Pages

Subscribe:

Thursday 22 March 2012

Lakon Carangan: Bindhiraja-Sokabindhi



Kacuplik tanpa owah-owahan, saka Kalawarti Panyebar Semangat No 32 Tgl 6 Agustus 1994.
Katur marang para sutresna Wayang Prabu, kanggo referensi tumrap eja’an tulis basa Jawa kang baku.
Mendhung angendanu ing antariksa saluhuring kutharaja Ngastina, mrantandhani lamuna ana wong agung kang nandhang dhuhkitaning-tyas. Srinata pembayuning Kurawa Prabu Duryudana anawung sungkawa, sebab mendrane garwa kusumaratu Banowati kang tanpa pepoyan. Mila pasewakan agung ing rahinten iku katon tintrim. Tan wonten narapraja kang wantun tatap wadana klayan ingkang sinuwun. Sadaya amarikelu lir konjem pratala wadananae, angrantu paran dhawuhing narendra.

“Paman , paman Haria Sangkuni” kapyarsa aris sabdaning nata: “Krana antenging swasana, kanthik manira nembe susah tinilar garwa kang  tan uninga samangke ing pundi dununge. Mula pasewakan niki dina tan ngrembag swasana yuwananing praja. Nanging miligi kadospundi amrih nimbokratu Banowati enggal pinanggya lan saged kaboyong wangsul maring dhatulaya”
“Nuwun kawula noknon. Dhahat kapasang yogi, menggah karsa paduka ingkang sinuwun. Menggah ing pundi dunungipun kusumaratu ing rahinten mangke, pun paman ngaturaken cubluk mbaliluning nalar. Suwawi kadanguwa wakne gondel ingkang jejer dados pujangganing praja” ki patih sumembah
“ Bapa, bapa panemban Durna!” Sri nata manabda.
“ Oo lole lolee semonyor monyor. Wonten dhawuh punapa angger anak Prabu nimbali keng bapa ing Sokagangsal”
“Kekilapan punapa bapa, tumrap ribeting ingkang sinandhang rahina mangke. Sampun tri ari kalenggahan mangke, nimbok ratu Banowati ical tanpa pepoyan. Keparengan bapa paring kalidamar, ing pundita dunungipun yayi Ratu amrih saged pinanggya”.
“Ooooh inggih inggih inggih . Cobi kula ningali primbon langkung rumiyin, amrih patitising pambatang”.
“He he he…….. wakne Gondhel wiwit arep ngramal kiyi …… Yen ngramal aja ngeblong, lho wakne gondel”.
“Waah adhi Cuni iki, kok padhakake ngramal nomer buntut. Iki beda dhi, ramalanku iki linandhesan sir budi cipta rasa, kinanthen petungan nalar kang patitis. Sinuwun, mugi keparanga matur”.
“Enggih bapa, keparanga enggal sajarwaa”.
“Miturut primbon Kaca-ilomana ingkang winiraos lan winateg sanartan aji kul buntet, ri kalenggahan mangke, keng garwa kusumaning ratu kadhustha duratmaka saking nagari Sukamanginten nama Patih Sokabindhi. Perluning sedya, kusuma Banowati badhe ginarwa sang yaksendra Prabu Bindhiraja”.
“Menawi ngaten bapa, nimbok ratu perlu enggal karebat wangsul. Mangke ta kakang narpati Basukarna!”
“Wonten dhawuh pangandika, yayi Prabu”.
“Keparengan kakang Narpati nganthi Kurawa sawadya, nglurug dhateng nagari Sukamanginten, yen saged nimbok Ratu kapundhut sarana aris, kapeksanipun kedah kaebyukan bathang sayuta!”
“Terang dhawuh paduka yayi Prabu, keparenga rakapara nyuwun pamit!”
“Enggih, kakang Narpati, sampun ngantos kirang ing weweka. Paman haria, bibarna pasewakan , manira arsa kundur angedhaton”.
Sanalika wau, wus rumentah sabdaning nata, pindha we kresna tumameng patra. Srinata kondur angedhaton, kadherekaken para emban cethi bedhaya srimpi manggung ketanggung jaka palara lara.
Ing paseban njawi, rekyana patih Harya Sengkuni ngawe para Kurawa sawadya. Wusnya jinarwan dhawuh ing nata nulya kepyarsa tengara bendhe mangungkung, pratandha bidhaling wadya. Tan watawis dangu, tinon bebarisaning prajurit pinantha pantha miyos gapuraning kutharaja. Dawa kaya ula bebarisaning wadya , sinawang saking mandrawa yayah sela blekihti.
Nengna kang nembe lumaksana. Kang dadya gempalanging carita, tan kaya kang ndaweg nandhang kunjana papa  jroning pasewakan agung, ing pagelaraning kedhaton Sukamanginten. Sang Prabu Bindhiraja adreng ing panggalih, kepengin anggarwa kusumaratu Banowati. Kedadak sowane patih Sokabindhi, atur uninga, lamun  dinuta laku dhusta maring kedaton Nastina wus antuk gawe. Kusumaratu Banowati wis kelakon kaboyong marang nagri Sukomanginten . Gumyu latah-latah Sang Nerendra yaksa, nulya kapyarsa wuwuse kanthi bingah
“Bagus  ora ngilang ngilangake nggonku mbanja kowe saben sasi. Kae sapa kang sowan?”
Kadadak sowane bupati tamping  Kala Miruda , atur uninga lamun kutha raja wus keinepung wadya Ngastina ingkang sesumbar macia cia. Kagol ing tyas anggereng nggro angandikaning nata yaksa
“Setan alas si bedhes Kurawa. Nyaru wuwus kersaning sun langen asmara klayan Banowati .  Tiiih …. Patih Sokabindhi , mepaka wadya sagelar sepapan kango mbentengi kutharaja Sukomanginten, ingsung pribadhi kang dadi tetindhihing payudan “.
“Kula nuwun inggih dhateng sendika” . Ki patih manembah.
Para Kuraawa ngebuki kutharaja Sukamanginten kanthi bathang sayuta. Ewadene tuhu sudibya kridhaning lawan . Rumaos dreng kedugi angramungi, Narpati Basukarna dhawuh andhaane, kinen nabuh tangara mundur, nulya pasang pesanggarahan samadyaning wana , angrantu wektu kang prayoga
Ing Pecuk pecukilan, ki lurah Kanthong bolong nandhang sungkawa, kecalan pusaka Kyai Pehel, kathik pineksa bendara raden Janaka kinen ndherekake tindak. Petruk mopo, jinempalan bendara nulya lumaris. Sang Harjuna pinenggak raka Sri Bathara Kresna , Pangandikane,
“Aywa kadereng nadukake deduka yayi. Iki dina Petruk mula lagi nandahang dhuhkita. Eman yen deduka iku, asring ninggal  kawicakasanan. Mula yayi, diage ayo budhal ngupaya kadangmu dhimas Wekudara. Sira lan punakawan ngambaha dharatan, rakapara bakal ngambah wiyati”.
Sang Harjuna mantur sendika. Wus nya sri Kresna mahawan mring wiyati, panengah Pandhawa iku kadherekaken ki lurah Semar, Nala Gareng, miwah Bagong.. Angayam wana ngupadi sang Bimasena . Kedadak cinegat buta saking Sukomanginten, kang samya baris pendhem, njagi yuwananing nagri. Sulayaning rembug dadya pancakara. Mbaka sawiji para yaksa ngemasi, wekasan kari Togog, Sarawita lumaris bali lapur gustinira
Ora kaya ki lurah Petruk kang nandhang sungkawa. Begja dene nuli karawuhan sudarma sang Gandarwaraja, ndangu paran sebabe anandhang susah. Petruk matur sajarwa, bab ilange pusaka kyai Pethel. Keng rama dhawuh kinen sowan Hyang Bathara guru ing  kahyangan Suralaya. Sang nandhang sungkawa matur sendika.
Ing lawang Selamatangkep, ki lurah Petruk cinegat Bathara Cingkarabala miwah Balaupata. Nanging sepira banggane dewa tanggu kemit iku, lumawan Petruk kang nembe kebrananging tikbra. Wekasan lurah Pecuk Pecukilan iku kasil marak ngarsane Hyang Girinata , nalika kadangu perluning gati, Petruk matur prasaja nyuwun pirsa ing pundi dununge Pethel wasiat. Hyang Guru angling manabda
“Titah ulun pujangkara, sira kyai Petruk. Ndadekana ing wruhanira, lamun iki dina pusakanira lagi ngayahi jejibahan , sesingit ing waliking warana. Mbesuk teka wahyaning mangsakala bakal timbul. Saranane sira kudu tumuju marang kedhaton ing Sukamanginten”.
“Nun inggih nun inggih, matur dhateng pitedhah paduka pukulun. Keparengan pun apatik nuyuwun pangestu.”
“Hayu hayu muga rahayu ing salakumu”.
Wusnya manembah, Kyai Petruk enggal lengser saking angarsaning sang Gurudewa. Tumurun ing madyapada anjog madyaning wana . Kedadak ana prahara bayu bajra sindhung riwut . Petruk kontal mencelat tiba ing taman Sukamanginten, semrepet peteng panone.
Kusumaratu Banoawati kang cumodhok ing taman kaputren kedhaton Sukomanginten sru nandhang duhkita, den colong duratmaka duk ana taman  Kadilengeng, lan saiki dumunung ing papan anyar dudu ambah ambahane. Luwih susah maneh dene duratmaka sajarawa’ lamun sang ayu arsa ginarwa sang rajayaksa Prabu Bibdhiraja. Para emban atur lelipur, ewadenae ora bisa gawe lilih sang kasungkawan.
Tumibane Kyai Petruk ing taman agawe bingah panggalihe kusuma Banowati. Petruk anggone semaput tunulungan, para emban kinen nyawisake ndulang sega anget iwak pitik, temah Kyai Pteruk bali waluya. Nalika kadangu sebabe, Petruk matur sajarwa, wiwit purwa madya kongsi wasana.
“Lamun mengkono Petruk”, ratu Banowati ngendika, “yan mung kowe kang bisa mbebasake aku saka papan iki “.
“We lha napa kula saged, kusuma ratu?”
“Carane aku dhukunen dadi sisihanmu. Sang prabu Bindhiraja teka kene, lawanen, lan akua gawana mlayu!”.
“Hi hi hi  lucu. Kula kok duwe sisihan sing ayune kaya panjenengan. Nggih nek ngoten. Kaya napa ujude si raja buta”.
Galeyah galeyah tinadake sang Prabu Bidhiraja kadherake patih Sukabindhi lumebet taman keputren.  Kersane yaksanata arsa motha-motha kusumaratu Banowati, nanging jebul sang kusumaratu wus lenggah jajar kalayan pawongan kang anyar katon. Patih Sukabhindhi gumuyu latah layah dupi uninga, lamun Petruk kang ngaku minangaka garwane sang ayu. Bramantya sang Bindhiraja arsa masesa kyai Petruk. Trengginas Petruk nyaut astane dewi Banowati, trus ginawa mlajar nilar taman keputren, kaoyak Sang Bindhiraja sakukuban.
Ing madyaning wana sang Harjuna myang panakawan miwah keng raka Sri Batahara Kresna, kaleksanan pinanggya kang den upadi, anenggih sang Bimasena . Nalika tinanya sang  Sena prasaja, lamun lungane saka Ngamarta awit nggoleki Pusaka Kyai gada Rujakpolo kang mendra saka praja. Nembe kewala eca denya sami oneng-onengan, kedadak praptane Petruk menggeh menggeh sarwi nggandheng Kusumaratu Banowati. Sang Ratu pinasrahake bendara raden Janaka, nuli sajarwa lamun kaoyak raja buta sawadya. Para bendara nuli mapagakaen yuda Prabu Bindhiraja lan Patih Sukabindhi kangsarwa prawireng ayuda tan tedhas ing brajalungit. Paripaksa para satriya ngunduri yuda. “Dimas Werkudara lan kowe Petruk”. Pangandikane sri Kresna wus mulat sarana netra kadewatan “layak ta layak dina iki padha kontit. Nanging yayi, lan kowe Petruk, kudu bali maneh marang pabaratan”.
“Mhmm, mooh haku luwung mopo, Jlitheng kakangku “
“Kula inggih trimah mundur sinuwun” Petruk manembah .
“Pada sumurupa, lamun raja buta lan patihe iku setemene gada lan pethel sing pada sira goleki. Aja kok lawan sarana bandayuda, balik rangkulen aja nganti ucul”
Jenggirat sang Bimasena miwah Peruk wangsul maring pabaratan , kaya wus teka wahyaning mangsakala, lamun kang namur rupa pinesthi mulih mula bukanira. Prabu Bindhiraja rinangkul sang Bima babar dadya gada Rujakpolo. Dene ki Patih rinangkul Petruk, babar dadya kyai Pethel. Wadya rucah samya manungkul, kinen bali marang prajane .
Ketungka praptane para Kurawa kang salah tampa, kinira sang Banowati ginonjak raden Janaka . Kadereng tikbra , Kurawa tan percaya katrangan kang nyata, temah dadya sulaya. Trengginas sang Bima nyipta sindhung riwut bayu bajra. Para Kurawa kendhang bali marang negarane

0 komentar:

Chat Box

Check Page Rank of your Web site pages instantly:

This page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service