Pages

Subscribe:

Thursday 22 March 2012

Alap-alapan Surtikanthi



Alap-alapan Surtikanthi, Jayasuwignya, 1930, #170
1. Sinom
1. tarunaning rèh ukara | nuwila gônda kang nulis | mêmalar sagung nupiksa | manawi wontên kang sisip | mung kumêdah ngêngawin | mamrih sukanirèng kalbu | sagung kang sarju miyat | tuladhaning crita nguni | datan liya amung nyênyadhang aksama ||
2. kang ngarang balilu nyata | tan wikan paramèng tulis | mèngêt duk panuratira | nujwari Jumuwah Pahing | tri likur Sahban sasi | Ehe ing warsa tinutur | sangkalanirèng warsa | nir rasaning srira aji |[1]cinarita kang môngka jêjêring kôndha ||
3. ing nguni natèng Ngastina | Prabu Jayapitanaji | anglamar maring Mandraka | mamrih garwa narapati | Sang Dèwi Erawati |
— 95 —

kinarya sayêmbara wus | murca saking jro pura | mangkana kang antuk kardi | Baladewa narendra nagri Madura ||
4. wurungira sri narendra | karsanira tan ngunduri | tumurun putri pamadya | parab Sang Dyah Surtikanthi | uwus tinampan yêkti | mangkana wau winuwus | nuju sawiji dina | mangkana Sri Kurupati | asewaka lênggah dhampar mas sinotya ||
5. munggwèng singangsananira | balabar kang samya nangkil | pra kadang satus Kurawa | pêpak kang para dipati | tan ewah sabên ari | ingkang kaparêk ing ngayun | Sang Maharsi Sokalima | lan Paman Arya Sangkuni | dhêdhêp sirêp tan ana sabawanira ||
6. kocap nagri ing Ngastina | tuhu nagari linuwih | jumênêngirèng narendra | binathara nyakrawati | praja gung loh jinawi | pasir wukir panjang punjung | praja ngungkurkên arga | amangku sungapan tasik | murah sandhang miwah pangan sru kuncara ||
7. kaloka nagri Ngastina | tan nate kambah pagêring | tan kasrambah ing pahilan | sagung kang tinandur dadi | rajakaya mênuhi | pitik iwèn kathahipun | angrêbda datan ana | bêbaya miwah panyakit | wong sapraja kanohan amangun suka ||
8. kaprabawa tyas narendra | karêm dêdana wadyalit | karêm ngagsama ing dosa | prandene sèsining nagri | tan ana janma juti | wit tan kurang sandhangipun | tuwuk ingkang tinêdha | lumintu dananiraji | lir narmada ilining kêkucahira ||
9. sagung wadya sih susêtya | prabawa [praba...]
— 96 —
[...wa] ambêging aji | rumêngkuh rinakêt samya | paramarta sadu budi | samana jro tinangkil | sang nata busananipun | abra rikma[2] sinotya | lir tranggana ngikis ratri | sêmunira kadya jawata mawantah ||
10. sidhêm jroning panangkilan | tan ana swara kapyarsi | dhêdhêp kang samya sumewa | mung sabawa para gêndhing | anglaras ting carêngkling | umung nèng pasebanipun | barung swarèng kukila | prêkutut manggung nyalahi | langkung asri kapyarsa sabawanira ||
11. siliring kang samirana | ngirid gônda sari-sari | karya ayêm ingkang niwa | samana sri narapati | andangu kyana patih | raharjaning prajanipun | ature kyana patya | raharja amundhisari | wong sapraja tan ana ingkang duhkita ||
12. suka duk nata miyarsa | anulya ngandika malih | marang Rêsi Dhanyang Durna | hèh paman ta kadi pundi | lampah ingkang prayogi | mring paman Mandra Prabu |[3] gyan manira anglamar | marang Sang Dyah Surtikanthi | dèrèng wontên wangsulan ingkang sanyata ||
13. aturira Dhanyang Durna | dhuh pukulun narapati | saking panawang kawula | mokal kalamun anampik | dhatêng paduka aji | binathara ratu agung | manawi sawêk siyaga |[4] ngêngimpun rêngganing puri | margi arsa miwaha sri binathara ||
14. sapintên nagri Mandraka | tan paja lamun tinandhing | kalawan nagri Ngastina | satuhu kalangkung kontit | marma lamun marêngi | wontêna karsa sang prabu | rawuh dhatêng Mandraka | mawa angsal-angsal sami | raja-bakal raja-dadi ingkang kathah ||
15. minôngka panjurungira | dènirarsa ngrêngga puri |
— 97 —
baya lamun paduka |[5] makatên karsa ngrawuhi | kawêngan tyas sang aji | ing galih langkung panuju | nulya dhawuh mring Patya | Sangkuni kinèn miranti | yèn sang nata karsa têdhak mring Mandraka ||
16. miwah kinèn mirantia | babêktan kang adi-adi | pèni-pènining Ngastina | raja-bakal raja-dadi | sapalih sining puri | kinèn ambêkta sadarum | patih matur sandika | anulya jêngkar sang aji | manjing pura ingiring Sang Dhanyang Durna ||
17. praptèng srimanganti nulya | wangsule sang maha rêsi | sri nata tumamèng pura | mangkana sajroning puri | ari nata Sang Dèwi | Drusilawati puniku | ingkang siniwèng para | parêkan kênya jro puri | lênggah anèng samadyaning purantara ||
18. wus dangu angarsa-arsa | rawuhe raka sang aji | lungsene ing wancinira | langkung sabênira nangkil | tantara duka kèksi[6] | kondurira sang aprabu | ingayap para biyada | manggung katanggung umiring | para kênya kang sami anggana raras ||
19. gita sang dèwi amapag | anèng samadyaning kori | sang rêtna anguswa pada | sigra tinarik sang dèwi | lumampah anèng kering | samya lênggah madyanipun | ing pura nulya wêwarta |[7] mring ari sang rêtna dèwi | sasolahe dyanira mêntas sewaka ||
20. kang rayi kinèn cawisa | busananira sang aji | dènnyarsa têdhak Mandraka | ywa kongsi kuciwèng margi | sang dyah suka tan sipi | sandika ing aturipun | anulya parêng dhahar | ngrasuk busana sang aji | sigra têdhak mijil saking purantara ||
21. upacara anèng ngarsa | praptèng pasewakan [pase...]
— 98 —
[...wakan] jawi | sang nata lênggah sakêdhap | upacaranirèng aji | gantya ingkang angampil | pra punggawa anung-anung | samana rêkyana patya |[8] wus samapta sawadyaji | gya têngara budhalakên wadyabala ||
22. gumuruh panganjurira | asri rêngganing lumaris | sapalih para Kurawa | kang kinèn samya umiring | sapalih tugur puri | kinèn jagi prajanipun | mangkana lampahira | wadya Ngastina nèng margi | kadya ngarak gamêlan samarga-marga ||
23. akarya gègèring wadya | samya tumonton atitip | atap satêpining marga | suka sami angrasani | lamun karsa sang aji | ngarak mring Mandrakanipun | arsa apalakrama | antuk Sang Dyah Surtikanthi | marma dahat kathahing babêktanira ||
24. wus lêpas ing lampahira | mijil sajawining nagri | angambah desa-ngadesa | wadya Ngastina nagari | suka-suka samargi | sinigêg gantya winuwus | parênganing lampahan | nênggih Ngawôngga nagari | yagsa[9] dipa jêjuluk Karnakunjana ||
25. maksih jêjaka sudibya | sudira pratamèng jurit | ing dalu wau yagsendra | supêna panggih sang dèwi | kadya ngunggah-unggahi | Surtikanthi namanipun | ngakên putra Mandraka | mangkana sang yagsa aji | wungu nendra kataman ing larasmara ||
26. kapasuk nandhang wigêna | angame kadya kagingsir | sang nata ngrasuk busana | sigra amiyos tinangkil | para wadya gung alit | pra samya niwa sadarum | pêpak ingkang wadyabala |[10] ingkang kaparêk ing ngarsi | êmban nata ingkang wasta Windusara ||
27. dityèstri
— 99 —
limpat ing guna | bangkat[11] angambah wiyati | bisa manjing lêlimunan | sudira julig ing jurit | kapering kyana patih | ditya gêdhug agul-agul | angrèh janma lan ditya | wadyane sang narapati | mbêk prakosa Sang Patih Kalakardhana ||
28. ing wuri para punggawa | ditya têtangsuling jurit | anggabag samya sumahab | anèng ngarsanira aji | mangkana sang narpati | anggung gêrêng-gêrêng ngrungrum | katon kadya lawanan | ngandikan miwah pawèstri | yèn sinawang yagsendra kadya agila ||
29. mèsêm-mèsêm ngrêrumpaka | kadya manuhara aris | makatên ing wuwusira | yagsendra ingkang kawijil | dhuh-dhuh pêpujan mami | boya nyana raganingsun | katiban wahyutama | saking parmaning dewadi | nora larang wong ayu tinuku ing prang ||
30. aywa adoh-adoh sira | nimas dicakêta linggih | marenea ingsun êmban | apa nèng pangkon alinggih | wong kuning anjêkining | eman-eman dènnya lungguh | anèng dharat kewala | karya apês ingkang bumi | nora patut anôngga sariranira ||
31. mangkana Nyi Windusara | karuna matur sang aji | dhuh pukulun sri narendra | èngêta paduka gusti | mugi dipun sayuti | sarasaning tyas mawuyung | pun biyung tadhah duka | kamipurun amambêngi | saking dahat sungkêm kawulèng paduka ||
32. mugi karsa sajarwaa | darunaning tyas akingkin | pun biyung sagah dhatêngna | punapa kang dados galih | nata
— 100 —
sawêg siniwi | tan patut angugung wuyung | winulat sagung wadya | karya lingsêming nagari | mugi-mugi padukarsa sajarwa ||[12]
33. pun paman patih siyaga | lan sagung punggawa aji | sumahab sanegèng yuda | nyênyadhang dhawuh sang aji | sinungana ing kardi | kang awrat atakêr marus | datan gumingsir samya | binalangna lir selardi | tan anggrantês tyasira para punggawa ||
34. asêgu nata lir gêlap | nulya angandika aris | hèh biyung kawruhanira | ingsun mau bêngi ngipi | apanggya lawan putri | Surtikanthi namanipun | ngaku putrèng Mandraka | arsa suwita mring mami | luwih ayu ing warna kadya kartika ||
35. sarira gilig araras | pêdhês gandês ulat manis | kulite kuning nyêpaka | sasolahe milangoni | prapta atawan tangis | arsa ngungsi wuwusipun | anèng praja Mandraka | dadya parêbutan janmi | nging sang rêtna datan kapadhan ing karsa ||
36. iku biyung paranana | dhusthanên Si Surtikanthi | yèn kadangon raganingwang | manawa têkèng ngêmasi | saking awrat kagimir | tan kuwat anahên wuyung | Ni Êmban Windusara | gadgadèng tyas tur ing gusti | dipun sarèh ngantosana prapta amba ||
37. wotsari sigra umêsat | Windusara widik-widik | kari mangu sang yagsendra | nulya dhawuh marang patih | hèh patih sira aglis | nusulna punggawaningsun | têtêlu kang prayitna | miliha kang warni-warni | angodhola mêmanuki lakunira ||
38. si biyung kang laku dhustha | marang ing
— 101 —
Mandraka nagri | patih umatur sandika | sigra jêngkar sang yagsaji | gandrung-gandrung samargi | lampahira kapirangu | wus laju manjing pura | kawuwusa kyana patih | nulya matah punggawa tri kang prawira ||
39. Kalakeya kang sajuga | Kalakathung ingkang kalih | Kalakrêndha katiganya | wus samya winangsit sami | wigatining lumaris | mring Mandraka ancasipun | baris jawi nagara | papêndhêman niling warti | lampahira Nyai Êmban Windusara ||
40. lamun miyarsa kang warta | Kusuma Dyah Surtikanthi | wus murca saking jro pura | kalilan mulih pra sami | ananging yèn miyarsi | Windusara pêjahipun | anèng nagri Mandraka | kinèn sami apêpulih | tur sandika punggawa tri asiyaga ||
41. mêpakakên wadyabala | sagêgamaning ajurit | dupi samapta gya budhal | gumuruh swaraning baris | ditya samargi-margi | karya swara sru gumuruh | sasêmbèn lampahira | watak wantuning para wil | pinisuka ingunggar sakarsa-karsa ||
42. wus lêpas ing lampahira | mêdal laladan nagari | ing Angga liyan jajahan | ngancik praja myang wanadri | anasak datan sami | anurut marga kang agung | lampahe sêsiliban | anusup-nusup wanadri | wus kapungkur samana nagri ing Angga ||
2. Pangkur
1. mangkana wau lampahnya | wadyabala kapapag anèng margi | sunguting baris atêmpuk | lawan wadyèng Ngastina | nulya takon-tinakonan karyanipun | arêbat marga ing lampah |
— 102 —
samya adrêngira sami ||
2. têmah dadya salawana | samya krodha wadya panganjur jurit | ing yuda kalih atêmpuh | tanna arsa sumimpang | wadya alit acaruk wor yudanipun | dangu-dangu wadya janma | kasoran akèh ngêmasi ||
3. kawênangan pra punggawa | ing Ngastina senapati ngawaki | pêpulih ing yudanipun | larut kang wadya ditya | angunduri ngungsi alingan ing pungkur | wau punggawa Ngawôngga | duk mulat lawaning jurit ||
4. ulap kaworan mêmaras | wit karoban lawananira jurit | dadya nilip lampahipun | nalusup salin marga | turut jurang kang pêtêng miwah asirung | samana wus pêpisahan | ing lampah samya lastari ||
5. wus lêpas ing lampahira | wadya janma saking Ngastina nagri | sinigêg gantya winuwus | nênggih wukir Saptarga | Sri Bagawan Dipayana lênggah nuju | anèng madya pacrabakan | ingadhêp wayah sang pêkik ||
6. sumungku nahên duhkita | sru kaluluh jwalitanira kèksi | datan ana aturipun | migu[13] tanpa ngandika | sang bagawan mulat wayah sêmunipun | kalangkung bramintaning tyas | dadya angandika aris ||
7. dhuh wayah ingsun Sang Parta | paranbaya karananing rudatin | wus dangu sira nèng ngayun | tan paja darbe wêca | sru kaluluh wadananira sêngut |[14] adhuh kaki dèn pasaja | paran darunaning kingkin ||
8. ywa karya mêlanging driya | wong taruna anggung asring rudatin | akarya kusuting kalbu | apês sariranira | yèn satriya kapasuk [kapa...]
— 103 —
[...suk] sungkawanipun | suda jayaning ngayuda | lamun pandhita rudatin ||
9. akarya pêtênging cipta | wus biratên kaki pêtênging galih | sajarwaa maringsun |[15] apa ing karsanira | sun jurungi kaki ing karsa satuhu | mangkana myarsa Sang Parta | mung minggu marêbês mili ||
10. aris umatur ing eyang | dhuh pukulun eyang sang mahayogi | kalilan amba tumutur | kulina anèng arga | anyêthikkên bêdhiyanira sang wiku | datan kawawa nèng praja | anggung kangtaman[16] ing sisip ||
11. sang wiku kagyat miyarsa | lah ta kaki sira satriya luwih | yèn anggung matapèng gunung | aluput jênêngira | yèn satriya tilar praja sabèng gunung | suminggah pêpasthèning hyang | datan prayoga sayêkti ||
12. paran darunaning karsa | têka sira ing nala amutungi | baya sira antuk bêndu | saking kakangirendra | layak nora kaki prabu kongsi bêndu | marang sira dahat sihnya | ngungkuli srira pribadi ||
13. Arjuna kèndêl kewala | tanpa ngucap mung waspa adrês mijil | wanti-wanti sang awiku | têtanya tanpa karya | gya andangu marang Sêmar sang awiku | hèh ta kakang Badranaya | paran darunaning kingkin ||
14. wayah ingsun Si Arjuna | têka dadak katêrês ing panggalih | baya sira ingkang wêruh | kamulaning duhkita | Lurah Sêmar anjêngèk ing aturipun | dhuh pukulun panêmbahan | apuntên tuwan ing mami ||
15. satuhu datan uninga | ingkang dadya darunèng ing rudatin | mung saking pamyarsa ulun | wayah tuwan
— 104 —
sang nata | lan pra ari arsa têdhak amartamu | marang ing praja Mandraka | nanging wayah ta sang pêkik ||
16. datan parêng umiringa | kinèn kantun atêngga kang nagari | manawa inggih puniku | karya meranging nala | wayah tuwan dadya anglès marang gunung | praptaning ngarsa paduka | dadya kogêl atur uning ||
17. Petruk sumambung wuwusnya | inggih layak pukulun sang ayogi | wayah paduka puniku | asêrik panggalihnya | limrahipun para taruna satuhu | karênan sukaning driya | yèn jagong pangantèn panggih ||
18. tumambirang wayahira | ngaya-aya busana sarwa adi | wit panèn mulat dyah ayu | sambang liring lemeran | adol bagus sayêkti suka ing kalbu | bok wontên ingkang kapiran | kapêthuk samya pêpanggih ||
19. langkung malih ing Mandraka | kèh wanita kang endah ing suwarni | gajêge malah wayahmu | wus darbe lêlangganan | sru kapadhan ing galih samya atêmpuh | punika kang dadya marga | wayah paduka rudatin ||
20. ketang dènnya wus kakêncan | duk sêmongka[17] mangke wontên jalari | gyanira arsa pêpangguh | sampun malih bêndara | kula mawon nèng Mandraka ngaji pupung | inguja sunggatanira | saking ngarsa miwah wuri ||
21. mèsêm kacathêt ing driya | risang tapa anulya ngandika ris | dhuh wayah ingsun sang bagus | aywa sungkawa sira | wus nusula marang Mandraka kakangmu | lamun dinangu ta sira | umatura kang sajati ||
— 105 —
22. lamun ingsun kang nuduha | marang sira sumusul bantu kardi | miwah wruhanira kulup | Mandraka ana karya | sang rêtnayu calon pangantèn satuhu | ana rubeda ing lakyan | mung sira sing ngati-ati ||
23. kang dhustha maling aguna | luwih sakti kadi sira apêkik | sisip-sisip sêmbiripun | pan sira kêna tarka | marma sira dipun prayitna ing kewuh | ing laku dipun wêweka | ywa kurang waspadèng galih ||
24. gadgadèng tyas Pandhuputra | nulya pamit ngaras pada sang yogi | tan pisah anggung tinimbul | winangsit sawadinira |[18] wus tinampan Sang Parta sigra amundur | parêpat katri tut wuntat | tan têbah[19] lawan sang pêkik ||
25. wus lêpas wau lampahnya | Risang Parta miwah parêpat katri | tumamèng ing wana wulus | nusup-nusup kang marga | tanpa lèrèh andêdêr ing lampahipun | kagyat samana miyarsa | garubyuging kidang kancil ||
26. sangkula miwah andaka | lir kabêrêg palayunira sami | solahnya kadi binujung | graita Pandhuputra | nulya kèndêl samana ing lampahipun | nèng ngisoring kandhayakan | miwah kang parêpat katri ||
27. sami prayitna ing yuda | tan antara dangu nulya kaèksi | raksasa mijil sing grumbul | solahnya badhigasan | marêpêki kumasura tandangipun | gora-groraya tandangnya | lah wong apa sira iki ||
28. warnanta bagus sêmbada | mawa kanthi mawarna ingkang warni | apa jawata sirèku | kêkuwungirèng wadana |
— 106 —
luwih muncar nanging ngambah kisma tuhu | apa ta janma manungsa | têka saba ing wanadri ||
29. apa ta satriya tapa | paran ingkang dadya karyane mangkin | têka nèng wana galuyur | sapa ta aranira | miwah ngêndi ing wuri ngarsa kinayun | apa sira budhêg baya | tan miyarsa wuwus mami ||
30. wali-wali ujarira | sang ragsasa[20] anggung abriga-brigi | mangkana wau sang bagus | lah buta disarônta | wuwusira ngakua sun tanya tuhu | sapa aranira buta | miwah dhangkamu ing ngêndi ||
31. apa karyamu nèng wana | ambêbegal kumruwuk anakoni | idumu bacin amarus | lamun kongsi nyiprata | mring anggèngwang sun tigas murdanta tuhu | sang ditya kagyat asugal | tinanya durung nauri ||
32. apagsa[21] ngarani buta | junjung dhôngka marang sarira mami | Sang Parta malih amuwus | wus jamak anèng marga | atêtanya gênti tinanya puniku | lan wus jamak para buta | darbe dhôngka kang sayêkti ||
33. sang ditya wêngis wacana | saurira asarwi anudingi | bêkicik iki wong bagus | ingsun ditya bupatya | Kalakeya dinuta sang mahaprabu | yagsendra nagri Ngawôngga | Karnakunjana linuwih ||
34. kang asiyung ajêjatha | aran buta iku tandhane yêkti | dene satriya sinêbut | wêwangi lan pinôngka | yèn narendra jêjuluk lan prajanipun | mungguh jawata bathara | akayangan kang sayêkti ||
35. Kalakeya araningwang | kang pinatah ing laku mêmanuki | nyai êmban kang tinuduh | asandi mring Mandraka | mèt sang putri Surtikanthi garwa prabu | lah babo [ba...]
— 107 —
[...bo] sira satriya | arsa mring ngêndi sirèki ||
36. Sang Parta aris wuwusnya | lamun sira têtanya marang mami | Arjuna pêparab ingsun | Pamadi Pandhuputra | ya Sang Parta Janaka lan Kunthisunu | dene ta laku manira | anut tindake kang sikil ||
37. angêmong krêjêting cipta | tanpa tuju ing sêdya laku mami | Kalakeya asru muwus | sira kênèng larangan | wanuh wani narajang baris dityagung | nututa sira sun bônda | Arjuna ngandika aris ||
38. mungkur nyêlaki nèng ngarsa | lah ta mara talènana wak mami | gya nêbak jajaning diyu | watuk kasêlak-sêlak | dangu sawêg sagêd amicara asru | lah kêparat Si Arjuna | apa sira tan udani ||
39. baris buta anggabaga | winangsulan dhas buta sun idaki | manawa nyrimpêt kang rambut | sun tigas dening katga | asru mojar Kalakeya umbak umuk | baya tan wêdi maringwang | kacèk gêng luhur asagti ||[22]
40. Arjuna wêngis wuwusnya | tan angayang ingsun dulu sirèki | nora ngandhani ran ingsun | anêpak mukanira | nora watak maguru bathanging diyu | Kalakeya sugal sigra | ladak lirih wong puniki ||
41. krodha mangkrak ngawe rowang | nulya nrajang makrura mring Pamadi | anubruk-nubruk tinapuk | sarwi indha Arjuna | jênggit dhupak angidaki cêngêlipun | rinoban ditya akathah | Sêmar gya ngatag mring siwi ||
42. lah ta thole sutaningwang | dèn agupuh bantua mangun jurit | bandaramu kinarubut | ditya tanpa wilangan | apa ora wêlas sira andêdulu | Nala Garèng bêkis mojar | bandara ingkang marahi ||
— 108 —
43. tan arsa animpang marga | wus umiyat lampahe nêrak baris | dadi nêmahi kinrubut | ingong pamit sadhela | lagi tômba bubul ingsun ingkang thukul | Si Petruk bae kang waras | atagên dimèn ajurit ||
44. Petruk anambungi mojar | ingong pamit wêtêngku dahat ngêlih | wuwuse Sêmar amêlung | dulunên ika apa | busananing dênawa kang abra murup | ing mêngko kênèng ngurupna | anèng pasar ing nagari ||
45. Nala Garèng mulat sigra | anjukuki busanèng ditya sami | wau kang yuda tan wêruh | maksih asru makrura | saya ngrêbda praptaning ditya kumêlun | Sang Parta gya mamèt papan | saradibya wus pinusthi ||
46. julalat Petruk umulat | katgadèng tyas anyangking dhangkèl nuli | mangsah ing yuda apamuk | akèh wil kaprawasa | katiban ing wrêksa môngka gamanipun | kang pêjah gya dhinedhelan | inguncalkên marang wuri ||
47. kumêbul jêmparingira | Dyan Arjuna nibani ditya sami | kathah pêjah kang kacundhuk | dening sara pamungkas | datan dangu nulya sirna sagung diyu | mung kari kang wrahatbala | sar-saran lumayu gêndring ||
48. mèt pangungsèn manjing jurang | nêdya mulih marang Ngawangga nagri | mangkana Arjuna dulu | langkung sukaning driya | sigra laju lampahnya nasak wanagung | datan kawarna ing marga | sinigêg carita kingkin ||
3. Asmaradana
1. ing Pêthapralaya nagri | kocap narendra pandhita | Suryapati jêjuluke | anuju sawiji dina | siniwèng para putra | têtiga kalih kang jalu | pangarsa Dyan Suryaputra ||
— 109 —
2. Surya Anggada sumêndhi | Suryawati warujunya | duk ing nguni caritane | sang pandhita dènnya manggya | jabang bayi kang putra | anèng gandhaga mas murub | kentir madyaning narmada ||
3. putranira Dèwi Kunthi | duk maksih kênya pruwita | Rêsi Druwasa namane | anêrak wêwalêrira | aji panggêndam dewa | siram walaka tan tutup | ing wastra môngka têlêsan ||
4. kasorot prabaning rawi | Hyang Surya kasmarèng mulat | marang sang dyah ing warnane | têmah garbini sang rêtna | kang rama Sri Narendra | Kunthiboja langkung bêndu | amerang langkung sungkawa ||
5. Rêsi Druwasa amusthi | prapta sakala anyipta | sang jabang bayi wijile | saking karnane sang rêtna | nuli linarung sigra | anèng kandhaga winungkus | pananggih[23] saking sang tapa ||
6. sinidhikara sêsanti | dadya tiga kang suwarna | ari-ari wus dadine | Surya Anggada samangkya | pêpusêr lir wanudya | Suryawati namanipun | kalangkung dinama-dama ||
7. mangkana wau sang aji | waspada paningalira | marang putra sasolahe | kalamun laku dhustha |[24]marang nagri Mandraka | lambang-rêsmi lan sang ayu | Surtikanthi parabira ||
8. marma sru sungkawèng galih | kang putra pinarimarma | aywa kongsi banjurake | nanging Radyan Suryaputra | dahat adrênging nala | wus têtalèn asmara kung | kalawan wau sang rêtna ||
9. dadya pamit ing ramaji | arsa tuwi mring Mandraka | wit wus dangu antarane | manawa ingarsa-arsa | dening sang lir kusuma | kang rama anyêgah kayun | nging adrêng Sang
— 110 —
Suryaputra ||
10. saking sihira mring siwi | mulat duhkitaning putra | dadya linilan angkate | kinèn anganthi arinya | Risang Surya Anggada | sandika kalih wus mundur | gya mêsat ngambah gêgana ||
11. kang rayi Dyah Suryawati | karuna nungkêmi pada | mêlang-mêlang panggalihe | ingimur-imur ing rama | dèn ajak mangsah pudya | marang palanggatanipun | sang rêtna anut kewala ||
12. sinigêg wau kang kari | kawuwusa ing Mandraka | nuju sajuga arine | Sang Sri Narapati Salya | siniwaka ing jaba | amanggihi para ratu | dènnyarsa miwaha putra ||
13. nênggih Dèwi Surtikanthi | kalawan Sang Prabu Jaka | Jayapitana dhaupe | sampun prapta ing Mandraka | sagunging para nata | Jayapitana Sang Prabu | kadya anggege dhaupa ||
14. Yudhisthira Narapati | sakadang arine samya | mung Pamadi tan andhèrèk | miwah natèng Lesanpura | tanapi ing Kumbina | Baladewa Sang Aprabu | ajibêg nèng panangkilan ||
15. sinugata amênuhi | bujakramaning narendra | langkung suka sadayane | sang nata graitèng nala | lamun wau sang rêtna | wus darbe wawasan kayun | binedhang satriya liya ||
16. myarsa ujaring pra cèthi | lamun sang rêtna wus lama | Surtikanthi sawadine | ing ratri amôngsakala | kinunci gêdhongira | kadya sabawa karungu | wawan sabda lawan priya ||
17. nanging tan ana udani | warnane kang laku dhustha | samana nata galihe | anêdya sajarwèng putra | para nata sadaya | aris pangandikanipun | dhuh kadang [ka...]
— 111 —
[...dang] myang sutaningwang ||
18. kalangkung suka wak mami | pakênira sami prapta | nêdya anungsung karyane | sinêgaha parakrama | atur pambagya kula | basukining lampahipun | praptèng Mandraka sadaya ||
19. nanging kauningan mangkin | mênggah badhe dhaupira | putra kula sang pamase | narendra nagri Ngastina | wontên wêwangkêlira | dèwining sêkar kadhatun | amothah puguh ing karsa ||
20. lumuh dhaupa sang aji | lan malih wontên wadinya | kadi wontên lawanane | yèn dalu asring tamuan | pindha maling aguna | marma bangêt sêngkêl ulun | tan bangkit ngêntasi karya ||
21. mangkana kang para aji | kalangkung pangungunira | nata malih andikane | dhuh kaki Prabu Ngamarta | paran marmane baya | Si Pamadi datan tumut | umatur natèng Ngamarta ||
22. nênggih pun Pamadi mangkin | ulun patah têngga praja | ing wuri gung sumêlange | sumambung Sri Suyudana | paman Prabu Mandraka | tan liya kang karya rusuh | nênggih kang tan kawistara ||
23. Bratasena muwus wêngis | nora tata wong anarka | ujêr muwus pandakwane | lamun nyata uningaa | marang maling aguna | apa baya sira sanggup | anyêkêl kang laku dhustha ||
24. dèrèng kongsi anauri | katungka prapta Sang Parta | anjujug nguswa padane | kagyat mulat para nata | wau Sang Prabu Salya | rinangkul lungayanipun | Sang Parta tinanya sigra ||
25. lah bagea sira kaki | praptanira tan parêngan | kalawan kadang-kadange | paran ta darunanira | matur nêmbah
— 112 —
Sang Parta | pukulun sang mahaprabu | marmamba datan ngiringa ||
26. putra paduka kakaji | margi pinatah ing karya | akantun nêngga prajane | ananging raosing driya | kalangkung samarira | gya ulun marêk mring gunung | Saptarga cumadhong duka ||
27. jêng eyang sang mahayogi | dhawah mring badan kawula | kinèn sumusul lampahe | umarêk dhatêng Mandraka | margi pamawasira | ing ngarsa paduka prabu | anahên sêngkêling driya ||
28. karana nglêbêting puri | ingambah maling aguna | kalangkung-langkung sêktine | jêng eyang wawêlingira | ulun kinèn prayitna | awit kadibyaning pandung | tan ana janma kawawa ||
29. wus sasat dewa sayagti | bagus taruna sambada | winongwong marang dewane | sisip sêmbir badan amba | lamun kang sinaraya | manggih tiwas têmahipun | mangkana sang prabu jaka ||
30. dupi miyarsa ing warti | langkung girising wardaya | dadya aris andikane | marang wau Risang Parta | kadi angrapu basa | adhuh yayi wong abagus | katujune sira prapta ||
31. aywa tanggung sira yayi | têtulung marang ramendra | nyêkêl maling agunane | môngsaboronga ing sira | ingsun ingkang anjaga | sata Kurawa sadarum | saking jawi dhatulaya ||
32. ambêkuh Sang Bayusiwi | pintêr têmên salin basa | wong iki kêbak pamrihe | mangkana Sang Prabu Salya | aris dènira ngandika | lah kulup aywa katanggung | biratên kalilip ingwang ||
33. Parta sandika wotsari | malih ngandika Sri Salya | anuduh kang parêkane | nimbali Sang Banowatya |
— 113 —
tan dangu nulya prapta | umarêk nèng ngarsa prabu | lah ta nini sutaningwang ||
34. ingsun pitaya sirèki | titip marang arinira | Si Parta nèng jro purane | anjêjêp kang duratmaka | ywa kongsi kawistara | sêsintrènira dèn brukut | marang nini kadangira ||
35. tanggap umatur sang dèwi | sandika sarwi wotsêkar | nulya anolih wurine | dhuh yayi Parta wusira | miyarsa andikendra | sira pinatah satuhu | amikut maling aguna ||
36. sun nate mulat kang juti | tuhu bagus tanpa sama | baranyak lêncir slirane | kadya putraning narendra | sakala ingsun kagyat | sun sêngguh sira satuhu | kacèke amung sapala ||
37. wuwuse rênyah kumlinthing | sira luruh yèn wicara | lawan sarigak tandange | sagung kang para narendra | ginêgêt jro wardaya | yèn dede Parta kang pandung | anggêrêng Dyan Arya Sena ||
38. wau Sang Dyah Banowati | sigra angatag mring Parta | lah payo yayi dèn age | tumamèng jro dhatulaya | nêmbah mundur kalihnya | Sang Parta sarimbit sampun | kalawan Dyah Banowatya ||
39. kawuwusa kang anangkil | para nata nèng sewakan | tan dangu jêngkar sagunge | Kyana Patih Tuhayata | kinèn baris ing jaba | miwah Kurawa sadarum | atêpung gêlang ing pura ||
40. wadyèng Ngamarta nagari | miwah Madura sadaya | nèng paglaran panjagane | Lesanpura myang Kumbina | jaga nèng pangurakan | wus pajêg ing barisipun | para nata jêngkar samya ||
41. sri nata manjing jro puri | pra nata tamu [ta...]
— 114 —
[...mu] sadaya | wus makuwon dhewe-dhewe | sinigêg kang cinarita | wau kang manjing pura | ingkang sinarayèng kewuh | Sang Parta lan Banowatya ||
42. lêbêtira marang puri | datan kawênangan janma | miwah raka kusumane | Surtikanthi sang lir rêtna | wit dangu tan aniwa | mring pramèswari sang ayu | langkung anahên duhkita ||
43. amêmpên nèng tênggan sarwi | apuja brata sang rêtna | mêminta marang dewane | kasêmbadana kang sêdya | antuka jatukrama | kang digdaya prawiranung | abagus ingkang suwarna ||
44. ngungkulana Pandhusiwi | awit sêriking wardaya | mring Sang Parta ing ngunine | nalika Kartapiyoga | wêruhira mring Parta | tinambuhan sêmunipun | rinêbat Sang Banowatya ||
45. ingkang rinakêt sang pêkik | marma sang dyah ngônta-ônta | arsa umalês ciptane | mring ari Sang Banowatya | mêmirang lan Sang Parta | samana karsa dewagung | binedhang Sang Suryaputra ||
46. dadya sang rêtna gung wingit | amêmpên nèng têngganira | nanging ana sumêlange | dene Risang Suryaputra | dangu tan atinjoa | marma kalangkung sang ayu | katungka Sri Suyudana ||
47. wus prapta anèng nagari | Mandraka anggege môngsa | minta tumuli dhaupe | lawan wau sang lir rêtna | Surtikanthi sangsaya | anêru pamudyanipun | minta praptane Sang Karna ||
48. kalangkung sungkawèng galih | kadya nêmah suduk jiwa | anganti-anti ciptane | marang Radyan Suryaputra | pininta enggalira | prapta nèng Mandraka pangguh | anêdya lolos ing pura ||
49. dupa kumêndhêng andadi | pinancêr pangèsthinira |
— 115 —
pininta marang dewane | sinigêg kang gung turida | wau sang lir kusuma | ya ta wau kang winuwus | kang mijil sing bêbutulan ||
4. Mijil
1. lampahira Rêtna Banowati | lan ari sang anom | urut margi kang sêpi wurine | wisma-wisma kang môngka têngganing | sagung para cèthi | sadaya pan samun ||
2. samya marêk nèng sajroning puri | sumiwèng sang katong | lan nyingkiri ing raka tênggane | aywa kongsi kawênangan saking | Sang Dyah Surtikanthi | mrih sandining laku ||
3. Sang Rêtnayu Banowati sarwi | awacana alon | adhuh yayi kapanujon dene | sira prapta atêtulung kardi | pêpêtênging nagri | lan tyasnya sang prabu ||
4. luwih manèh pun kakang sayêkti | onêng kadya lamong | ngarsa-arsa praptanira mangkin | sru kagugah onêng ingsun yayi | duk mulat sun maring | solahe bok ayu ||
5. dene bedhang lawan satriya di | luwih bagus anom | miwah môndraguna kasagtène | sru kumêlap duk mulat wak mami | citrane sang pêkik | mèh-mèh ingsun sêngguh ||
6. lamun sira nyidrani wak mami | sumêdya ngalapdho | marang laku ngrabasèng tilame | mring kakang bok Sang Dyah Surtikanthi | mèh jêrit wak mami | duk sagêbyar dulu ||
7. suwe-suwe waspada pangèksi | tandang-tanduking wong | têka beda kumêthak sêmune | lan sajarwa lamun putrèng aji | wastane nagari | Pêthapralayagung ||
8. Suryaputra parabe sang pêkik | putranirèng katong | Suryapati nênggih jêjuluke | sun tan wikan purwaning pêpanggih | antara sêsasi | dènira awanuh ||
— 116 —
9. ya kakang bok kalawan sang pêkik | duk sun intip katon | kakang êmbok wus condhong galihe | sakarone pratignya ing galih | aywa kongsi panggih | lawan liyanipun ||
10. gya saprene nora nana prapti | sru dèn antos-antos | kakang êmbok dahat wulangune | mêlang-mêlang manawa nyidrani | ing jangji sang pêkik | marma sru wulangun ||
11. Risang Parta dupi amiyarsi | wuwuse sang sinom | gya ginêgêt sajroning galihe | amangsuli ing wacana aris | yèn mangkono yêkti | ana kalih laku ||
12. duk ing nguni ingsun apêpanggih | dutane sang katong | yagsadipa Ngawangga prajane | arsa dhustha kang bok Surtikanthi | kagyat risang dèwi | duk miyarsa wuwus ||
13. adhuh yayi katuju sirèki | wus tunggu wak ingong | kadiparan solah ingsun mangke | yèn kaliru dhinustha yagsaji | luwih bêcik mati | nèng praja wak ingsun ||
14. Parta muwus kadya ngarih-arih | ywa samar kakang bok | nora wurung ingupaya têmbe | pan kinarya sayêmbara yêkti | ingsun angulati | mring sira wong ayu ||
15. môngsa kongsi sun tegakna yêkti | sira jiwaningong | sigra gablog sang rêtna dêlinge | durung karuh yèn sira ngulati | apa têmên yayi | malerok sang ayu ||
16. mèsêm aris Sang Parta dènnya ngling | adhuh kakang êmbok | dene têka cupêt piandêle | ingsun iki ping pira nglabuhi | ngupaya kang maling | kanthi takêr marus ||
17. apa manèh yèn sira pribadi | iku kang cinolong | yêkti ngantêp alabuh
— 117 —
patine | wit wus akèh kapotangan bêcik | ing pangrasa mami | mring sira wong ayu ||
18. Banowati ngujiwat angliling | tan lali anyêthot | jajanira Sang Parta jinèwèr | sambat atho Sang Parta malêsi | angêmêg kêkalih | payudaranipun ||
19. jola sang dya[25] kagyat api-api | abêndu malerok | nora samar konangan wong akèh | darbe patrap sira kumawani | bok pradul ramaji | dadi apa ingsun ||
20. Risang Parta mulat nganan ngering | sêpi tan ana wong | awit durung bubaran wancine | kang sumewa marang jroning puri | cèthine sang dèwi | wus ginêtak mamprung ||
21. dadya sêpi tan asônggarunggi | dènira gêguyon | urut marga arêndhêt lampahe | wancinira lingsiring Hyang Rawi | mèh bubar sang aji | manjing jro kadhatun ||
22. praptanira ing tênggan sang dèwi | lawan sang wiranom | gita-gita nyunggata tamune | unjuk-unjukan ingkang sêgêr manis |[26] rujak dêgan tuwin | karandhing wohipun ||
23. kang wêwowohan adi môncawarni |[27] kang cèthi wong karo | gya ingatag lunga mring pasare | sinung arta kinèn têtumbasing | dhaharan di-adi | kang kinarya suguh ||
24. ungkurira kang cèthi kêkalih | suwung tan ana wong | ingkang marêk mau sakalihe | gya sang dèwi nèng pangkon sang pêkik | asru dènnya ngliling | mring ari sang bagus ||
25. sarwi angling sang dyah mring kang rayi | adhuh ariningong | sapa baya kang bakal adarbe | pangengeran mring sira wong pêkik | tujune
— 118 —
wak mami | wus murwani kayun ||
26. sun tatêdha sira awètasih | marang raganingong | Sang Arjuna rumangkul lambunge | asta kanan angayuh jangganing | tinêlung sang dèwi | kinuswa sang bagus ||
27. sarwi angling sang dyah mring kang rayi | adhuh ariningong | aywa cidra sira ing têmbene | kadiparan yèn sira nyidrani | tan wurung wak mami | têmah praptèng lampus ||
28. sarwi muwus nora watak mami | nyidrani maring wong | apa manèh mring sira yêktine | musthikaning wong ayu sabumi | ya pêpujan mami | asiha maringsun ||
29. sapa bêtah nyawang mring sirèki | yêkti têmah lamong | kagunturan ing wuwus manise | kèwês pêdhês galak ulat liring | sumêdhèt lir thathit | sèwu sarêng barung ||
30. nyêthot sang dyah amulêt ing wêntis | payudara mlothot | lir runtuhing purnama wulane | tinadhahan ing grana sang pêkik | nôngga asta kering | nora kongsi mrucut ||
31. gita mêkak dyah astanya kering | dumikêp pinondhong | nanging mêksa bludag kêkalihe | uwal saking kasmêkannya kalih | wit têpi jinapit | dening sang abagus ||
32. lir rêbutan solahira kalih | tiris dênta karo | mumpal-mumpêl lir umbul isthane | saya adrêng parewana kalih | gumrêgêt ing galih | sang kalih akumyus ||
33. swanitanya reweyan amili | saking drênging batos | sru karênan sang kalih tangkêbe | angandika sang rêtnaning puri | sira sayah yayi | pan mêntas lumaku ||
34. swanitanta marawayan mijil | apa manèh ingong | payo yayi [ya...]
— 119 —
[...yi] sirama dèn age | nèng botrawi sumung sari-sari | dimèn angayêmi | sariranirèku ||
35. gya jumênêng sang kalih kinanthi | rêrangkulan karo | amung kari salômba wastrane | pan rumamyang sunare sang dèwi | amradipta kengis | payudaranipun ||
36. manjing gêdhong tilamira dèwi | samya lukar karo | kori ngarsa pan tinutup age | sang rêtnayu lan ari sang pêkik | wus lukar sang kalih | duk dulu-dinulu ||
37. nyuting driya lir supe sang pêkik | anubruk sang sinom | sru rinukêt akêkêt astane | nyêngkah-nyêngkah sang rêtna tanpolih | inguswa mawanti | kewuhan sang ayu ||
38. wus binopong maring tilamsari | gumrênggêt mamrih don | sang rêtnayu tan wiwal astane | gya tinêmpuh ing yuda akongkih | kapadhan ing galih | rênanirèng kalbu ||
39. drênging galih têmpuhira kalih | nutug dènirandon | ing asmara ginayut rêsmine | solahira anutugi kapti | jêdhuging sarêsmi | katrêsan kaluluh ||
40. lèlèh lupa kalêson sang dèwi | gita gya pinondhong | mring patirtan mêdal butulane | gêgandhènge gêdhong tilamsari | gya siram sang kalih | ajênak nèng ranu ||
41. gantya kosok-kinosokan sami | linalar ing konyoh | gônda wida môngka kosokane | wusnya suci nutug siram kalih | gêgujêngan sarwi | parewana nutug ||
42. datan mawi subasitèng galih | wus kalilan katong | dènnya sami pêpanggihan dene |
— 120 —
nèng jro pura kawanguran janmi | cèthinya sang dèwi | mung suka angungun ||
43. datan wikan ingkang dadya wadi | karsane sang katong | dadya amung ginêgêt driyane | baya gustinira wus pinasthi | dhaup jatukrami | kalawan sang bagus ||
44. marma dahat sukanya kapati | nging tan arsa wartos | marang liyan cèthi sasolahe | duk samana risang among rêsmi | wus mêntas ing warih | gya busana nambut ||
45. sang apêkik sinung wastra ganti | kang tigas sayêktos | winalungsung sakèh busanane | pinaringkên ing cèthi pinardi | anggirah tumuli | pan arsa pinundhut ||
46. mring sang rêtna kinarya pêpeling | duk panggih sang sinom | môngka jampi yèn sang dyah onênge | pan kinarya sêsingêp ing ratri | têmbe sapungkuring | tinilar sang bagus ||
47. wus busana sang kalih winarni | lir pangantèn karo | samya lênggah andon dhaharane | pan sinambi gêgujêngan kalih | wêntis tumpang-tindhih | ngladosi sang ayu ||
48. angrêracik dhaharan cumawis | nunggil ajang bathon | langkung prigêl sang rêtna tangkêpe | mrih karênan ing priya ing galih | sakêdhap anolih | kinuswa sang ayu ||
49. rewa bêkis ngujiwat sang dèwi | ambakna iki wong | nora kantèn ing gaga sangane | gegemôngsa rèh durung miranti | pati opèn yêkti | ing tingkah marusul ||
50. Risang Parta mèsêm angling aris | ngaji pupung ingong | wus linilan panggih lan dhèwèke |
— 121 —
dening paman Mandraka Sang Aji | baya wus udani | ing saciptaningsun ||
51. sang dyah nyiwêl ing jaja sang pêkik | sarwi mlerok alon | aris muwus awêngis wijile | lagi mangke ingong amiyarsi | wong bagus akengis | guramèh pamuwus ||
52. apa amung pribadi sirèki | kang onêng ing batos | tan angucap raganingsun mangke | salaminya sira tilar nguni | èsthining tyas mami | paran bisa pangguh ||
53. malih lawan wong ingkang nyanyêngit | anatoni batos | mula dewa karya dhadhakane | anjalari unggyaningsun panggih | kang mêmanas ati | gung karasèng jantung ||
54. sru kumanthil nèng têlênging ati | kacêtha ing batos | anglam-lami sakojur ragane | sru kacipta sajroning pangèsthi | dewa nambadani | ing panuwun ingsun ||
55. wusnya nutug dènnya dhahar kalih | ngandika sang sinom | yayi sira pinatah ing gawe | anjêjêpi ingkang laku juti | mêngko ratri yêkti | yayi sira tugur ||
56. iki wanci wus lingsir kang rawi | sarea riningong | ingsun tunggu sinambi ngruktine | dhaharira yayi mêngko ratri | awit awak mami | durung mranti tuhu ||
57. Risang Parta umiring pamardi | ing raka sang sinom | nanging kogêl sajroning galihe | dèrèng tuwuk dènira pêpanggih | nging lêrês ginalih | dadya amiturut ||
58. nulya nendra sang pêkik pribadi | nèng tilam sang sinom | sih ingadhêp anèng sêsandhinge |
— 122 —
sang wiranom tan pêgat ngarasi | sru kapidih-pidih | payudaranipun ||
59. sang rêtnayu waskitha ing galih | sigra ngandikalon | adhuh yayi pujanku yêktine | aywa ngugung ardaning panggalih | tan kurang ing wanci | mrih nutugkên kayun ||
60. mapan sira binotan ing kardi | ingkang luwih abot | bara-bara ngêningkên ciptane | mêmusthia yuwananing dhiri | amrih amungkasi | ing karya pakantuk ||
61. benjang lamun wus wêkas ing kardi | tanpa abot repot | nora rangu sasolah-solahe | mapan uwis pinarcayèng galih | ing rama sang aji | sarea wong bagus ||
62. Risang Parta nalika miyarsi | andikaning sinom | kapanujon satuhu galihe | gya ngandika ing raka sang dèwi | kakang bok sun iki | kawratan ing wuyung ||
63. tan kawawa anahên wiyadi | mulat mêlok-mêlok | warnanira lir wulan yêktine | ingkang mandul payudara kuning | lir tirising gadhing | sumunar lir daru ||
64. kudu nubruk mring sira sayêkti | ingkang moblong-moblong | sapa bêtah amung nyawang bae | amung sira pêpeling wak mami | mrih yuwanèng dhiri | kalangkung anuwun ||
65. ingong tanya ingkang laku juti | kumalanang kang wong | wayah apa kalamun praptane | apêpanggih lan kang bok sang dèwi | yèn sira udani | gampang dènnya nangguh ||
66. sang rêtnayu angandika aris | ingsun wus têtakon | mring êmbane kakang bok yêktine | ingkang asring [a...]
— 123 —
[...sring] kalakon ing nguni | praptane kang juti | lingsir ratri iku ||
67. nulya muwus Sang Parta pan sarwi | anguswa sang sinom | mêngko ratri kakang bok yogyane | wiwit ingsun anjêjêpi maling | wanci madya ratri | kewala pakantun ||
68. amangsuli sang rêtna aririh | bênêr ariningong | dadi sira sore nutugake | anèng kene sarea prayogi | tan dangu anganti | bok katisên tuhu ||
69. apan sarwi ngujiwat sang dèwi | graita sang anom | sarwi nguswa aris ngandikane | lah ta uwus kakang bok wak mami | tilarên umijil | arsa nendra ingsun ||
70. nging astanya maksih angêncêngi | ing lambung sang sinom | dadya wêngis sang rêtna wuwuse | kadiparan karsanira yi |[28] tan tutur sajati | kang panujwèng kalbu ||
71. ewuh têmên wak ingsun ngladèni | sarayaning katong | sumakehan linilan lêbune | marang puri rumusak ing sari | adhuh ari mami | dèn sarantèng kalbu ||
72. gya inguwal astanira kering | anguswa sang sinom | muwus aris sang anom mèsême | nora darbe tuwuk raga mami | ajênêk nguswani | mring sira wong ayu ||
73. gya winiwal kang asta sakalih | sang rêtna nulya jlog | saking tilam tinangkêp samire | nulya mijil tumandang ngratêngi | lah-olahan adi | môngka dhaharipun ||
74. nulya sare sang anom pribadi | sang rêtna cêcaos | sugatanya mring tamu
— 124 —
manike | pan ingêpêng sarwa adi-adi | ywa kongsi kasisip | anugata kakung ||
75. kawuwusa sêdhêng sirêp rawi | pandame sumorot | sang rêtnayu luwaran karsane | wus samapta ingkang saji-saji | adi amêpaki | gya siram sang ayu ||
76. abusana ngrasuk adi warni | agêgônda konyoh | lêlamatan nênggih tasikane | yèn sinawang kadi rêbut tandhing | lan mêloking sasi | sumunar sumunu ||
77. datan mawi rasukan sang dèwi | amung arêrimong | plangi wilis arêta tutule | ukêl sanggul winêwêr ing mlathi | gêgubahan adi | angêngrêng kadulu ||
78. pan ingapit lan sêkar warsiki | lir sêsinthing karo | waja mêngês arêta lathine | mêntas gantèn lir celung atipis | netranira lindri | imbalit malêngkung ||
79. jaja wêlar payudara kalih | amungal mancorong | pan pinathêt ing sutra wungune | kasmêkannya sapêkak amidih | payudara kalih | bludag angêndhukur ||
80. nyampingira bathik parangklithik | tigas maksih abyor | lênggah munggèng ing jawi èmpère | sarwi mangku gêgubahan sari | katawang sang dèwi | sandika lêlayung ||
81. bahu wijang awêwêg lir gadhing | bubutan sakaro | driji rêntêt amucuk êrine | pantês ngasta rêroncèn kang mlathi | katon lir apsari | kang nêdhêng tumurun ||
82. wêwêg wutuh bocong wêntis kalih | amadhêt pandulon | sarwa singsêt nênggih
— 125 —
busanane | dhèmês luwês gandês mêrak ati | gapyak kaduk manis | mêmulêt malat kung ||
83. anggraita bangkit angladosi | nangguh karsaning don | nora cèwèt ing parlu sangkêpe | ing karyane waspada patitis | tan kewran saliring | wajibirèng wadu ||
84. surup surya wus umanjing wukir | kang ima aloyop | saput lêmah bawana silipe | paripurna sang rêtna anuli | manjing gêdhong titi | cêcaosanipun ||
85. tumarontong candrama dhadhari | nèng wetan mancorong | arumamyang ing mega lawêne | lir wadana sang rêtna atasik | lamatan kaèksi | akarya kayungyun ||
86. tabuh astha Sang Parta ngalilir | nanging maksih ngepon | anèng tilam ing kasur têpine | ciptanira yèn sang dyah nuwèni | tan gayuk sang dèwi | lamun arsa mungu ||
87. têmah minggah ing kasur nakêti | samana sang sinom | sawusira sampêt sadayane | nêdya anuwèni risang pêkik | kinira wus wanci | wungua sang bagus ||
88. praptanira anglingkap kang samir | Sang Parta katon doh | nora gayuk rinangsang astane | dadya wau sang rêtna nginggahi | maring tilamsari | anakêti gupuh ||
89. muwus aris adhuh ari mami | wus wanci riningong | lah wungua nyênyêgêr slirane | asirama riningsun wus wêngi | dhahara ri mami | mrih salirèng tungtum ||
90. mêngko ratri kalamun kaanti | arsa akêkonyoh |
— 126 —
parêm lêson dimèn lêrêm sare | kiraningwang ingkang laku juti | mêngko durung prapti | krana adatipun ||
91. lamun prapta nuju malêm ari | Sukra ora towong | mêngko lagya Anggarèku lême | anging sira wungua kariyin | pasugatan mami | dhaharên wong bagus ||
92. Risang Parta api-api guling | uswane angorok | kadya lagi eca dènnya sare | sru kawêkèn sang rêtna aririh | mingsêt dènnya linggih | kanthi napas ngangsur ||
5. Kinanthi
1. lagya mingsêt sang rêtnayu | Sang Parta kagyat alinggih | rumangkul lungayanira | kinuswa mawanti-wanti | rinapih dahat rêrêpa | adhuh mirah ingsun yêkti ||
2. aywa gêtasan sirèku | mutungi ring awak mami | nyawa angsunga usada | wus lami ulun nandhang gring | payo nimas lêganana | usadane lara kingkin ||
3. sang rêtna ambêkis asru | nora layak ari mami | katuwone raganingwang | maksih kuciwa ngladèni | si adhi saya andadra | tan bangkit anahên kapti ||
4. Sang Parta maksih andarung | dènira nguswa sang dèwi | ngrêrêpa arum wijilnya | lir brêmara mamrih sari | adhuh nyawa pujaningwang | durung lêga awak mami ||
5. parewananya linaju | kasmêkan dipun wudhari | amêtêki payudara | kinuswa sêsêg ing galih | kagugah asmaratura | sang rêtna dadya nuruti ||
6. sarwi nyiwêl wêntisipun | aywa daya-daya yayi | bok rada dipun sarônta | karsanira mamrih sari | sarining rasa sanyata | kaya
— 127 —
dudu satriyadi ||
7. linèlèh nulya sang ayu | Sang Parta anggung mangungsir | anêkakakên ing karsa | anutug ing pulangrêsmi | sasolahira tinêkan | pantog wêdharing rasadi ||
8. kongkalan sakalihipun | mijil saking tilamsari | anulya marang patirtan | wusnya sêsuci sang kalih | Sang Parta anulya siram | sang dyah ingkang angladosi ||
9. sawusira sang rêtnayu | acaos busana adi | môngka santunnya Sang Parta | wus ngrasuk busana sami | sang rêtna mangun tasiknya | miwah angêlus kang wèni ||
10. ningsêti kasmêkanipun | ngrêramping pinjunging tapih | waluya sadayanira | nulya kêkanthèn sang kalih | mijil madyèng gêdhongira | lênggah adhahar sêsaji ||
11. ajuwêt wau sang ayu | dènira tawa ngladosi | tan ana ingkang cineda | samya kapanudyèng galih | marma Sang Parta jatinya | kalangkung kasoking galih ||
12. marang wau sang rêtnayu | kadya tan bangkit sinapih | nanging marang Sa[29] Surêtna | Bratajaya sêmu ering | labêt kadangirèng Krêsna | wus pinacang saking alit ||
13. dènnya dhaharan wus nutug | sinambi gujêngan kalih | sêngsêm ing driya kalihnya | kadya tan ana nyênyami | pindha pangantèn pasihan | tan mawi awalanggalih ||
14. kongsi praptèng têngah dalu | Sang Parta èngêt ing wanci | sigra angrasuk busana | kang sara ingagêm aglis | wus winangking curiganya | nulya mijil risang kalih ||
15. anuju mring têngganipun |
— 128 —
kang Raka Dyah Surtikanthi | lampahira sêsiliban | angirih-irih lumaris | ngon siluk-siluk ing wrêksa | singêp kampuh wau sami ||
16. kandhêg soring wiwaragung | kang anjog mring tamansari | sapanyêluk antaranya | lawan tênggannya sang putri | bangkit mawas korinira | tênggyane Dyah Surtikanthi ||
17. anganti lawan kakêmul | sang kalih dènira ngintip | singêp kampuh gadhungira | sumamar datan katawis | sinambi akêkuwêlan | wacanane mung bêbisik ||
18. sinigêg gantya winuwus | Suryaputra lawan ari | wus prapta jawining kitha | kang rayi kinèn anganti | sajabaning pagêr pura | amung ta mawa wawêling ||
19. Suryaputra mlumpat sampun | pagêring pura kang wingking | amatak limunanira | tumuju lampahnya aris | marang tênggannya sang rêtna | praptèng ngajêng kori ngintip ||
20. kawuwusa sang rêtnayu | wiwit sontên Surtikanthi | cinôndra sariranira | sarira lurus aramping | wêwêg gilig asêmbada | jênar kadya bêngle keris ||
21. tan ana kuciwanipun | jatmika pamulu wingit | kumêt ingkang pangandika | yèn micara apatitis | limpat ing sêmu graita | imba jait netra lindri ||
22. pasaja busananipun | awit anawung rudatin | wit sore anggung mêmudya | kadya samadi malad ning | ingkang pinintèng jro cipta | amung praptane sang pêkik ||
23. kawijil andikanipun | dhuh jawata dhuh dewadi | èngêtna pêpujaningwang |
— 129 —
Suryaputra ing panggalih | onênga mring awak ingwang | darbea asih mring mami ||
24. dadosna pangeran ingsun | salaminirèng dumadi | awas mulat Suryaputra | kalangkung wêlas ing galih | marang wau sang lir rêtna | anulya malêbèng kori ||
25. nyêlaki marang sang ayu | ambirat limunan sakti | anguswa saking ing wuntat | sarwi angandika aris | adhuh nyawa pujaningwang | satuhu musthikèng èstri ||
26. jumantêning para ayu | pathi-pathining pra putri | paran anggung kawlasarsa | ing driya asônggarunggi | datan pracaya maring wang | tan watak ulun nyidrani ||
27. kagyat anolih sang ayu | sarwi karuna aririh | dhuh paran pêpujaningwang | gung karya sumêlang kapti | dasih ta gung kawlasarsa | paran karsanta samangkin ||
28. nuli binêktaa ulun | marang prajanta prayogi | nèng ngriki gung mêlang-mêlang | wasesane rama aji | ing mangke Sri Suyudana | sampun prapta anèng ngriki ||
29. minta tumuntên adhaup | kalawan dasih ta ugi | marma paran tyas paduka | mangrèh mara angga mami | punapa kenginga baya | satuhu kula ngèngèri ||
30. sinêlan ingkang winuwus | kang anggung jêjêp angintip | Banowati lan Sang Parta | kagyat anggônda kang sumrik | kentaring kang samirana | ing grana minging ngèbêki ||
31. jêbat kasturi rum-arum | ing warna datan kaègsi[30] | anduga wau Sang Parta | yèn duratmaka wus prapti | sigra pamit sang lir rêtna | dhuh kangbok kantun nèng ngriki ||
32. pun duratmaka [duratma...]
— 130 —
[...ka] wus laju | manjing têngganing sang putri | lêlimunan lampahira | marmane datan kaèksi | amung gandanya tinilar | ulun arsa anakêti ||
33. ing mangke kalamun ulun | oncat saking jroning puri | nututi maling aguna | lapurna uwa sang aji | miwah ulun amitungkas | têmbe ing sapungkur mami ||
34. ywa kongsi mijil ing dalu | manawa asalah dalih | dutane sang yagsadipa | kang mamrih Dyah Surtikanthi | aywa kaliru paduka | dipun prayitna ing galih ||
35. Banowati duk angrungu | wuwuse Radyan Pamadi | sêrêt angling ngêmu waspa | dhuh ariningong wong sigit | aywa supe raganingwang | sun suwun nulia bali ||
36. miwah ta pamudyaningsun | marang dewa kang linuwih | basukingning[31] lakunira | muga jinurung tuk kardi | ambirat rêntênging praja | miwah sêngkêling ramaji ||
37. kuswa-kinuswa anutug | sapantog rasaning galih | mit mentar wau Sang Parta | sang rêtna maksih ningali | amawas saking mandrawa | langkung mêlangirèng galih ||
38. ya ta wau Pandhusunu | wus praptèng kori angintip | waspada dènnya umulat | têtela wuwusnya kalih | kapyarsèng marang Arjuna | samana wau nêngahi ||
39. wuwuse sang rêtnaning rum | angantêp prasêtyèng galih | Suryaputra sarwi nguswa | sang rêtna pinangku ririh | wuwusira ngêla-êla | dhuh babo jiwèngong yêkti ||
40. paran ta sandeyèng kalbu | marang
— 131 —
prasêtyaning dasih | tan kêmba salaminira | sinaksena ing dewadi | datan anyipta mring liya | mung sira pêpujan mami ||
41. sang rêtna malih amuwus | nadyan makatên sang pêkik | sintên ingkang ngêkahana | dasih ta lamun pinardi | winasesèng rama nata | dhaup lawan Kurupati ||
42. marmanta kalamun tuhu | paduka asih mring mami | rampungna sadina mangkya | katura mring rama aji | wurung lawan Suyudana | paduka kula ngèngèri ||
43. ujare wau sang ayu | marawayan luh nêlêsi | kodhêng sang pêkik miyarsa | dening ature sang putri | aris pangandikanira | tan samar ingsun ajurit ||
44. sakèh wong Kurawa ngêbyuk | datan wêgah raga mami | angrêbut pêpujaningwang | sakèh wong Mandraka nagri | datan ulap rasaning tyas | nadyan parêng angêbyuki ||
45. sang rêtna malih amuwus | inggih pracaya pun dasih | dhatêng kasaktèn paduka | nanging wontên janma tunggil | kang anggung karya sumêlang | kadi sagêd angêmbari ||
46. tan kêna rinasan rawuh | alusing budi ngèmpêri | sarayane sri narendra | bokmanawi sampun prapti | anèng praja ing Mandraka | punika kang karya kingkin ||
47. mêlang-mêlang ing tyas ulun | baya paduka kajodhi | kasaktènira kaliwat | tan ana janma madhani | rahadyan aris têtanya | sapa arane wong iki ||
— 132 —
48. sang rêtna sangêt apuguh | kula ajrih angrasani | tan kêna rinasan prapta | wau wonge awor angin | kadya jawata saktinya | tan kêna dipun rasani ||
49. rahadyan kalangkung ngungun | dhuh nyawa muwus aririh | aywa kongsi kapiyarsa | bisikana awak mami | ririh kewala arannya | mau wong ingkang linuwih ||
50. dangu sang rêtna tan muwus | saking sru sumlang ing galih | nanging tinêtêr ing krama | dadya aris matur ririh | dhuh paran dèn piyarsakna | wastane wau kang janmi ||
51. pun Pamadi parabipun | panêngah Pandhawa luwih | Arjuna jêjulukira | mangkana dèrèng dumugi | dènira muwus sang rêtna | kapyarsa pandhodhodhog kori ||[32]
52. sarwi aris wuwusipun | dhuh kakang bok Surtikanthi | kang kori winênganana | ulun arsa apêpanggih | dinuta rama paduka | ana karyane wigati ||
53. kèndêl cêp tan ana muwus | wau Rêtna Surtikanthi | anjêtung Sang Suryaputra | pangungunira kapati | sarwi aris andikanya | anaparan ingkang kardi ||
54. priya prapta dalu-dalu | marang unggyaning pawèstri | lah nyawa wus wênganana | manawa pradul sang aji | sun singidan tilamira | môngsa bisaa udani ||
55. Suryaputra nilap malbu | marang gêdhong tilam adi | Surtikanthi nulya mara | amêcat kancinging kori | wus manjing wau Sang Parta | umarêk sarwi wotsari ||
56. umatur marang sang ayu | pukulun [pu...]
— 133 —
[...kulun] amba tinuding | rama paduka sang nata | wa aji kinèn nuwèni | paduka anandhang roga | datan marêk marang puri ||
57. wus lami onêng sang prabu | umulat paduka yêkti | paran ta kang ginêrahna | sarira katon anglêntrih | bokmanawa ulun bisa | ngupaya ingkang usadi ||
58. aris sang rêtna lingipun | bênêr andikèng ramaji | nanging mêngko raganingwang | wus waluya kang sayakti | karya kagyat praptanira | dene wayah madya ratri ||
59. Sang Parta aris umatur | agsama tuwan sun pundhi | lilanana raganingwang | umanjing mring tilamsari | sang dyah wêngis wuwusira | paran karsanira yayi ||
60. murang cara dalu-dalu | priya malbèng tilamsari | darbèking wanudya kênya | paran sira darbe kapti | marang jênênge pun kakang | kadingarèn ari mami ||
61. darbea cipta kang dudu | marang pun kakang puniki | aywa linajur tyasira | iku pan datan prayogi | mundhak kêna kira-kira | dening janma kang miyarsi ||
62. Sang Parta aris umatur | jawata kang ngudanèni | sucining manah kawula | tan susah andika ngiring | umanjing ulun priyôngga | wit wontên ingkang wigati ||
63. Arjuna nulya sumêbut | malbèng jroning tilamsari | Sang Karna cinandhak sigra | linarak marang ing jawi | dadya ngantêp yudanira | ngadu yasa wau kalih ||
64. langkung rukêt aprangipun | anèng jroning tamansari |
— 134 —
mangkana kang cinarita | wau Risang Banowati | waspada dènnya umulat | gyanira yuda sang kalih ||
65. anêbih maksih andulu | wau ta Dyah Surtikanthi | kuwuring galih samana | nulya pinanggih ing galih | arsa paradul kang raka | Baladewa Manduraji ||
6. Durma
1. ngrucat nulya busananira sang rêtna | sigra lumaku aglis | mring têngganing raka | Erawati Sang Rêtna | anuju sare sang kalih | lawan Sang Nata | Madura Narapati ||
2. rangu-rangu tyasira sang rêtnaning dyah | anging kaslêpêg galih | dadya anêmpuh byat | amungu mring ka[33] raka | dora sambada anangis | ing wuwusira | dhuh kakang bok sang dèwi ||
3. tan narima gih ulun pinotha-potha | wau dening Pamadi | dalu-dalu prapta | dhatêng tênggan kawula | amêcat kori kumancing | datan sarônta | masesa awak mami ||
4. Erawati kagyat sigra wungu nendra | miyarsa turing ari | sakala ing driya | arsa mungu ing raka | nanging galihnya sang aji | môngsa gatèkna | wau praduling ari ||
5. wit Sang Parta wus kathah labuhanira | marang Sri Maduraji | duk sami ngupaya | sriranira sang rêtna | dènnya murca kaping kalih | amung kanthinya | nênggih lawan Pamadi ||
6. lan miyarsa lamun ginadhang Sang Parta | arsa dhaup lan ari | Sang Dyah Bratajaya | kodhêng sakala mangkya | panggugah duka sang aji | dadya arewa- | rewa duka mring ari ||
— 135 —
7. Surtikanthi busuk timên iku sira | anampik mring Pamadi | wruhanira ingwang | nadyan iki wus krama | yèn kinarsan mring Padi |[34] yêkti sun tilar | kakanta kang sayêkti ||
8. duk miyarsa Baladewa ramyang-ramyang | wuwuse ingkang rayi | mangkana sakala | malumpat nawung duka | mandhi alugôra aglis | mlayu mring pura | samana amarêngi ||
9. Surtikanthi Erawati atut wuntat | umanjing tamansari | umiyat yudanya | sang kalih ngadu yasa | Baladewa dupi prapti | bingung umulat | karone kêmbar warni ||
10. Surtikanthi umatur marang kang raka | ingkang nyamping garingsing | inggih pun Janaka | dene lawaning yuda | juru taman murinani | mring raganingwang | mangkana amarêngi ||
11. Sang Arjuna kêna binuncang sakala | Baladewa nututi | anubruk mring Parta | wus kêna gya binônda | mangkana duratma glis |[35] oncat sing pura | mêdal panggih kang rayi ||
12. dangu nganti akandhêg anèng ing jaba | sêdya anganti warti | tan dangu raina | Suryaputra sakadang | oncat saking jro nagari | arsa kondura | Pêthapralaya nagri ||
13. kawuwusa Sang Aprabu Baladewa | wus ambônda Pamadi | sigra manjing pura | umarêk rama nata | ngaturkên bêbandan maling | Sang Prabu Salya | langkung ngungun ing galih ||
14. angaturi sagung ingkang para nata | tan dangu prapta sami | kalangkung ngungunnya | nulya nimbali putra | Surtikanthi Banowati | kalih wus prapta | gya andangu sang aji ||
— 136 —
15. aturira Surtikanthi ngumandaka | pukulun sang ramaji | wau madyanira | ing ratri pun Arjuna | prapta marang tênggan mami | paksa misesa | mêmotha dhatêng mami ||
16. ulun mêdal datan kawawa wak ingwang | juru taman udani | murina ragèngwang | lan Parta dadya aprang | ulun lumayu tur uning | dhatêng putranta | kakang bok Erawati ||
17. nulya kakang Sang Aprabu Baladewa | bêbantu anêdhaki | anyêpêng pun Parta | kapikut gya binônda | praptèng ngarsa padukaji | amung punika | atur kawula yêkti ||
18. langkung ngun sang aprabu amiyarsa |[36] aturira sang dèwi | gantya kang tinanya | kang putra Banowatya | umatur sarwi wotsari | ulun klilana | angluwari rumiyin ||
19. bandanira Sang Arjuna inguculan | dening Dyah Banowati | anulya alênggah | anèng kering Sang Parta | umatur sarwi wotsari | dhuh rama nata | kasaksena dewadi ||
20. atur ulun satuhu ngarsa paduka | putra paduka yayi | Pamadi wit siyang | linilan ing paduka | anèng tênggan amba yêkti | ulun sunggata | apan sarwi anggusthi ||
21. dènnya arsa anyêpêng maling aguna | manungku pudyastuti | kongsi praptanira | madya ratri siyaga | anjêjêp nèng tamansari | dupi anggônda | sumrik jêbat kasturi ||
22. gya anduga praptane maling aguna | anulya ngintip kori | tan dangu anulya | andhodhog korinira | gya mêdal sami [sa...]
— 137 —
[...mi] ajurit | lan duratmaka | lakar mirip kang warni ||
23. gya katungka rawuhe kangkang[37] Madura | anubruk mring Pamadi | binasta sakala | nulya marêk paduka | dhuh pukulun jêng ramaji | ingkang sanyata | kakang bok Surtikanthi ||
24. pan wus lama bedhangan lan Rajaputra | Pêthapralaya nagri | aran Suryaputra | tuhu bagus kang warna | sairib lawan Pamadi | kaot pacaknya | trangginas lawan aris ||
25. kang winêca juru taman sajatinya | inggih wau kang maling | samangkya wus oncat | mijil saking jro pura | mangkana wau paraji | langkung ngungunnya | nulya Salya Sang Aji ||
26. aris dènnya ngandika marang Sang Parta | dhuh kulup putra mami | enggal tututana | ingkang maling aguna | dika candhak maksih urip | ingsun pidana | anèng ing praja mami ||
27. Sang Arjuna wotsari tanpa aturnya | anulya mêsat aglis | mangkana pra nata | wus sami bubar samya | nata kondur ngênyapuri | lawan putranya | kêkalih sang rêtnadi ||
28. sru duhkita wau kalih risang rêtna | dene kapisah sami | lawan jiwanira | anggung mêlang ing driya | pundi ta ingkang kajodhi | kêkalihira | sami sudirèng jurit ||
29. nahên gantya wau ingkang cinarita | Pêthapralaya nagri | Suryapati Nata | lagya nuju alênggah | kalawan putra sang aji | pêparapira | waruju Suryawati ||
30. gung karuna karana antuk
— 138 —
sasmita | lamun kang raka sami | anandhang duhkita | baya dènnya andhustha | anèng Mandraka kajodhi | rama sang nata | anggung anglipur galih ||
31. adhuh rara kang mangkono ywa rinasa | amung pinudya sami | sinuwun ing dewa | basukining lampahnya | kakangira bisa mulih | sakaronira | samana nulya prapti ||
32. Sang Arjuna nulya ingawe sagsana | ngaras padaning aji | sang dyah katambêtan | kalimput onêngira | gya angrangkul sarwi nangis | Sang Parta dadya | angrangkul mêmalêsi ||
33. sang aprabu dadya aris andikanya | lah kulup dipun aglis | êmbanên arinta | saking sru onêngira | marang sira nganti-anti | dimèn marêma | onêngira kariyin ||
34. aturira Arjuna sandika sigra | sang dèwi ngêmban aglis | umentar mring jaba | sarwi ingêla-êla | kadya angudang rarywalit | wau katungka | praptanira sang kalih ||
35. Suryaputra kalawan Surya Anggada | mangkana narapati | kagyat angandika | lah dene inggal-inggal | kulup sira nuli bali | apa arinta | uwus nendra sayêkti ||
36. ingkang prapta sawusira ngaras pada | langkung ngungun miyarsi | andikaning rama | dadya aris aturnya | ulun kalih sawêk prapti | paran karana | paduka andhawuhi ||
37. sri narendra kalangkung kagyat ing driya | dadya ngandika aris | kadrawasan ingwang | lah nuli tututana | kulup mau ana prapti |
— 139 —
saplak lir sira | warnanira apêkik ||
38. ingsun lawan arinira katambuhan | nulya ingsun dhawuhi | angêmban arinta | awit sru onêngira | Suryaputra mentar aglis | wus darbe cipta | lamun iku Pamadi ||
39. datan dangu katututan lampahira | nyata lamun Pamadi | dahat ngungunira | dene wus kadhinginan | lampahira dènnya nglari | asru umojar | lah kene ari mami ||
40. ulungêna aja sira namur warna | Pamadi angukuhi | dadya parêbutan | angunus kang curiga | Pulanggêni anibani | Sang Suryaputra | kasrèmpèt poking kuping ||
41. tiba jungkêl Suryaputra kapidhara | remanira jinênggit | pan arsa tinigas | jangganira katungka | Hyang Naraddha cêrik-cêrik | dipun sarônta | Pamadi aywa gati ||
42. wus tumêdhak Hyang Naraddha anèng ngarsa | sang kalih nguswa sikil | lir manungku puja | Hyang Naraddha wêwarta | marang Arjuna sajati | lamun mêngsahnya | kadangira atunggil ||
43. mijil saking Dèwi Kunthi duk ing kênya | miwiti mêkasi |[38] Bathara Kaneka | nulya dhawuhkên sigra | timbalaning Hyang Pramèsthi | wau Sang Parta | kinèn tanggêla mangkin ||
44. dhaupira Suryaputra lan Sang Rêtna | Mandraka Surtikanthi | sandika aturnya | Naraddha sigra musna | Suryaputra lan Pamadi | anulya budhal | mêsat gêgana sami ||
45. kacarita kadange Sang Suryaputra |
— 140 —
wus sirna wau kalih | Radèn Suryanggada | lan Suryawati Sang Dyah | prapta jangjining dewadi | nunggal kahanan | kalawan raka sami ||
46. kawuwusa lampahe Sang Suryaputra | kalawan Sang Pamadi | nalika nèng marga | sinêlan kang carita | dutanira sang yaksaji | Sang Windusara | manjing Mandraka puri ||
47. wus ambêkta Surtikanthi sang lir rêtna | gêgana widik-widik | sarwi asêsumbar | kinèn anututana | wong jro pura samya myarsi | asru karuna | gumêrah swarèng tangis ||
48. sri narendra gita andangu karana[39] | wus ingaturan uning | gita mijil jaba | ngaturi para nata | wus pêpak sadaya sami | anèng pandhapa | mangkana Salya Aji ||
49. awêwarta kalamun sang rêtna musna | dhinustha sang dityaji | Sang Karnakujana | prajanira Ngawôngga | kalangkung ngungun paraji | nulya katungka | praptanira Pamadi ||
50. lawan Risang Suryaputra samya nêmbah | Pamadi matur aris | dhawuhing jawata | kalamun Suryaputra | pinasthi dhaup sang putri | putra paduka | kakang bok Surtikanthi ||
51. angandika arum wau Prabu Salya | dhuh kulup sira kalih | wruhanira samya | ingsun angsung pawarta | wau ratri nini putri | dhinusthèng ditya | ing Ngawôngga nagari ||
52. ingsun pasrah marang sira sakaronya | panggihe nini putri | sandika turira | sang kalih sigra mêsat | nututi lampahing juti | aganti lacak | anèng marga wiyadi ||
53. pan sinigêg carita nagri Ngawôngga | Kangla[40] [Kang...]
— 141 —
[...la] Karna Sang Aji | siniwèng pra wadya | lagya gandrung asmara | katungka wau kang prapti | Sang Windusara | ambêkta sang suputri ||
54. langkung suka yaksendra nulya ngandika | kinèn bêkta tumuli | umanjing mring pura | pinarnah unggyanira | sampun kalagsanan[41] sami | ni êmban nulya | wangsul marêg sang aji ||
55. sapungkure Nyai Êmban Windusara | katungka risang kalih | anjujug unggyannya | Surtikanthi Sang Rêtna | kalihnya sampun apanggih | jarwa-jinarwa | suka Dyah Surtikanthi ||
56. sigra kinèn umanjing kancing gêlungnya | sang putri nulya manjing | sang kalih siyaga | praptaning yaksadipa | anusul umanjing puri | sarwi ngrêrêpa | manuhara mêmanis ||
57. gêrêng-gêrêng gumlêgêr lir liman krura | samarga-marga ngibing | wau praptanira | unggyaning sang surêtna | datan sarônta sang pêkik | Dyan Suryaputra | angancap ngacarani ||
58. lawan kadga jajanira yaksadipa | kapisanan ngêmasi | gègèr jroning pura | gumêrah tangisira | Suryaputra nulya ngambil | têtopongira | sang yaksendra pinundhi ||
59. wus ingagêm saplak kadya ukurira | busana sang yaksaji | rinasuk sadaya | ulur-ulur lan praba | kawuwusa kyana patih | lawan ni êmban | praptèng jro pura aglis ||
60. ngrêmpak mapag yudanira Suryaputra | linêpasan jêmparing | wau kalih sirna | sadaya pra punggawa | kalangkung ajrih agiris | nungkul sadaya | wus tinarima sami ||
— 142 —
61. kinèn lêrêp anganti ing wangsulira | sadaya pra wadya wil | sandika sadaya | wau Sang Suryaputra | lawan Pamadi anuli | mêsat gêgana | marang Mandraka nagri ||
62. pan sinigêg wau kang jaya ing yuda | gantya ingkang winilis | ing nagri Mandraka | Sang Narapati Salya | siniwakèng pôncaniti | pêpak tamunya | ingkang para narpati ||
63. dèrèng dangu katungka ing praptanira | Suryaputra Pamadi | ngaturkên Sang Rêtna | Surtikanthi wus mêdal | saking kancing gêlung nuli | kinèn lajua | marang sajroning puri ||
64. kawuwusa Sang Prabu Jayapitana | langkung lingsêm ing galih | amorot sing ngarsa | lawan para Kurawa | akarya gègèr ing jawi | ngamuk sadaya | nulya pinapag sami ||
65. dening Risang Arya Sena lan Arjuna | Baladewa Narpati | myang sawadyanira | Madura lan Ngamarta | Kurawa sadaya kontit | mundur samana | anggambuh Ngastina glis ||
7. Gambuh
1. mangkana kang winuwus | sapungkure Ngastina Sang Prabu | gya parentah Sri Mandraka marang Patih | Tuhayata kinèn dhawuh | mangrêngga kanang kadhaton ||
2. môngka wiwahanipun | putri nata Surtikanthi dhaup | lawan Radyan Suryaputra anèng puri | winiwaha dhaupipun | bujana kang para katong ||
3. ôndrawina anutug | sagung wadyabala alit sampun | tundha-tundha dènnya kasukan angênting |
— 143 —
tan ana ingkang kaladuk | sukanira para katong ||
4. kalangkung atut rukun | kang pangantyan ascaryaning kalbu | sih-sinihan wau risang kakung putri | datan kuciwa ing sêmu | bagya prasêtya ing batos ||
5. sang putri sru sumungku | ingkang priya dahat asihipun | langkung suka sadaya ingkang ningali | dènira sami pikantuk | ing warna datan winaon ||
6. kang priya anom bagus | kang wanudya langkung endahipun | Surtikanthi tuhu pinunjul sabumi | jatmika graitèng kalbu | baya musthikaning wadon ||
7. ing Mandraka kadhatun | datan kêndhat bujana anutug | para nata sawadyanira gung alit | sugatanira supênuh | rintên dalu datan anggop ||
8. jroning pura dinulu | kang pangantyan sapasang atulus | lan ing wuri mangkana Radyan Pamadi | kalilan saba kadhatun | pinarcaya mring sang katong ||
9. môngka pakuwonipun | nèng têngganing kang raka Sang Ayu | Banowati kalangkung wibawa mukti | tan siwah pangantènipun | dènira anggung ingêmong ||
10. môngka ganjaranipun | dènirantuk ing karya satuhu | ambirat mring rêrubêt Mandraka nagri | amadhangkên tyas sang prabu | marma ingugung sang katong ||
11. panggalihira prabu | mring Pamadi kalangkung sihipun | wus uninga kalamun darbe pakarti | mring sang rêtna mangrurah rum | mandar ginadhanga dados ||
12. garwanira sang bagus |
— 144 —
marma datan sinapih sang ayu | anggung dènnya kadya pêpasihan kalih | sinasap ingadu sêmu | nanging wau sang wiranom ||
13. wus wiweka ing kalbu | datan kongsi tinêmpuhna iku | lan sang rêtna wus pratignya asêsandi | nadyan salami tumuwuh | sihira tan suda karo ||
14. patrapira atêpung | yèn raina pan kadi sadulur | rakêtira tanpa mawi sônggarunggi | rumakêt kadi sadulur | yèn dalu mangun kalangon ||
15. pêpasihan anutug | tanpa kêmba sang kalih tyasipun | wus kapadhan ing nala langkung dènnya sih | jalu wanita atêmpuk | tan ana salayèng batos ||
16. samana kang winuwus | kongsi prapta kawan dasa dalu | nulya bubar bujananira sang aji | pangantèn dadya umatur | ing rama umadêk[42] katong ||
17. Prabu Karna jêjuluk | ing Ngawôngga mangkya prajanipun | jinurungan sagung tamu para aji | anulya pamit sang prabu | arsa kondur risang anom ||
18. mring Ngawôngga kadhatun | wus linilan samapta sadarum | wadyanira kang arsa sami umiring | ambêkta pacaranipun | gêgawaning putra katong ||
19. jinêmpana sang ayu | kamot lawan saparêkanipun | myang ingiring wadya Mandraka piniji | bupati kalih tumutur | laju suwitèng sang katong ||
20. samana budhalipun | Sri Narendra Môndraka anuduh | ingkang putra Rukmarata kinèn ngiring | marang Ngawôngga tumutur | kadipatèn wadya katong ||
— 145 —
21. sêsarêngan gumuruh | para nata samya pamit sampun | ing Kumbina miwah Madura nagari | Lesanpura Ngamartèku | pêparêngan dènnya bodhol ||
22. ing Mandraka sang prabu | karsa ngiring nguntapkên kang tamu | praptèng jawi nagari lan pramèswari | miwah putri Sang Retnayu | Banowati sang lir sinom ||
23. praptèng sanggrahanipun | jawi kitha sami lèrèn sampun | jawat asta pamitira para aji | anulya budhal sadarum | kang wadya gumuruh bodhol ||
24. Sri Salya kari mangu | karêrantan ing tyas sang aprabu | duk umulat pisahe putra sang putri | ngêmbêng waspa kalihipun | pramèswari lan sang sinom ||
25. wus lêpas lampahipun | ingkang sami bêbudhalan kondur | Prabu Salya nulak wangsul mring nagari | nitih gothaka sang prabu | pramèswari lan sang sinom ||
26. sapraptaning kadhatun | paripurna mangkya critanipun | mung Sang Rêtna Banowati sruning galih | kadya pinêcat tyasipun | lir murcatma pisah ing don ||
27. ketang driya wulangun | alam-lamên langêning jinêmrum | lan Sang Parta kalênglêng langêning rêsmi | dangu anutug pulangyun | mangkya dinadak apêdhot ||
28. miwah ketang sang ayu | dènnya mangkya anggana satuhu | dadya anggung manungku pudya samadi | kalangkung rêntênging kalbu | kang kèsthi tan lyan ing batos ||
29. amung ari sang bagus | mrih jalaran dènira kapangguh | marmanira ingkang pinusthi ing galih |
— 146 —
bangkita malih kapangguh | lawan wau sang wiranom ||
30. datan siwah sang bagus | Dyan Pamadi mangkya konduripun | praptèng praja Ngamarta rêntênging galih | ketang mring raka Sang Ayu | Banowati mung kang katon ||
31. anèng têlênging kalbu | gung cumanthèl ing netra kadulu | warnanira sang rêtna anèng pangèksi | lêlewane dyah kadulu | Sang Parta anggung sumêdhot ||
32. kadya nuntêna wangsul | mring Mandraka umarêk sang ayu | nging tyasira kalangkung dènira ajrih | marang raka sang aprabu | miwah èngêt mring sang sinom ||
33. nênggih pacanganipun | Bratajaya musthikaning wadu | marma anggung pinênggah sajroning galih | ngèsthi mrih dhadhakanipun | bangkita malih apanggoh ||
34. kawuwusa Sang Prabu | Kurupati dupi konduripun | sru karantan sang nata sajroning galih | marang Mandraka Sang Ayu | Banowati sang lir sinom ||
35. watara laminipun | karsa nata malih arsa nambung | angrêrantun minta garwa sang rêtnadi | putri Mandraka waruju | tan liya galihnya katong ||
36. dadya malih angutus | marang Patih Sangkuni tinuduh | nglamar marang kang paman Mandraka nagri | nyuwun putrinya waruju | pinusthi garwa sang katong ||
37. kathah babêktanipun | rajabrana kinarya pisungsung | mring Mandraka raja-bakal raja-dadi | samana wus praptanipun | tinampèn Mandraka katong ||
38. ananging aturipun | Sang Aprabu Salya duk rumuhun | mung
— 147 —
ngecani galihira narapati | sinanggi krami sul-angsul | tan lami dènnya sumados ||
39. wit putra sang rêtnayu | maksih puguh ing driya kadulu | dèrèng nyipta anambut silaning krami | nging galihira sang prabu | kadya anganti ing batos ||
40. ingkang ingayun-ayun | panglamare putra sang aprabu | ing Ngamarta ingkang pinusthi ing galih | mung Pamadi kang tinuju | dhaupa lawan sang sinom ||
41. jatine sang aprabu | datan ninga kalamun sang bagus | wus pinacang lawan Madura Sang Putri | nadyan makatên sang prabu | lila winayuh sang anom ||
42. krana wus wikan tuhu | yèn kang putra wus pulang jinêmrum | lan Sang Parta kadya sami carêm kalih | ywa kongsi liyaa dhaup | makatên èsthining katong ||
43. dadya nata adhawuh | mring Sangkuni dutanira prabu | ing Ngastina kinèn wangsula tumuli | liya dina aturipun | sang nata dènnya wêwartos ||
44. duta anulya wangsul | mring Ngastina praptanya umatur | ngamandaka dènira lampah tinuding | wus antuk karya satuhu | sumarah Mandraka Katong ||
45. sumêne aturipun | jroning warsa ing ngarsa puniku | dènnya arsa angangkat dhaupe putri | sang nata miwah rêtnayu | têmbe arsa atur wartos ||
46. sinigêg kang tinutur | gantya ingkang winêdhar ing wuwus | pan ingaran lampahan Dyah Banowati | karya bêbana ingatur | patibasampir sang sinom ||
Tamat.

0 komentar:

Chat Box

Check Page Rank of your Web site pages instantly:

This page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service