Pages

Subscribe:

Thursday 22 March 2012

“Limbuk” Khoirun Nisa



Obrolan Cangik-Limbuk
. . . . . . agoreh pan dadya pantes, ma lar kung, Oooo. . . . . __________________
Cangik: nDuk, anakku Khoirun Nisa. Dina dina iki tak ulatke pasemonmu kok ketok sumringah. Sedhela sedhela mesem, sedhela sedhela ngguyu dhewe. Aku kok ngrasaake uwas kepara kuwatir. Sebab apa, lha lehmu mesem mesem kuwi mung dheweyan. Lha yen aku sing ndelok, ora papa. Sabab kowe kuwi anakku. Anak sing mung siji, bebasan rina pantaraning ratri ora nate ginggang sak rambut. Dadi sakpolah tingkahmu, sak solah bawamu aku wis ora samar. Lha yen wong liya sing nyawang kowe mesem ngguyu dhewe, lha mengkone malah njuk ngira yen kowe ki saiki wis owah nduk. Mak mu mbok diwenehi ngerti, sababe apa tingkahmu kaya ngana kuwi?
Limbuk: Oooalah Mak, tibake kowe ya nggatekake aku ta?

Cangik: Lha iya mesti ta nduuk. Kowe kuwi anakku mung kari siji thil. Mesthi wae kowe dadi telenging netra. Oooh nduk . . nduk, yen aku nyawang kowe suwe suwe, aku njur keranta ranta kemutan jaman semana.
Limbuk: Yen kemutan jaman semana njuk kowe keranta-ranta Mak, lowung prastawa mbiyen kuwi diilangke wae saka memory-mu Mak. Mundak dadi ri sakjoning daging, ora wurung ngrusakke raga. Mangana okeh mana, njur panganan sing mlebu padharanmu kuwi ora dadi daging, nanging manganmu okeh kuwi malah mung njupuki jatahe wong liya. Mangan okeh nanging tetap kuru kaya kowe kuwi Mak, kuwi rak jeneng efisensi metabolisme awakmu kuwi elek Mak.
Cangik: Lho, kathik tembungmu saiki ndakik ndakik, ana tembung memory, efisiensi, metabolisme . .  aku ora dhong ki Nduk. Ning iya kuwi Nduk, ngilangi pengeling eling kedadeyan jaman semana ora padha gampange kaya dene ngilangi pengemut-emut sing kasimpen ana ing prangkat elektronik jaman saiki. Yen memory sing mbok sebutake mau kang ana ing uteke menungsa kuwi mbok sedina kaping pitulikur kae dicoba linaleake, ora orane malah ilang, malah saya jero kapendhem ing pangeling eling je nduk. Perkara awakku sing singset mana, mbok menawa ya sebab saka nggonku kokehan mikirke kowe, jare nduk!
Limbuk: Ooalaah Maak, iku jeneng bir temu lawak, yen dipikir ngrusak ke awak. Tambahan meneh sing dipikir ora rumasa. Ora sah mikirke awakku banget banget ta Mak. Aku wis gedhe tuwa. Rumangsaku aku iki wis isa ngatur awakku dhewe. Aku wis mupus kok Mak, awakku sing kelewat moblong over size iki kaya wis dadi kodrat. Sakabehing cara, sakabehing usaha wis tak patrapake, ning ya kuwi, tetep wae bobot awakku ora bisa susut.
Cangik: Usahamu umpamane kepiye?
Limbuk: Aku wis nglakoni pasa, diet, senam.
Cangik: Yen sakngertiku, menawa kowe nglakoni pasa, awan hiya bener. Kowe ora mangan ora ngombe. Ning bareng buka kae, lah kowe malah ngamuk jare. Terus ya padha wae yen kowe nembe mari senam, manganmu ya saya akeh. Mula ya kuwi. Malah awakmu tambah bengkak ngana! Ning aku ya rumasa luput marang kowe nduk.
Limbuk: Luput sing kepiye Mak?
Cangik: Mbiyen nalika kowe isih cilik kae, saka tresnaku marang anak sing kari siji thil. Sakkarep pepenginanmu tak jarna wae. Mangka mbiyen kae, karemanmu kuwi mangan ayam goreng kathokan bumbu kremes sing weton Kalifornia kae. Mangka ayame kuwi ayam leghorn sing disuntik “hormon pertumbuhan”. Arep tak penggak pepenginanmu, aku ora tega. Sabab panjalukmu mbiyen yen ora tak turuti, sakal kowe budi ngayang ngayang ora meneng meneng. Sewalike, bareng gedhe kaya kowe saiki, ooohh nduk, aku rumasa luput.
Limbuk: Oooh ngana ta Mak, lehmu kelara lara kemutan jaman mbiyen kuwi. Wis ta Mak, ora orane aku sing keliwat moblong njur ilang rasa percaya dhiriku. Senajan ta awakku kaya ngene, nanging Mak, rak pirsa dhewe, nggonku srawung ora kewates saka wewangunane awakku. Delokna Mak, kancaku akeh, lanang wedok tuwa enom tak srawungi jare Mak.
Cangik: Ning ya kuwi, kowi ki wis diwasa . . .
Limbuk: Aku ngerti kekarepanmu Mak, kowe rak pangen nakok ke kapan olehe aku  momong putu, rak ngono ta Mak?
Cangik: Lho cah iki kok wis ngerti apa karepku ta ya?
Limbuk: Aja uwas Mak, aku sakjane wis nduwe gandhengan.
Cangik: Eeeh tobil, pantes wae kowe kok sering mesem ngguyu dhewe kuwi saka sebab kuwi ta?
Limbuk: Ora mung kuwi kok Mak.
Cangik: Apa meneh, aja gawe penasaran makmu lho nduk.
Limbuk: Apa kowe ora ngrumangsani ta Mak, pegaweyanku saiki saya akeh. Ndemenake! Saiki para dhalang mbayar aku sangsaya akeh. Sebab wektuku lehe manggung saiki sengsaya dawa. Peranku sengsaya wigati, nganti saiki crita wayangane dhewe malah mbuh menyang endi. Kesingkir nganti tambah cupet wektune. Senajan ta crita sing digelar lakon banjaran kang mesthi dawane, saki mung mung disingget sak karepe. Ngkono kanane, dhalang saiki wis rila kesaing karo dhagelan kaya awake dhewe Mak. Nek aku kowe ora manggung suwe, penontone dha cepet mulih je Mak. Sajake kreativitas sastra para dhalang saiki ora kuwawa ngiket penonton kaya tak sebut upamane pagelarane Ki Timbul apa Ki Narta mbiyen.
Cangik: Eeeeh tobil anak kadhal. . . . ora kepikiran aku. Iya jare! Blanjaku saya akeh ning aku ora rumangsa. Mestine aku seneng, malah pikiranku nglangut mikir sing jaman Bapakmu Mas Bei kae!
Limbuk: Nanging Mak, wola wali kok kowe sajak ketrucut muni anakku sing mung kari siji thil. Apa mbiyen aku ya nduwe sedulur Mak.
Cangik: Anakku nduuuk. Mula atiku keranta ranta ya merga saka kuwi. Aku walaka wae, sejatine kowe kuwi anak kembar, wedok lanang. Coba ya nduk, yen sedulurmu isih ana, mesthine kayaku tambah-tambah sangsaya pesat merga kahanan kaya saiki. Mesthine ya nduuk, nek anak ku loro lanang wedhok, kowe nglimbuk lan anakku lanang ndhagel rak             blanjane tikel matikel ta nduk. Tak critani ya nduk, mbiyen aku ki karem nonton kethoprak tobong sing pindhah-pindhah kuwi nduk. Sedulurmu nalika isih cilik kegawa rombongan kethoprak kae. Perkara jeneng ya nduk kowe mbiyen diparingi asma karo swargi bapakmu Bei: Khoirun Nisa, lan sedulurmu lanang tak jenengi . . . .
Derogdog dog dog dog dog . . . . . Gandane kang sekar gadhung, lan kembang kembang menur, kang esmu arum . . . . . .

0 komentar:

Chat Box

Check Page Rank of your Web site pages instantly:

This page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service