditya prangipun | saksana pinapag yuda | sadaya samya mangusir ||
35. rame rok bôndayudanya | tanpa taha dènira mèt pêpati | gumarêdêg wadya diyu | mèh angêbaki papan | samya miris wadya janma duk andulu | kasor kasêsêr kang yuda | pra punggawa apêpulih ||
36. awas mulat para nata | atêtulung sami mangsah ngajurit | Baladewa Sang Aprabu | kalawan Wrêkudara | lan Arjuna Sang Karna ngambul akiwul | samya ngudanakên sara | kèh ditya samya katitih ||
37. yudanira Wrêkudara | lawan Natèng Madura kang pinilih | ditya punggawa binujung | ingusir Alugora | Wrêkudara ngundha gada ngangsêg sampun | amapag pêpatih ditya | ginada sapisan mati ||
38. krodha mulat sang yaksendra | apêpulih pêjahira sang patih | panggih Baladewa Prabu | samya tanya-tinanya | wuwusira sang yaksendra makrura asru |[55] lah sapa sira umapag | yudaningsun ing ajurit ||
39. baya prênah apa sira | lan Arjuna satruningsun sayêkti | Baladewa asru muwus | ingsun kadange tuwa | lan Arjuna aywa tanya pilih mungsuh | Ratu Madura ragèngwang | tan kuciwa angladèni ||
40. tandhing samining narendra | krodha nêmpuh yaksadipa ambindi | oncat Baladewa Prabu | anyampluk Alugora | indha wau
— 78 —
yaksadipa malês nêmpuh | nalorong musalanira | ingendhan Baladewaji ||
41. dangu dènira ayuda | para ditya samya asilih ukih | corok-cinorok ing pupuh | kèh mati katibanan | jêmparingnya Arjuna lan Karna Prabu | nipis atis alorodan | tan dangu sirna para wil ||
42. pantara ditya punggawa | ngantêp yuda gumrudug andêrpati | Wrêkudara mapag pupuh | gada kadya likasan | pan pinutêr munggèng asta kanan nêmpuh | singa kasrèmpèt ing gada | sirna tan ana ngudhili ||
43. Karna Parta datan mêndha | angudani jêmparingira kalih | kumutug lir jawah nêmpuh | sirna kang katibanan | tumpês tapis ditya sadaya alampus | mung kari sang yaksadipa | tasih sarosa ing jurit ||
44. tandhing lan natèng Madura | dangu-dangu kalenan sang yaksaji | kênèng Nanggala gumêbrug | tiba klumah nèng kisma | dhêlak-dhêlak kinèn amupuha gupuh | anging sang nata tan arsa | yaksendra pêjah tumuli ||
45. wus sirna kuwandanira | giris mulat sagung ditya lit-alit | bubar ngungsi samya larut | marang ing wanawasa | sêsingidan marang jurang parang trêjung | mriyangyang dadya siluman | kawuwusa ingkang kari ||
46. tinêtêg unduring yuda | kang wadyalit kinèn samya bucali | wangke sadaya linarung | marang tirta narmada | sasirnane sawa sigra sang aprabu | wangsul dènira bujana |
— 79 —
lawan sagung wadya aji ||
47. wus tata palênggahira | mangun suka andrawina sadasih | kawuwusa dangunipun | dènira mangun suka | nèng Mandraka samadya côndra sang prabu | Suyudana Sri Narendra | pamit kondur Ngastinaji ||
48. arsa malih binawahan | kang pangantyan anèng Ngastina nagri | ngulêmi kang para ratu | sadaya ingaturan | mring Ngastina angarak ing lampahipun | jumurung natèng Mandraka | samana siyaga sami ||
49. Patih Sangkuni pinatah | ngrumiyini lampahira sang aji | wus budhal sawadyanipun | miwah sata Kurawa | kang sapalih kinèn samapta amêthuk | anata kang pamiwaha | myang kuwuning para aji ||
50. sapta ari antaranya | budhalira wau kang para aji | datan kawarna nèng ênu | praptèng nagri Ngastina | wus pinarnah pakuwonira pra ratu | mênuhi kang pasugata | tan ana kang nguciwangni ||[56]
51. kongsi prapta madya côndra | nèng Ngastina wau kang para aji | tan winarna rêngganipun | wau kang pinangantyan | pan wus atut Banowati Sang Rêtnayu | kalawan Sri Suyudana | pra ratu anulya pamit ||
52. jinurungan gya sapamapta |[57] nulya budhal sawadyanira aji | sowang-sowang lampahipun | tan ana kang kacrita | wus raharja ing marga myang prajanipun | Arjuna umiring raka | marang Ngamarta nagari ||
53. anggung anandhang asmara | ketang dènnya nutug apulanggati | lan rakanira Sang Ayu | Banowati tan beda |
— 80 —
gung kalanglang mring ari Sang Parta dangu | pan anggung nandhang wiyoga | wau rajaputra-putri ||
54. kacarita duk samana | sabên côndra Sang Parta atêtuwi | marang Ngastina anamun | tan ana kang uninga | tan winarna solahira amangunkung | nêkani karsa kalihnya | kongsi rapih Banowati ||
55. nèng Ngastina wus ajênak | wit Sang Parta kang kêrêp anêkani | Suyudana datan wêruh | krana tandang sang rêtna | datan surut bêkti sungkêm patrapipun | sang rêtna darbe pidikan | anèng sajêroning puri ||
56. kalamun Sang Parta prapta | jumujuging anèng pidikan putri | tan ana janma lumêbu | sanadyan sri narendra | datan kenging tumingal salêbêtipun | kalamun Sang Parta têka | Sang Parta pamit sang aji ||
57. manungku anèng pidikan | aturira arsa muja samadi | nênuwun putra sang ayu | sang nata tan nglêgewa | wit tan nate tarakbrata sang aprabu | manungku anèng pidikan | anggung bujana sang aji ||
58. sampat ruwiyaning gita | kang manitra anyuwun pangagsami[58] | kang karsa mulat sadarum | carita paprênesan | mèt tuladha ala ayuning pra arum | sesa-sesa kang nupiksa | bêkjane[59] raga pribadi ||
59. kang arda manggih ardaya | kang rahayu yêkti ayu pinanggih | adiling dewa puniku | tan kêna sinasaban | lair batin samya waspada kadulu | Hyang Manon datan kalingan | sagung sasolahing janmi ||
10. Gambuh
1. kang gambuh murwèng tuduh | kèh wanudya kalulun ing kalbu | kênèng godha
— 81 —
ardaning priya tan yukti | dadya wong candhala iku | katêmah praptaning layon ||
2. duk wau kang tinutur | putrinira Mandraka Sang Prabu | mung têtiga warna sami ayu luwih | kuncara mring liyanipun | linamar kang para katong ||
3. pambayun Sang Rêtnayu | Erawati nênggih têgêsipun | pan rasaning tirta marta kang utami | prabawa ngayêmi tuwuh | suci ing galih sang sinom ||
4. akèh kang para ratu | kang anglamar lan kang dhusthèng laku | nging sang rêtna ing galih datan kagimir | ciptanira mung mituhu | mring ibu rama sang katong ||
5. anut sapangrèhipun | wit pracaya sihing rama ibu | sadhawuhe sayêkti dipun lampahi | kanthi susêtyaning kalbu | satêmah dhaup sang sinom ||
6. antuk ratu pinunjul | Sri Madura kêkasih dewagung | panuksmaning Sang Hyang Basuki linuwih | mangkana duk dhaupipun | mawa sasrahan kinaot ||
7. para dewa kang angsung | sèn-isèning kaendran kang mudhun | ingestrenan widadara-widadari | lastari saturunipun | jumênêng Madura Katong ||
8. kadwinira winuwus | Surtikanthi nênggih artinipun | tyasnya sang dyah salami gung ngati-ati | tarlèn patitis ing laku | duk pinacang maha katong ||
9. Suyudana Sang Prabu | datan sarju wit wikan satuhu | yèn sang nata panggalih datan utami | parimarmaning dewagung | Suryaputra kang kinaot ||
10. tinuntun driyanipun | nulya mulat kalangkung kayungyun | karo sami pratignya têkèng mêkasi |
— 82 —
têmah dhaupirèng dangu | kaidèn jawata karo ||
11. Suryaputra linuhung | satriyadi sakti sudibyanung | trahing dewa panggalihira utami | gya mukti saturun-turun | makatên èsthi sang sinom ||
12. upama duk ing dangu | tinampanan mring Pamadi iku | yêkti sêtya marang priya angandhêmi | nging Pamadi atumambuh | kalangkung merang sang sinom ||
13. sêriking galihipun | mung angèsthi antuk priya agung | kang atimbang lawan Pamadi ing warni | tinêkan dening dewagung | tan siwah warna sang anom ||
14. kaping tri kang winuwus | Banowati têgêse kang têmbung | lir baita momot saliring pakarti | tan kuciwa warnanipun | tangkêp amot tyas angêmong ||
15. bangkit anuju kayun | marma ingkang ingarah kayungyun | Sang Arjuna satriya wasis mumpuni | kawawa anyêgah kayun | parandene mêksa kasor ||
16. bêkjane maksih emut | angandhêmi pacangane dangu | mung anggaro Banowati kang alamis | jinurung pangèsthinipun | angrangkêp priya kalangon ||
17. saking sihing dewagung | pan tinêkan saèsthining kayun | sabubaring bratayuda Banowati | binoyong Arjuna sampun | putranira tumpês karo ||
18. wêkasan sedanipun | sinambêlèh lir sato satuhu | dening Arya Aswatama lampah juti | duk arsa anyidrèng laku | anumpês Pandhawa katong ||
— 83 —
19. Parikêsit duk wau | maksih jabang pan kêna babêndu | amatèni pandung têtiga linuwih | Swatama Kartamarmèku | Karpa Pandhita kinaot ||
20. pêjahira tatêlu | sing jêmparing liru tandukipun | ingayoman Bathara Krêsna kang uning | ingêsotkên katrinipun | dadi sato luwih asor ||
21. mangkana labuhipun | kang wanita tan sêtya ing kakung | Banowati langkung ingugung sakapti | suka-suka among lulut | lan Arjuna krama mangro ||
22. têmah nistha pinangguh | siya-siya sedane sang ayu | marma iku wawasên sajroning galih | bêcik anulat ing laku | kang tulus praptaning êndon ||
23. titi wêwarah emut | amarsudi ayuning tumuwuh | aywa ngugung marang sukane pribadi | kalamun tan awas emut | satêmah patine awon ||
24. lir Banowati iku | putrèng nata kayoman satuhu | satriyadi widigdaya sura sêkti | parandene nampi kukum | labêt panggalih kang asor ||

0 komentar:

Chat Box

Check Page Rank of your Web site pages instantly:

This page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service