Pages

Subscribe:

Thursday 22 March 2012

Ramaparasu [1] : Lahiripun Ramaparasu

Swuh rep datapitana. Anenggih ing nagari Kanyakawaya. Sinten ta ingkang anyakrawati mbahudhendha ing kana, anenggih Sang Prabu Gadi. Raja agung kang darbe gegayuhan luhur lan agung. Kapan sang raja samadi, Sang Prabu yekti kuwawa pepanggihan kalawan Jawata kang murbeng dumadi. Jroning samadi, tan ana kang kapinta, amung sawiji kang dadi gegayuhaning nala.
“Dhuh Jawata Agung! Ing sangandhaping pepayung pukulun, nagari lan para kawula tansah gesang ing karaharjan. Sabab saking punika dhuh sang maha pangayom, kersaa paring langgenga pangayoman saking pukulun. Nanging menawi pukulun mboten kersa paring nugraha dhumateng  titah paduka kados ingkang kula pinta, mugi pukulun paringa kanugrahan awujud putra ingkang luhuring budi, santosa, dirga yuswa lan kalis ing sirna kajawi saking karsaning Sang Hyang Wisnu kang nglantaraken ing tepet suci”.
Jroning samadi, panuwun Sang Gadi kabul, turun putra kang dinama dama bakal diparingake. Nyata yen Para Jawata tansah asih tresna kalawan sang Raja.  Nanging sang Prameswari tan bangkit anggarbini, putra kang kapinta siyang pantaraning ratri, praptane kaya dene adoh lintang sinawat balang ing kayu. Rasa kuciwa sedhih lan rasa duhkita, angrem jroning manah sang Prabu.
Nikmat mupangating kamulyan kang kinecap ing nguni sakala ilang muspra. Sang Prabu pungkasane remen bebara ing wana gung, munggah ing redi kang dhuwur tur wingit. Pitekur telenging wana lumampah anjalak paningal urut gigiring redi miwah tepining samudra. Ora ngemungake  papaning para manungsa, nanging tumeka ing dangkaning drubiksa dharahing asura, uga karambah.
Prameswari kang setya tansah sih sinisihan bebarengan sak lakuning sang kakung. Jroning pangumbaran, sakarone tansah mrangguli para brahmana, resi  lan para muni, kang teguh denya sumujud mring sang akarya jagad. “Apa ta kang kapinta jroning samadining para brahmana, para resi lan para muni kang dicecadhang rina pantaraning ratri?” tetanya sang Prabu yen ta kawijiling lesan.“Sajatine, para suci kuwi ora mbutuhake brana picis, kamulyaning ngaurip apa dene turun. Nanging kena ngapa para suci tansah tekun manekung ing samadine?”
Saya suwe lan asringe sang Prabu anggone srawung kalawan para suci, atetuker ing babagan ilmu sejatining ngaurip, sang Prabu wiwit pana pranawa ing galih. Uninga yen ta tekad kang kekiblat marang kang sinayudan bakal nuwuhake gegeter jroning ati, kang wusanane kabul kang dadi sedyane.
“Tan ana kang ginayuh ing alam dunya iki” para suci nerangake marang sang Prabu, “kang ginayuh amung sawiji, muga-muga kita bisa napaki nirwana!”
“Iki sayekti paminta kang ora bakal kaleksanan ing ndunya” Sang Prabu Gadi ngudarasa jroning driya, “Nanging senajan kaya ngana para suci iku tetep teguh. Yen ta tindak pitekur iku kinabul dening jawata, iku kaya dene tindak kang ora muspra”.
Ginugah rasanira sang Prabu Gadi marang tekad kang sakawit, angambali panuwun mring Sang Maha Agung. Panekung samadi lan panuwun marang Gusti linakonan kanthi tumemen, sayekti kinabul. Sawijining dina sang Prameswari nggarbini. Wus wancine, Prameswari mbabar jabang bayi pawestri kang sulistya ing warna, tetenger kang kaparingake, yaiku Setyawati.
Senajan jroning nala Sang Prabu kuciwa dene amung ginanjar putra pawestri,  nanging Sang Prabu darbe pangarep arep ing tembe bakal darbe putu putra. Panuwune sangsaya mempeng, panuwun yen ing tembe Setyawati bisa kapundhut garwa dening sawijining raja agung binatara. Lan turun Setyawati kuwawa anyakrawati mbahudhenda lungsur keprabone kang rama.
Tetanda kang mangkana sangsaya kasat mata, nalika Setyawati wus akhir dewasa. Dedeg weweg kinanthi ing teja kang mencorong agawe goreh para muda kang kataman asmara. Ora mokal lamun keh para raja kang sedya ngayunake Sang Dhewi, nanging meksa isih katampik, sabab durung ana kang nuju prana.
Kocap kacarita, ana prastawa  kang dadi kejoting penggalihe Prabu Gadi, sawijinging brahmana kang abebusana sudra marak ing ngarsane Sang Prabu ngaturake sembah.
“Nuwun amit pasang kaliman tabe, mugi tinebihna ing siku dhendha, kula pun Ricika, putranipun Brahmana Brighu. Keparenga matur ing ngarsa Paduka Sang Prabu. Awit saking sabda Sang Bathara Waruna, yen Setyawati, putri jengandika Sang Prabu punika, sayektos sampun ginaris dados jodho kula”
Sakala legeg penggalihipun Sang Prabu. Yen kawetua bakal ngucap “ Apa waras Brahmana kang murang tata iki?”
Sawatara lama Prabu Gadi datan bisa angandika. “Kepiye cara nggonku nampik kanthi alus”. Nanging pangandikane amung kasimpen jroning ati. Pekewuh yen nulak, lan rinasa bakal gawe tatune brahmana mudha.
Nanging yen Setyawati kaparingake marang Brahmana kang lugu, mungguh apa kedadiyane mengko . . . . . .
Tetimbang kang wus pinilah jroning batin, Sang Prabu wekasane muwus, “Apa pancen bener lamun Bathara Waruna wus tumurun prapta ing ngareping andika? Ingsun percaya marang sira, nanging tudhuhna bukti luwih dhisik. Ing kene ingsun prasetya, yen sira  bakal bisa nggarwa putriku, Setyawati, lamun wus bisa ngaturake bebana kang bakal kapundhut”
“Sumangga Sang Prabu, kersaa ngaturaken dhateng kula, bebana menapa ingkang kakersaaken?”Ricika ngaturake tetanya.
“Ya, kaping sepisan, andika kudu ngaturake kudha cacah sewu, wulune ules abang kang duwe kuping sisih kiwa warna ireng. Kapindo, andika mesti duwe rerupan, kang sok sapa kang andulu andika, temah katujuprana. Kaping telu, andika kudu bisa ngrawuhake Bathara Waruna bebarengan sak laukumu . Dene kang kaping pat, Bathara Waruna mesthi paring sabda dhewe, yen andika iku kang sayekti dadi jodone Setyawati putriku”.
Sigra Brahmana Ricika sawusnya midhanget aturira Sang Prabu Gadi, tumuli manjing wana nedya pepanggihan lawan Batara Waruna. Sidhakep saluku juga, ngeningake panca indriya, nutup babahan hawa sanga, sekawan kang binengkas, sajuga kang sinidikara. Tan antara dangu, tumurun saking awiyat Bathara Waruna mrepegi unggyaning Brahmana Ricika.
“Heh putuku Ricika, apa baya dene sira katon suntrut pasemonira?” Batara Waruna ndangu.”
Gurawalan Ricika ngaturake sembah pangabekti ing pepadane Bathara Waruna. Sakala Brahmana mudha atur katrangan bab pamundhutira Prabu Gadi kang rinasa abot sanggane. Sakala ngguyu lelatahan Bathara Waruna dupi midhanget aturira Sang Brahmana Muda Ricika.
“Sakabehe pamundhut saka Prabu Gadi bakal ingsun leksanani. Mara iringana laku  jeneng ingsun makayangan”.
Jaran satus kang ulese abang talingan sisih kiwa ireng, wus kaparingake dening Sang Bathara Waruna. Sakteruse Brahmana Ricika dipepaes dadi wujud satriya kang bagus tanpa cacat, guwaya kang mencorong tejane. Sewu para dewa dewi hapsara lan hapsari samya ngiring tumuruning Ricika nuju ing negara Kanyakawaya.
Sanalika Prabu Gadi kepranan ing penggalih dupi ngawuningani calon pinanganten. Sakala sakabehing bebana lan sakabehing sarat srana dipasrahake lan sang Prabu Gadi, ing dina kuwi uga Ricika lan Satyawati di-palakrama-ake.
Ing pahargyan kang kagelar agung iku, rawuh ingkang rama Ricika inggih punika Maharsi Brighu kanthi rasa suka basuki. Sareh sang Maharsi manabda mring Dhewi Satyawati.
“Anakku angger Satyawati, saka rasa sukur lan tumus saka jroning ati, mara ta matur marang pun rama, sesumbang awujud apa kang dadi pepenginanira?”
Sembah pangabekti Setyawati katur sang Maharesi. Sakala matur ing ngarsanira sang Mahayogi.
“Dhuh Kanjeng Rama Resi, sampun lami kanjeng rama Prabu kagungan pangidham idham, inggih punika peputra kakung. Sabab saking punika keparenga paduka rama Resi kersa paring lelantaran kanugrahan katur kanjeng rama wujudipun satriya ingkang watak sura sudira. Dene kanugrahan ingkang  kula gegadhang awujud putra ingkang watak brahmana kadi dene ingkang ramanipun”
Rinangkul sang Dewi, dupi Maharesi Brighu midhanget aturira mantu kinasih, mangkana aturira.
“Iku aran gegayuhan kang tumus saka putri kang bekti marang wong tuwa lan tandha bekti marang kakung, saka nugrahane dewa kang maha agung, ora wetara lama sira lan ibumu bakal darbe turun putra kang sira gegadhang”.
Maharesi Brighu sakala maringake bathok cacah loro, kang sawiji isi sega sak rampadane, kang sawiji maneh isi powan kang kudu inginum”.
Sabda Sang Brahmana ” Yen ta sira sanggama, sesucia sawusnya cecarem. Ing papan mburi petamanan, ana witing pala. Rangkulen wit mau! Ing mengko sira bakal nduwe turun putra kang dadi kembanging bangsa lan soroti padhanging alam ndunya. Aja nganti lirwa ngger anakku Setyawati!”.
Nalika pahargyan wus paripurna lan para dewa wus samya kondur makayangan, resi Brighu uga jengkar kondur mring pertapan.
Kocap, babak anglayoni jujul anyusuli, rikala sang dewi ngaturake apa kang dadi sesumbang rama maratuwa. Saka bungahing ati kang tanpa upama, andadekake worsuh prentahe Sang Mahresi, bathok kekarone kaparingake marang kang rama, lan uga sarat srana kang mesthi mesthi katindakake.
Sakala kagyat Maharsi Brigu kang sinung netra sayuta. Sakala Maharsi prapta wangsul ing ngarsane Dewi Setyawati.
“Dhuh anakku Setyawati, kena ngapa kedadeyan iki dadi kosok balen. Nanging iki wus ora kena dilakoni wola wali. Ing tembe anakmu bakal asesipat satria, lan wong atuwamu bakal darbe putra kang sinung watak brahmana”.
Kagyat gora wekasan dupi sang Dewi midhanget aturira ingkang rama. Geter badan sakojur, tetesing waspa dres mijil saka netyane Satyatawati, sakala Sang Dewi ngrungkebi pepadane ing kang rama Resi. Nanging wusanane kapupus, matur Dewi Satyawati marang Maharsi.
“Kanjeng Rama Resi, menawi kados mekaten lampahan ingkang kasandhang dening putra paduka, keparenga putra jengandika minta panyuwun dhumateng para jawata lumantar paduka Sang Resi. Mugiya ing tembe putu kula ingkang awatak brahmana ugi”.
Tangis ngaruhara ngruntuhake welase Sang Maharsi Brighu, sabdane sang maharsi ririh
“Putraku Setyawati, sun waspadaake panuwunira tumemen thukul saka tumusing ati. Mula saka kuwi, anakmu tetep sinung watak brahmana lan putunira ing tembe bakal watak satriya. Mengkono kuwi tetepa dadi panebus kang rinasa adil”
Sakala Sang Maharsi Brighu sirna saka pandulunira Dewi Setyawati. Lega tyasira Dewi Setyawati, rumangsa sukur marang kamurahaning Jawata kang akarya jagad raya.
Sangang sasi sepuluh dina, Dewi Setyawati anggarbini. Putra kakung kang lahir saka guwa garbane gegatra mawa cahya wening. Ingaran Jamadagni. Ing tembe Jamadagni dadi sawijining satriya kang tanpa tandhing, kadidene Sang Hyang Syiwa kang karem anglebur bumi yen pinuju ing palagan paprangan. Sura sudira wataking Sang Jamadagni, nanging nora katingal darbe watak adhigang adigung adiguna. Jroning longkanging wektu, Jamadagni karem ing wewacan kitab suci, lan suka marak ngadhep ing ngarsane para suci brahmana muni, ngudi kawruh luhuring budi. Mongkog ing driya Dewi Satyawati yen mulat putranira kang mahambeg satriya pinandhita.
Tatkala lengser keprabon gumanti keng eyang Prabu Gadi, Jamadagni anggarwa putri Prabu Prasnajid, kang asesilih Dewi Renuka. Kembanging jagad kidunging para mudha kang kasambut ing larasmara. Para pujangga nggambarake menawa sulistyane Dewi Renuka kaya dene soroting sasadara. Keh para raja kang padha ngayunake nanging amung Jamadagni kang nujuprana ing rasanira Sang Dewi.
Sih tresnane sakloron dadi lelandesan nggenya Sang Prabu Jamadagni ngembat praja. Sahingga kasusra ing jagad yen Prabu Jamadagni tuhu raja ingkang mahambeg pandhita.
Ing tengahing paprentahan, dumadakan Sang Prabu kersa lengser keprabon, mahas ing asepi. Sakwusnya pamit mring rama maratuwa lan keng rama, lengser Sang Jamadagni nilar kamukten sarimbit lan ingkang garwa Dewi Renuka.
Jronong wana, tilas raja binatara hamangun pertapan kang rinengga ing pepethetan sekar kang pinantha pantha maneka warna. Wewangunan balumbang kang isi mina mina pating sliri, kagubah kaya dene papan ciblon, kinarya ngenggar enggar tyasira ingkang garwa kang dereng kaparingan turun.
Ananging sang Renuka sejatine datan ngrewes marang kaendahan kang karipta dening ingkang garwa.
“Kakang Pandhita, sajatinipun mboten perlu paduka angripta sedaya kaendahan ingkang keparengipun dados panglipuring manah kawula. Paduka kepareng tilar kamukten nggandheng kawula salaku jantra, punika wujud darma tiyang estri ingkang setya ing kakung”.
Mongkog rasaning penggalih sang Jamadagni midhanget aturira Dewi Renuka. Nyata yen sang Dewi tuhu tresna lahir tumusing batin marang saliranira. Tan ana rasa kuciwa jro batin sang Jamadagni. Tansah sih sinisihan kekarone ana ing papan kang adoh saka alam karameyan.
Ing kana jabang bayi kang aran Jamadagni Putra, ya  Sang Ramaparasu, wiwit mulat padhanging surya. Manungsa kang ing tembe nyata dadi gegayuhaning Sang Prabu Gadi nggenya tekung semedhi nalika samana.

0 komentar:

Chat Box

Check Page Rank of your Web site pages instantly:

This page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service