Pages

Subscribe:

Thursday 22 March 2012

Ramaparasu [3] : Ramaparasu Prasapa (2)




Surak mawurahan ambata rubuh gumerah saka barisaning para prajurit kang pinandhegan dening raja bangsa Hehaya. Sang Prabu kang darbe watak angkara budi candhala, sigra prapta ing udyana, kasambut dening kang angasrama. Dewi Renuka kang gugup, gita gita angacarani rawuhe Sang Prabu. Rena panggalihe raja saking Hehaya, nanging bawane raja kang kumalungkung, tanpa taha taha sigra apeprentah Dewi Renuka masrahake lembune kang nedya kapragat kanggo pangan wadya balane.

Sang Prabu, lembu punika namung setunggal gadhahan kawula, Renuka ngaturake katrangan, lembu punika inggih ingkang dados sarana kangge ngaturi sesaji powan dumateng para Jawata manawi kakung kula nuju memuja. Kados pundi kedadosanipun, menawi kakung kula mangertosi ing bab punika.
Apa aku kudu wedi marang guru lakimu? Apa sira ora mangerteni yen sepira kawibawan lan kesektenku? Sereng pitakone Sang Prabu kang sajatine tanpa perlu kajawab.
Saklimah datan ana kumecap Dewi Renuka. Nanging sorot netrane anuju marang Sang Prabu, tanpa ana rasa jirih, malah kepara nantang. Mulat tingkah polahe Sang Dewi, raja Hehaya ngguyu latah. Ora nganggo wigih areringa, Sang Prabu sigra parentah dawuh mring wadya kang dhedherek, kinen nyeret lembu kang dikeparengake. Renuka amung anjegreg, datan kaduga nyaruwe, amung nyawang lembu kang sineret dening para prajurit kanthi ati kang nalangsa saka swara sambate lembu kang ngaruhara siniksa ing sadalan dalan.
Datan pantara lama, Resi Jamadagni rawuh nganthi lan para putrane. Mulat taman kang bosah basih kaya mentas katempuh ing prahara, kadangu Dewi Renuka, ana prastawa apa kang kedaden nalika tininggal.
Ana bab kang kepriye, Renuka?
Renuka matur kang sejatine prastawa kang nembe anekani kanthi rasa sedih. Daya daya Sang Resi sigra ndawuhake marang Ramaparasu supaya nyuwun wangsul lembu kang wus rinebut.
Enggal cegaten raja Hehaya, mintaa kang sarana aris. Lamun nora rila kapinta sarana becik, borong lan sira Ramaparasu!
Sigra cancut taliwanda Ramaparasu kang awatak prajurit. Tan antara dangu Ramaparasu wus ayun ayunan kalawan raja Hehaya. Tanpa nganggo taha taha tinrambul wani raja Hehaya sakwadyabalane, temah pancakara dedreg umyeg. Ora lega rasane, Ramaparasu gya ngunus warastra, katamakake ing jaja tembus ing walikat, sirna margalayu raja trah Hehaya.
Ora nggandra sepiraa tingkahe raja kang tindake sumongah sesongaran iki. Nyata yen sira titah kang darbe watak duraka, budimu siya.
Prajurit kang pada murina saka patine ratu gustine sigra ngepung wakul mbaya mangap. Nanging dudu Ramaparasu kang darbe watak jirih, genti musthi wadung kang gedhene ngedab edabi. Kadya prahara kang anempuh kekayon, pating blasah kuwandhane para prajurit. Kang pada urip padha lumaris salang tunjang rebut dhucung pati pati ambentusi.
Babak anglayoni jujul anusuli, kedadeyan ing kana nyata ana satru culika. Rekyan apatih kang uninga lamun ratu gustine wus dumugining tiwas, nanging tan kuwawa tangkep jaja kantaran bahu kalawan Ramaparasu, gya tinggal glanggang, nanging nuju mring pretapan bareng sawatara barisaning para prajurit.
Ora bakal kuwagang aku  andhingi krodhane Ramaparasu kang banget sekti mandraguna, luwih becik, kita nindakake kerti sampeka, besmi bumi angus pertapane kanjeng ramane, lan pateni Resi Jamadagni sakrandhahe, mangkana prentahe kalawan para prajurit.
Ramaparasu datan mangerti tumindake Rekyan apatih. Rasa kang angigit igit, nggugah rasa tega marang raja saking tlatah Hehaya punika. Rinajang rajang, lan kabalang ing saindenging papan.
Kocap, Resi Jamadagni kang taksih kalimput ing rasa gempal penggalihe. Kaget gora wekasan dupi aningali kanyatan lamun pertapan wus kinepung wakul binaya mangap. Nanging bawane Sang Resi kang wus ngeringake kasudibyan, nyata ora darbe rasa nedya nglawan. Sanajan ing mudhane tandang sikeping kaprajuritan sejatine datan samar marang kasekten tingkahing wong Hehaya kang rinasa kuwawa kasingkirake. Nanging kang katindaake ing wanci iki amung memuji, muga daya daya Ramaparasu prapta bali marang ing pertapan. Nanging kang sinedya maksih adoh papane. Tan pantara dangu, Resi jamadagni wus kinarocok gegaman. Tumbak, pedang lan panah tumama ing sarirane, katingal tatu arang kranjang, ludira anelesi ponang raga kang wus ambruk ing bantala nandang katriwandhan. Renuka lan kadang Ramaprasu papat, sakala mapagake unggyane Sang Jamadagni. Nanging tekdir wus lumaku, sirna Sang Resi ing pepangkone para garwa lan putra. Surak mawurahan gumuruh para prajurit Hehaya kang gumbira, sabab musuh wus kapracondhang.
Ramaparasu kang nalika samana taksih anjegreg ing pepereng, nyawang sirnaning raja saking Hehaya, kagyat midhanget gumerah surak mawurahan. Kaya sinengka, gya lumayu andatengi papan pertapan kang kinepung wakul binaya mangap. Muntap kanepsone Ramaparasu, sigra ngunus sanjata Bargawastra, panah kang gedhene anggegilani udakara sagedhening tumbak lan darbe kasekten kang ngedab edabi.
Santosa pangadege, njenggereng kaya Batara Kala arsa nglebur bumi, sorot netrane mangalad alad cinandra kaya Bathara Yama arsa njabut nyawa, anjangkah nggeterake bumi prakempa. Sigra linepasake panah Bargawastra nuju ing pabarisan, sakala prajurit kang ngepung asrama kadya kasapu ing prahara, tumpes keles kaya babatan pacing.
Nanging kaya ngapa dhuhkitane Ramaparasu, mulat ingkang rama kang tinesranan wus tumekaning sirna. Saranduning badan kanjeng ramane karanjap sakehing gegaman. Surem diwangkara kingkin lir manusa kang layon, dunya ilang ingkang memanise, wadananira landhu, kumel kucem rahnya maratani. Saklimah tan ana kumucap, lon lonan jangkahe Ramaparasu nuju marang jasade ingkang rama, sigra rinangkul ingarasan wadanane. Angigit igit kabranang rasaning driya, kaya mbaledhag dhadhane kang ngampah sruning deduka.
Nalika samana para brahmana, resi, para muni kang angasrama ing cecaketaning pratapane Jamadagni, samya rawuh nguntapake layone Maha Resi. Kekes angles swasana ing asrama tan ana kang anyabawa kaprebawan rasa duhkita. Kayu gaharu cendhana sari, rasamala, lan kenanga wus sangkep samapta ambesmi layone Sang Jamadagni, sumusul gumrenggeng swara pepuja sesanti, angiringi upacara kang sigra katindakake. Dene ing pancaka wus mangalad alad mubal urubing dahana. Nanging tanpa ana kang ngira, dumadakan jenggirat Ramaparasu malumpat lan madeg, sarwi angucap prasapa;
Para kang rawuh ing upacara, Kanjeng ramaku sawijining raja. Ing sisa sugenge milih urip ing jagading kabrahmanan. Kanjeng rama ora remen mungguhing pakarti adigang adigung adiguna kang sumandhang ing para satriya kang pepayung kaya dene laku darma. Mula saka kuwi, yen ta tataning ngaurip isih ana golonganing satriya, mesthi katentreman lan karahayon ing ndonya ora bakal cinipta, langgeng jroning daredah! Darma satriya amung perang lan perang! Mungguhing para satriya, darma kadi dene bab kang paling mulya ing dunya iki. Muga muga dewa paring murka marang kabeh para satriya!
Wektu iki aku prasapa, muga para kang rawuh ing upacara lan jagad sak isine anekseni, tumuju marang karahayoning dumadi, ing ngendi wae, kapan aku ketemu pawongan saka golonganing satriya, luwih luwih yen aku ngrungu kabar, andulu tingkahe para satriya, bakal tak ilangake kabeh para satriya mau saka tata panguripan lumantar panahku Bargawastra lan sanjata wadungku. Muga seksenana, kondangana sumpahku, kabarana warta iku hingga angebaki sakindenging jagat raya!
Sumujud Sang Ramaparasu marang sang ibu, ingarasan pepadane sarwa minta idi-pangestu. Ajejabat astane mring para kadang, tumuli Ramaparasu cengkelak ngasta sanjata, malumpat oncat, sirna saka ing pandulu kalingan ing rungkuting kekayon. Pawana ngidid, kekayon geter kasempyok ing dayaning pangaribawa lampahira. Aja ta para buron wana sato galak kang karem mbadhog daginging manungsa, jim setan peri prayangan padha lumaris salang tunjang. Mengkono uga sakehing para bekasakan tan ana kang wani anyaketi.
Kurban kang kapisanan kapilih inggih punika para satriya turun Hehaya. Para satriya wangsa Hehaya datan ana kang mangga puliha, padha kacandhak kaprewasa tumpes tapis tanpa sisa. Nanging datan bombong rasaning Sang Ramaparasu, kayadene ngokop banyuning segara, tambah salit kang gondhang. Semana uga rasaning Ramaparasu kang tambah ngangsa angsa, ing ngarepira wus katon tlatah wangsa Kertawirya.
Dongeng punika kapethik lan
kaolah mawi bumbu sarwa jawi, saking kitab Ramayana,

0 komentar:

Chat Box

Check Page Rank of your Web site pages instantly:

This page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service