Pages

Subscribe:

Thursday 22 March 2012

Ramaparasu [6] : Ontran-ontran Ing Maespati



Kocap kacarita, Prabu Rahwana Raja, tan kena sinayudan  pepenginanira arsa anggarwa Dewi Citrawati. Sanadyan wus mangerteni yen Sang Rajaputri wus kapundhut garwa dening Prabu Harjuna Sasrabahu, nanging Raja putri kang wus winartan dadya titising Batari Widawati lan kondhang sulistya ing warna, tansah katon malela tan kena ilang kinedhepake. Warta kang wus kaladuk angebeki jagad, sapa kang kuwawa anggarwa titising Batari Widawati, bakal urip mulya langgeng ing jagad.
Mila Prabu Rahwana ya Prabu Dasamuka adreng nglurug ngrabaseng prang nggelar baris segelar sepapan. Jroning lumampah saka ing negara Alengka, para bala raseksa Alengka njejarah rayah para kawula Maespati ing desa-ngadesa, keh para kawula kang padha kaprawasa. Patih Suwanda kang murina sigra mapag krodhane Sang Rahwana Raja. Senadyan ngetog sakehing kasekten, nanging datan widagda ngrangsang jurit, temah gugur ing payudan. Dadya ngigit igit tyase Sang Sri Harjuna Sasrabahu.

Kanthi sarira tunggal, Prabu Harjuna Sasrabahu nrenggalangi mungsuh, datan rila lamun patih kang cinaket, tumekaning tiwas. Triwikrama Sang Prabu! Kasaut wani Raja ing Alengka, sigra kapikut-kabanda lan sineret ing rata. Wales ukum kang ngluwihi siksane marang Prabu Dasamuka karana males tindak siya marang gugure Patih Suwanda.
Wauta, Kalamarica, abdi kinasih Rahwana Raja, karana mulat ratu gustinira kang wus kapikut, sigra manjing jroning Taman Sriwedari asarira prajurit kang nandang tatu. Nyebar wisa mandi, nyebar kabar ngayawara marang para abdi emban. Kinabaran manawa Sang Prabu Harjuna Sasarabahu wus sirna margalayu. Lan malih kakabarake, Manawa Prabu Rahwana wus siyaga ngrabasa manjing ing Taman Sriwedari. Mila para emban lan Prameswari Dewi Citrawati arsa kaboyong dadi bebandan.
Kala Marica, raksasa parama sastra, tegese wignya ing susastra, nanging kaladuk remen nindakake karti sampeka tindak culika. Anggadhuh japa mantra kemayang kang kuwawa mblithuk jalma manungsa. Raksasa kang sarira singset, keduga mancala putra mancala putri, ing samangke memba prajurit kang nandang katriwandan saka kasektenira. Kanthi swara kang kawlas arsa, Kalamarica ngucap kabar ngayawara. Nalika wus marak ngarsane Sang Citarwati nulya angandika kanti pegat pegat.
“Dhuh Kusuma Dewi sesembahan kawula! Jagad sampun mangertosi manapa ta ingkang ingaran tiyang ingkang dados bebandan. Pakarti menapa ingkang badhe kasandhang dening Paduka Sang Kusuma Dewi, menawi Prabu Rahwana manjing salebeting Taman Sriwedari. Paduka Kusuma Dewi pinasthi badhe kapatrapan tindak siya, kadi dene putri tetelukan. Mboten saged kagambaraken, nestapa paduka ingkang badhe sinandhang ing paduka mangke!”
Rebah ing siti Ditya Kalamarica kadi dene wadya kang kapidara. Marus mijil saking sarira kaya dineres, lan matur ing ngarsane Sang Dewi kaya pegat pegata yitmane. Kocap, Sang Citrawati kang ndhahar ature Kalamarica kanthi wantah, sigra ngunus patrem, suduk sarira. Tumama patrem ing jaja butul walikat, sirna margalayu Dewi Citrawati! Kaya pinerantah, para abdi sakala bela pati suduk sarira anut marang tingkahe gusti ratunira. Geger taman Sriwedari. Njenggirat, Kalamarica kang memba kaya dene prajurit kang katriwandhan sigra ngguyu latah latah tandha yen rena atine. Malumpat Kalamarica, sedya matur marang Raja Gustinira, Prabu Dasamuka.
Nalika samana, Rahwana kang kasiksa ing rata Prabu Harjuna Sasrabahu, sesambat ngaruhara kanthi swara bilulungan kaya patrape setan ing naraka Yomani. Sambate kaya mecah mecaha jagad, sakala tumus mring talinganira Resi Pulasta. Sigra prapta Sang Resi ing madyaning alaga, ngadhep repepeh repepeh kaya sata matarangan, nguswa pepadane Sri Harjuna Sasra. Ing kana Resi Pulasta minta wayahira, Rahwana, ingaksama saka patrape kang kumawani ngrabasa marang praja Maespati. Sri Harjuna Sasrabahu kang sinung luhuring budi, ngabulake pamintane Resi Pulasta kanthi perjanjen, kaparingan aksama Rahwana, nanging lamun ingambalan, tan ana sajuga mahluk kang bisa maringi pangapura. Sineksen pangucape prasapa Rahwana dening ingkang eyang, Rahwana nulya linepasake saka pasiksan.
Mangalad alad dahana suci ing pancaka kang mbesmi anggane Patih Suwanda. Remuk rempu penggalihira Sri Harjuna Sasra. Kidung tlutur nglangut jro penggalihe sang katong; Katetangi tangise kang manis, jroning tyas ngandhelong. Kadi pecata yitmane, kingkin kambah margiyuh, Anelangsa anutuh dhiri.
Babak nglayoni jujul anusuli, nalika prapta ing taman Sriwedari. Mulat jroning taman, Sang Garwa Prameswari lan para emban cethi wus rebah ing siti, kuthah ludira pecat yitmane. Tan kuwawa ngampet rasa saka panandhang kang matumpa tumpa, sakala dhawah plak kapidara Sang Harjuna Sasra dadi royongan.
Datan antara lama, pungun pungun kaya wungu nendra kanthi impen kang ngegirisi, Sri Harjuna Sasra pulih saka kantaka. Sesambat angrerepa marang jawata agung, karana rasa rumangsa sinangsaya. Pepuntoning tekad, Sang Prabu gya lukar busana keprabon tilar praja tan ana sajuga nara praja kang mangerteni. Patih jero kang ingaran Patih Surata uga tan ana kapamitan senadyan amung sakecap. Sumedhot rasa jroning nala, suku mecak mbaka sajangkah tilar puraya. Surem jagadira sang Prabu kaya dene kalimput pedhut angendanu.
Rengganing Purayagung kang asri wus sesawang bosah basih, datan ana sajuga wewangunan kang maksih wutuh. Negara kang kerta lan raharja, bebasan tan ana tabete, tumpes keles kaya ketaman sindhung riwut bayu bajra.
Lumaksana ing tilas papan paprangan kang wus sepi sepa, kanthi sarira kang kaya linolosan otot bebayune. Kang ana ing sasawanganiara, amung katingal para prajurit kang pating blasah kaya babatan pacing. Ana kang maksih nandang katriwandhan sesambat angaruara. Jroning nala Sang Prabu tetanya, kanggo sapa sejatine para prajurit kang bebela pati?
Saya rikat lampahe Prabu Harjuna Sasra kaya sinengka. Ing ngarsanira wus katon anjegreg wukir kang malela. Tuwuh krenteg lamun ing gunung kae, kena kinarya pangungsen tamba masguling nala. Tinilar sesawangan edi pasawahan kang reja, kang sakala ilang musna gumanti swasana nggegirisi saka kehing bebathang sabab saka paprangan kang nembe lerem.
Jroning dalu, lungkrahing raga kasendhekake ing kakayon. Netra katutup, sandeyane, rasa arsa linereman. Nanging rasa kumrangsang saka gempaling driya, tan widagda ngampah duhkita. Malumpat njegreg, muwus sora Sang Sri Harjuna Sasrabahu.
“Heh srenggala, sardula, naga, raseksa, utawa kabeh bangsaning eblis siluman kang mbaureksa ing kene! Tilingana, rungokna pamuwusku! Ampyaken kaya wong njala, krubuten aku kaya menjangan mati! Ora ana gunane aku ndedawa urip. Karana amung siksa kang sinandhangan! Manawa jeneng ingsun kang luput, jlentrehana apa sedya kang mesthi ingsun gayuh? Garwaningsun Citrawati wus nemahi tiwas saka kejeming prang. Patih kang tak kacaket wus kasambut ing rana. Negaraku remuk rempu karana drenging paprangan.  Perang . . . . . karana ngapa mesti kaleksanan ngrabasa Maespati”.
Kaya dene sato galak kang kapikut, nggero jroning nala, njola kaya patrape singa barong. Tan ana sajuga tetali kang kuwawa medhot hardaning  rasa.
Wekasan sang Prabu nglumpruk datanpa daya lan pasrah marang kang murbeng dumadi.
Rikma kang ingore, tumumpang ing midangan tan ingurusan, lungkrah kang otot bebayu, bebasan kaya linolosan ilang musna saka ing raga. Wekasan sang Nata  nglumabarah katileman amung kinemulan ing klaras aking lan bebantal oyod oyodan. Asta kekalih  ngekep senjata-senjata sekti. Tanpa  sangkan paran Sang Prabu nyumpena karawuhan dening Sang Kanekaputra.
“Ngger putuku, aja sira ngrerepa anelangsa. Kabeh prastawa kang kok sandhang ing jeneng para, sejatine uga lumrah sinandhangan dening sadhengah makluk. Swara panandhangmu uga kedaden kaya dene kabeh makluk kang lagya nandang kasangsaya. Swara pangresulamu dumeling  jroning atimu pribadi, yaiku kang awujud uripmu. Wengane wiwaraning atimu, kadereng sedya nggugat ing satataning adil, sabab pepeting atimu. Sira tetanya, karana ngapa urip nyikara marang jeneng sira. Ing pamikirmu, sira wus sampad nindakake kabecikan kang ora ana kendhate. Mula sandeyaning atimu bakal angupadi, ing ngendi sejatine satataning adil tumraping ngaurip iku sejantine. Ngger putuku, jeneng sira nedheng sinidikara dening pangangen angen, budi pakarti lan panca idriyamu! “
Anjegreg kaya tugu sinakarta jroning impen Sang Prabu, Ing sajroning impen iku, kaya kaya Sang Prabu lelana ana ing alam maya. Tatkala mulat mangandhap, kagyat Sang Prabu. Ana wujuding rasaksa kang turu asesengguran, amung kinemulan klaras aking abebantal ing oyot oyodan.
“Sinten punika Pukulun, wujud diyu ingkang tilem kepati akekemul sarah? “ Sang Prabu tetanya.
“Ya sira iku!  Iku wujuding ragamu! “ Sang Kaneka Putra paring katrangan.
“Sanes Pukulun, kula menika awujud satriya, dede wujud rasaksa bekasakan! “ Bantah Sang Prabu.
“Miturut panganggepmu pancene mangkana. Nanging apa kang sira dulu saiki, iku sawijining bab kang nyata, ngger wayah ulun! Raga kang gumletak ing siti, kuwi nyata wewujudanmu!”
“Adhuh Pukulun, baya punapa ingkang sinandang ing titah paduka? Kawula keparanga miterang awit saking cubluk kuthunging manah, amargi kasepen ing tepa palupi”. Sangsaya perih rasa jroning driya Prabu Harjuna Sasrabahu kang nyawang sejatining wujud raga.
“Matura marang jeneng ulun, sepira cacahing rampadan kang wus sira dhahar, saka wiwit leking jabang bayi nganti tekan seprene?. Coba matura, pirang gantang banyu kang wus sira inum? Pira dawane panganggon kang wus sira agem, saka sira wujud jabang bayi nganti saprene. Pitakonku, mesti bisa kita jawab kanti gampang”.
Mireng pangandikane Hyang Kaneka. Prabu Harjuna Sasra  anjegreg datanpa mosik. Kancenthoking rasa, sabab lamun kagunggunga, tan ana kang keduga nyacah kehing kang wus sinandhangan. Anjejawab Sang Harjuna Sasra esmu kalingseman.
“Duh pukulun, kula mboten saged ngenget, temtumipun kathah cacahipun tanpa wilangan. Yen ta kagunggunga, kathahipun saged angungkuli cacah wewangunan lumbung ingkang wonten ing praja Maespati. Yen ta ginuggung kathahing toya ingkang sampun inginum, sadaya bengawan ing Nagari Maespati temtu mboten saged ngembari. Yen ta ginunggung kathaing sinjang ingkang sampun  kula angge, wiyaripun sampun kuwawa angemuli tlatah Nagari Maespati. Ooh pukulun, punapa wonten gandeng cenengipun kaliyan ingkang kula tindakaken?”
“Ingsun wus ngandika, yenta sira nggugat lumantar wenganing atimu, kuwi gugat kang amung lumantar angen- angening  pancaindriya.  Mestine sira ngarep arep lamun kabecikan kang winangun saka angen angen kuwi  bakal mikolehi ganjaran. Apa kang sira arep arep, tibake nora mikolehi, malah sira rumangsa siniya siya. Saiki pangangen-angenmu nggugat!.
“Lajeng punapa ingkang kedah kula lampahi dhuh Pukulun?”
“Rabuken rasa pangestimu marang panembah jati . Iku dadi tanda-tanda yen sira lumaku tumuju marang temuning kabagjan!”
Rumesep ing wardaya sabdaning Hyang Naradda. Kanti pangati ati Sri Harjuna Sasra matur minta pepadhang, karana maksih ana bab kang  rinasa suwala ing manah.
“Cahyaning kabagjan, kenging punapa paduka paring cecoban aceceda dumateng titah paduka Pukulun?”
“Babar pisan ulun ora nyeceda marang jeneng para, ulun tumemen! Mara tilingana, urip iki mapan ing rasa lan jumeneng ing singangsana atimu. Yen ta sira nandang sungkawa, urip nggepok rasa-pangrasamu. Kosok baline, yenta sira ngrasa gumbira, rasa-pangrasamu saya ngadohi. Mula nora luput ujaring sarjana sujaneng budi, lamun Jawata Agung tansah ginggang kalawan pawongan kang wuru jroning  kamulyan. Jeneng sira saiki lagi nandhang susah, lan sira nyatanye nyedak lan Jawata Agung, iya apa iya ngger?”
“Inggih leres pangandika paduka pukulun. Nanging ing pundi dunung sejatining  kabahagyan? Babar pisan titah paduka mboten rumaos begja”.
“Wong kang teguh acecekel waton mrang panembah jati, mesti  cimaket lan sesembahane ing saben wayah. Sapa kang anyaketi sesembahan, bakal cinaket lan kang sinembah. Sira jumangkah sapecak, sesembahanmu njangkah nyaket ing sira rong pecak. Iku kang sinebut kabagyan”.
“Menapa ingkang sinebat cahya wau?”
“Cahya iku kang ingaran pepadhang kang sejati. Sira bakal mangerteni ing tembe”.
“Punapa Sesembahan kawula kesdu mapan ing singangsana manah titah paduka, Pukulun?”
“Luwih saka kuwi, yen Sesembahanmu kesdu, sira malah bakal sinugraha ganjaran awujud wahyu!”
“Wahyu? Punapa malih ing kang sinebat wahyu? Sagluguting kolang kaling sarema pinara sasra, babar pisan kula mboten angen angen nampi wahyu kamulyaning jagad. Kula sampun tinilar dening sadaya ingkang kula tresnani”.
“Wahyu, ana kalane awujud pitutur sejati. Pitutur sejati kuwi kang nglantrarake sira marang asal mula-bukanira. Ing kana sira bakal nemoni kamulyan kang sejati, kang ingaran nirwana. Upadinen Wisnu, kang saiki wus oncat saka ragamu, sabab Wisnu iku kang awujud cahyaning ngaurip  kang wus manunggal kalawan Hyang Tunggal! Sira andarbeni sanjata sakti, titah ulun. Sira titah kang kalis ing saliring sanjata. Tan ana sawijingin sanjata kang tedas ing jajamu. Nanging yen ta sira tedas ing sawijning gegaman, iku tanda yekti lamun pawongan kang kedunungan sanjata iku wujud sejating Wisnu”.
Ilang musna Batara Naradda sajroning pangimpen. Pungun pungun wungu saking nendra Sang Sri. Dumeling ing talingan tan ana sajuga kang cicir sabdaning Sang Kaneka. Senajan pambaunging srenggala lan gedering samirana ngidid nempuh kekayon wana, tan keduga ngosik pituwas kang dumeling ing karna, kaya dene pepadhang obor sewu kang sumorot ing petenging laku. Tentrem sakala rasaning nala rumesep jroning driya. Nalika samana pepetoking ayam wana wus mangrurah ing tegal pagagan, trontong trontong sunaring surya anampek mega, martandhani wus wayah bangun enjang.
Kacarita nalika samana, Sang Rama Parasu wus ngambah ing Puraya-gung Nagari Maespati. Kuciwa tan kena kinira, sabab Prabu Harjuna Sasrabahu wus tilar nagari, jengkar saka praja tanpa pepoyan.
Dongeng punika, kapethik mentah saking Bahasa Indonesia, kaolah mawi bumbu sarwa Jawi, saking kitab Ramayana, anggitanipun Herman Pratikto

0 komentar:

Chat Box

Check Page Rank of your Web site pages instantly:

This page rank checking tool is powered by Page Rank Checker service